--===MARI BERBAGI===--

LAKSITA JATI


Mratelakake laku pangluguhaning raga supaya yen kita pralaya, badan kita wadag bisa nyawiji karo badan kita kang alus, kasebut badan ruhani utawa badan sukma.
Janjine bandan wadag lan alus iku ora kena pisah, sangkan parane nunggal kahanan jati, nanging wola-wali ing tembe badan wadag kuwi luluh sampurna ana sajrone badan alus kalimputan dening kayu dhaim, tegese, urip kang tetep dumunung ing kahanan kita pribadi, mula dipralambangi warangka manjing curiga (badan wadag dumunung sakjroning badan alus). Kala badan wadag isih dadi embane badan alus, pralambange curiga manjing warangka (badan alus isih dumunug ana sajroning badan wadag), mula banjur ana anda-andahaningbebasan mengkene :
Jasad embane budi, budi emabane napsu, napsu embane karsa, karsa embane sukma, sukma emabane rahsa, rahsa emabane cipto, cipto embane kawasa kawasa emabane wisesa.
Dene pangluluhe badan wadag mau klakon kudu ameper saliring hawa nafsu, sarta nglakonana budi rila, legawa, trima, temen, bener, susila lan utama. Opadene anyipto ajal antukna mengkene :
Jagad bumi alam kabeh sumusupa marang rahsa, rahsa sumusupa marang cahya, cahya sumusupa marang atma, atma sumusupa marang ingsun, ingsun jumeneng pribadi.

Liya kasebut ing duwur mau, sayogane ngaurip iku angina ciptasasmita kang metu saka tuwuhing budi, kang kabarengan karo undake umur. Dene tuwuhane budi kanggone ngaurip, bener salin sinalin, yaiku :
Tuwuhing pangeling, tuwuhing pamarsudi, tuwuhing derange karep, tuwuhing pangati-ati, tuwuhing bebuden, tuwuhing kasantosan, tuwuhing rumangsa, tuwuhing lereming ati, tuwuhing jatmika lan tuwuhing beak paeka.

Murih ajo nganti klakon mengkono, ora liyo mung kudu nyegah saliring hawa nafsu, sarta marsudi sampurnaning ilmu, ana wewarah mengkene :
1. Gede-gedene dosa ilku wong ulah ilmu makrifat kang mogul, awit saka iku during kabuki ing pambudi dadi ora weruh surasane.
2. Dene kang wis padang kuwasa nampani surasane ilmu kabeh, mesti nemu kamulyaning sangkan paran. Kasebut ing hadis sakjrone kitab insane kamil mengkene :
Sapa kang weruh ing pangerane, ya weruh ing badane, sapa weruh badane , ya weruh pangerane.
Tegese : Kang weruh ing pangeran, iku ya kang weruh ing surasane ilmu makrifat kabeh.
Tegese : Kang weruh marang badane, iku ya kang biasa weruh ing urip jiwa ragane dewe.


Tidak ada komentar:

Poskan Komentar