--===MARI BERBAGI===--

TENTREM SAKULAWARGA


Kinanthi

Aja pisan darbe kayun,
tan lambaran ati suci,
wit iku bakal rekasa,
ora wurung gawe rugi,
aneng ati ‘ra kepenak,
lawas nganti tekan mbenjing.
Dadine ketoyong toyung,
mentingke butuh pribadi,
iku cirine wong gesang,
kang adhakan gampang lali,
kena wae lara lapa,
nyambut gawe rina wengi.
Nanging aja grusa-grusu,
becike dipikir dhisik,
ditliti ditimbang-timbang,
uga taren iku mesthi,
tanggung jawab ora gampang,
ora ngawur waton wani.
Dumeh keranjingan butuh,
ora mawas murih becik,
iku merga ati prungsang,
lali tujuane nguni,
kang kanggo pathokan gesang,
tata tentrem lair batin.
Amung sepisan uripmu,
dadi lan gagal mung iki,
aja malah kanggo nekat,
nekata marang kang apik,
ora nekat mring kang ala,
iku pantes dipun udi.
Iki dudu amung umuk,
nanging kandha sung pepeling,
kandha ngudi mrih raharja,
laras penak lamun suci,
tentrem ing sakulawarga,
numusi maring nagari.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar