--===MARI BERBAGI===--

MACAPAT


Dhandhanggula
Surasane wasita jinarwi
Paring saking kang Maha Kuwasa
Jinereng jumbuh jamane
Dadi mulya sagung pra janmi
Rading pra Nata Praja
Keduga satuhu
Puhing tindak dursila
Lelangen mring Pancasila mrih utami
Garan mulyaning Bangsa.
Makna nasehat yang dimengerti
Pemberian dari Yang Maha Kuwasa
Disesuaikan dengan keadaan jamannya
Jadi mulia samua manusia
Seluruh dunia para pemimpin pemerintahan
Takterduga  sebenarnya
Segala prilaku yang melanggar aturan
Mencintai terhadap Pancasila supaya baik
Untuk kemulian bangsa.
Kudangane Gusti Maha Suci
Tumuju mring manungsa sanyata
Lan pra kadang sabangsane
Kahanan mrih rahayu
Dimen tentrem Praja punika
Praja Gung Indonesia
Pembangunan maju
Kanthi dhasar Pancasila
Lan Bhineka Tunggal Ika mrabawani
Kuncara ing Bawana.
Diharapkan Gusti Maha Suci
Menuju manusia yang nyata
Dan semua saudara segolongan
Keadaan supaya selamat
Biar tenang Negara ini
Negara yang besar Indonesia
Pembangunan maju
Dengan dasar Pancasila
Dan Bhineka Tunggal Ika dapat menyatukan
Terkenal di dunia.
Kuncarane Nagara punika
Nenggih Praja kita Indonesia
Merdika nut ing jamane
Memayu reh rahayu
Ngudi mulya lahir lan batin
Mamayu yu bawana
Budayane luhur
Azas dhasar Pancasila
Undhang Undhang Empat Lima hanjiwani
Mranata mrih minulya.
Terkenalnya negara itu
Yaitu negara kita Indonesia
Merdika menurut jamannya
Mengusahakan keselamatan dan kesejahteraan
Mencari kemuliyaan lahir dan batin
Mengusahakan keselamatan dunia
Kebudayaan luhur
Dengan azas dasar Pancasila
Undang-undang empat lima yang menjiwai
Menata supaya dimuliakan.
Kwajibane pra warga nagari
Warga Nagara trah Indonesia
Setyo rumeksa Prajane
Marsudi budi luhur
Ngudi marang ngelmu utami
Ningkatke katentreman
Bangsa mrih rahayu
Makarya memangun Praja
Mamrih bagya Mulyaning janma sakalir
Tansah eling waspada.
Kewajiban para warga negara
Warga negara keturunan Indonesia
Setiya menjaga negaranya
Berupaya dengan akal budi yang luhur
Mencari terhadap ilmu utama
Untuk meningkatkan ketentraman
Bangsa supaya selamat
Bekerja membangun Negara
Supaya beruntung dan bahagia semua manusia
Selalu ingat dan waspada.
TEMTREM SAKULAWARGA
Kinanthi
Aja pisan darbe kayun,
tan lambaran ati suci,
wit iku bakal rekasa,
ora wurung gawe rugi,
aneng ati ‘ra kepenak,
lawas nganti tekan mbenjing.
Dadine ketoyong toyung,
mentingke butuh pribadi,
iku cirine wong gesang,
kang adhakan gampang lali,
kena wae lara lapa,
nyambut gawe rina wengi.
Nanging aja grusa-grusu,
becike dipikir dhisik,
ditliti ditimbang-timbang,
uga taren iku mesthi,
tanggung jawab ora gampang,
ora ngawur waton wani.
Dumeh keranjingan butuh,
ora mawas murih becik,
iku merga ati prungsang,
lali tujuane nguni,
kang kanggo pathokan gesang,
tata tentrem lair batin.
Amung sepisan uripmu,
dadi lan gagal mung iki,
aja malah kanggo nekat,
nekata marang kang apik,
ora nekat mring kang ala,
iku pantes dipun udi.
Iki dudu amung umuk,
nanging kandha sung pepeling,
kandha ngudi mrih raharja,
laras penak lamun suci,
tentrem ing sakulawarga,
numusi maring nagari.
Warisan, Geguritan Macapat, karyane Suwardi,
weton Balai Pustaka, 1983.
AJA DEMEN UTANG
Wong kepingin turu sore kok ya angel temen, tinimbang nglamun sing ora-ora becike moco Buku Geguritan Macapat karyanipun Bapak Suwardi, lha…… sing tak woco kok ya pas temen karo lakon sing tau tak alami he..he..he.. malah kelingan taun-taun sing kepungkur.  E… MBOKMENAWA biso kanggo pangeling-eling tumrap awaku dewe lan sedulurku kabeh, menika wonten reriptan sekar Macapat sinawung ing Gambuh “Aja Dhemen Utang”.
GAMBUH
Mrih aja pijer mumbul,
kabeh sesanggan jrone uripmu,
butuhira den tliti angati-ati,
aja kongsi waton antuk,
utang banjur gampang tledhor.
Utang-utangan iku,
pakulinan kang banget angganggu,
katentreman jrone galih saben ari,
tansah goreh rasanipun,
marakakae awak loyo.
Upamane kebacut,
sing diarah aja nganti imbuh,
tan wurung ingkang nyaur sira pribadi,
iya lamun sira iku,
isih waras tan ketanggor.
Lamun pesthi pinundhut,
yuswanira wis wanci dipuput,
mati iku ora teges anglunasi,
utang nalika uripmu,
kang dadi gawan sing abot.
Wiwit iku wis kudu,
karo utang tansah nganggep mungsuh,
awit iku nguripi bangsa rentenir,
uripe padha den emut,
konomi ja nganti bobrok.
Kapethik saka buku Warisan, Geguritan Macapat, karyane Suwardi, weton Balai Pustaka, 1983.
GAWE PANGAN
PANGKUR
Bapak Tani udan-udan,
nanging datan duwe tyas wigih-wigih,
kadereng ndang bisa nandur,
ketungkul macul lemah,
nggarap sawah mrih bisa urip kang makmur,
anenandur palawija,
pala kesimpar lan pari.
Mangkono slami-laminya,
gesang lulut kalawan sawah tegil,
nggawekke pangan sedulur,
ingkang manggon na kutha,
dadi cagak adeging nagri kang baku,
apa ora jeneng mulya,
mring negara diajeni.
Ayem tentrem ora nggrangsang,
najan ana jaman nganeh-anehi,
mung siji kang dipun suwun,
panenan tansah ningkat,
sarap sawan ama kabeh padha sumyur,
iku kang tansah den mengsah,
kang ora bisa dibedhil.
Mula pamrentah sumadya,
kabutuhan rabuk alat lan wiji,
uga obat amanipun,
koprasi tani sisan,
kanggo njaga paceklik wus gawe lumbung,
gawe wadhuk agraria,
ben bisa ngoncori tegil.
Kapethik saka buku Warisan, Geguritan Macapat, karyane Suwardi, weton Balai Pustaka, 1983.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar