--===MARI BERBAGI===--

LAKU KANG PRAYOGA NUJU MARANG KASAMPURNAN


Yen bola-bali mung tansah nitis wae bali urip dadi manungsa maneh kang kasinungan urip bungan lan seneng, kanggo opa istingarohe, awit ana ing alam donya mono uripe ora suwe, lire ora suwe nganti bisa nyandak umur 1000 tahun. Dadi yen ta nganti ora nyumurupi jamaning pati, uripe tanpa guna.
Lakune pikire tuna dungkap ing jaman akerate bakal ora kopen, sekarate mesti bakal suwe, suwe marga kudu tansah nuruti kaperluane wae, lekasing patine ngrekasa lan katentremaning ati ora ana. Anane mung tansah bingung lan liwung sarta ora idep ing dalane, mula mengkono awit ora mikir marang beda-bedaning kahanan sarta nyingkur marang tataning agama.
Mangka kang kudu dienut iku agama kang luwih suci kang bisa nuceni Dzat lan sipat, ya sipat kang murah ing salawase. Mula ing reh iki kudu sing bisa mikul lan pikulane kudu sing satimbangan, aja ana layanane sing abot sisih. Ing saupamane krenah pangupayaning sandang lan pangan, dipinter ngembat bebarengan, ora kena ditinggal siji.
Yen ngebotake salah siji uga kena. Tumrap wong sing nengenake marang pangan, saben dina kudu nyambut gawe, murih bisane mangan wareg, awit pangan iku cagaking ngaurip. Mung wae uripe kudu mawa tekad amrip bisa kacukupan. Anyukupi jabo-jero. Dadi samangsa dibabar bisa katora ing kaluwihane, ngugemi budaya sing sejati.
Kanyatan mungguhing ngaurip iki titikane saka gebyaring sandangan, ing saenggon-enggon ora bakal ngisin-isini. Nanging kudu disumurupi pamrihe sing sejati. Aja nganti kadrem ing kaendahan wae sanajan mengkono kudu kaudi murih bisane kacekel, mung wae pangudine ora prelu saben dina kudu sing kalawan sabar lan telaten.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar