--===MARI BERBAGI===--

MERUHI KAWERUH


Mangertos punika salah satunggaling bab ingkang sesambetan kaliyan muluring pamikir, ingkang sakawit saged mangertos sebab saking mikir utawi mangertos sebab saking pangraos.
Sadaya kempaling pangertosan kala wau mujudaken undhuh-undhuhan saking sumereb, kasebat kaweruh. Punika amargi asalipun saking tumanduk ing weruh. Lha nyumerabi punika saged dipun tegesi nanggapi dhateng ebahing indriya, nabet saha mangertos dhateng tabet punika. Nampi ebahing indriya saged kanthi nginjen, mrisani, mireng, ngambet, ngraosaken, lan nggrayangi.
Amila ing blabaraning piwulang, panglantih sagedipun olah nalar lan guneman kanthi patitis [njlentrehaken punapa ingkang sampun dipun sumerabi], punika raket supeket sesambetanipun kaliyan piwulang nyumerabi kawontenanipun [pangrembuging] barang-barang, basa monceripun mungel Zaakonderwijs verbonden met spreek en verstands oefeningen.
Pikajenganing manungsa ingkang kasurung dening raos hambetahaken saha niyatipun kepingin mangertos punika ingkang dados dhasaring kaweruh. Saking daya pakartining pikir, kaweruh punika lajeng nuwuhaken pangertosan.
Tuwuhing pangertosan punika boten cekap namung saking ngapalaken utawi nirokaken isining buku utawi saking maos reriptan ing Pawartos Jawi upaminipun, lajeng njajal-njajal piyambak ngiras pantes nyinau neniteni lan nggagas-nggagas utawi nglimbang-nglimbang.
Ilmu iku kalakone kanthi laku, sadaya piwulang punika sagedipun tumanja kedah kanthi tumandang utawi nglampahi piyambak, boten cekap namung taberi ngemba-ngemba damel warna-warni pitakenan, nanging kedah purun nyobi madosi piyambak jawaban saking pitakenanipun kalawau.
Pancen pikiran punika ingkang saged nuntun kitanyinau kaweruh. Awit saking punika kaweruh lelandhesan barang mesthi, tegesipun wonten bukti mawujud nyata wontenipun lan saged dipun buktekaken kanthi limrah, pinanggih ing nalar saha encering pikir.
Ing kaweruh boten wonten bab ingkang winadi, sadaya kedah dipun dhasaraken barang ingkang mesthi. Pitados dhateng dhiri pribadi saha pikajengan ingkang sentosa, punika ingkang dipun betahaken kangge nyinau kaweruh, saking tataran ngira weruh, ngaku weruh, ngantos dumugi nyata weruh utawi temen weruh [badhe kapisah kababar ing wingking]. Sapunika badhe kula lajengaken malih anggen kula gendhu-gendhu rasa bab kaweruh, mliginipun kaweruh bab nalar.
Kaweruh bab nalar punika kaweruh ingkang madosi dhateng hukum-hukumipun pikir. Nalar gadhah kewajiban madosi dhateng cara utawi teknikipun mikir. Ing sabrang Kilenan kaweruh bab nalar punika dipun wastani logika, saking tembung logos ingkang ngemu teges piwulang kangge cara mikir ingkang mlesed, saha nyukani pitedhah supados boten mlesed.
Pramila logika ugi dipun wastani piwulang bab rasio utawi perbandingan, amargi logika saweg tumindak makarya manawi wonten tiyang mastani *anu* dipun gandheng kaliyan *anu* sanesipun, ngantos nuwuhaken pamanggih.
Supados pikir wau ketingal, pikir wau dipun wujudaken mawi tembung/ukara/basa. Logika lajeng ngonceki pamanggih wau lan ngudi dhateng ceplesipun pamanggih wau, tegesipun madosi zhang-zhanganipun, inggih punika gandhengipun si *anu* kaliyan pun *anu* sanesipun wau, cocog miturut nalar punapa boten.
Sanadyan zhang-zhanganipun utawi gandhengipun wau sampun miturut paramasastra, nanging isinipun ukara sok saged cocog lan sok ugi saged mlesed kaliyan kanyatanipun. Ingkang dipun wastani cocog manawi boten mlesed. Pamanggih ingkang mlesed punika kosokwangsul kaliyan pangertosan [upaminipun: pasagi-bunder], utawi boten laras malah congkrah kaliyan pengalaman sanyatanipun [upaminipun: geni-adhem].
Logika boten madosi kasunyatan awit punika sanes wajibipun. Madosi leres utawi ngudi dhateng sejatining bener punika dados tanggel-jawabipun Filsafat, sanes urusanipun Logika [ingkang mligi namung madosi bener tumrap bageyanipun], dados benten kaliyan Filsafat ingkang madosi bener tanpa wates, umum, mutlak.
Logika namung dados prabot kangge nitipriksa lampahing pikir ingkang leres. Tiyang saweg saged madosi kasunyatan utawi sejatining bener manawi anggenipun ngedalaken pamanggih wau boten nalisir saking nalar, inggih makaten punika ingkang dipun wastani lampahing pikir ingkang leres. Ngantos dumugi pundi pentog wohipun pikir, punika boten dados obyek wawasanipun logika.
Kados ingkang sampun kula serat lan kapacak ingPawartos Jawi mriki riptan asesirah Lung Tinampen, satunggaling pamanggih punika saged dipun wujudaken sarana ngaku utawi selak, ngantebaken/positif utawi ngorakaken/negatif, dados saged ya utawi ora, inggih punapa boten [manawi ngedalaken pamanggih mbokya aja karo ngeden].

Pamanggih punika rak namung keyakinan, ingkang tiyang sanes boten kedah sarujuk, “Lho, punika rak pamanggih panjenengan, manawi miturut kula boten makaten …”, sanadyan ta anggenipun ngedalaken pamanggihipun wau kanthi lelandhesan bukti-bukti ingkang kiyat.
Dados pamanggih punika namung mahyakaken *mbokmanawi*, sanes barang ingkang sampun tamtu kasunyatanipun [they express probabilities rather than certainties] lan taksih ngemu suraos *kinten-kinten* [they are subject to doubt].
Saben tiyang tamtu anggadhahi pengalaman ingkang dipun alami piyambak. Manawi tiyang kathah ugi nggadhahi pengalaman ingkang sami lan hasilipun inggih sami, lajeng pengalaman wau dipun wastani pengalaman obyektif, awit wonten cundhukipun antawisipun pengalaman subyektif lan obyektif ngantos tiyang saged ngertos-ingertosan, lajeng saged linton-lintonan pamanggih mawi dhasar nalar.
Nalar wau lajeng saged mbedakaken pundi ingkang cocog lan pundi ingkang mlesed. Wonten ing babagan kasusilan, tiyang saged mbedakaken pundi ingkang leres lan pundi ingkang klentu sarana nalar. Wonten ing pikir, tiyang saged mbedakaken nyata lan ora nyata, cocog lan mlesed. Kangge ngedalaken pamanggih, tiyang saged mastani manawi positif [ya/ngaku/ngantebaken]: godhonge ijo. Utawi manawi negatif/ora/selak/ngorakaken: godhonge ora ijo.
Wujudipun ingkang sanyatanipun [gagasanipun nyata utawi nyatanipun] pancen kados ingkang dipun tingali tiyang wau sanadyan cara nerangaken benten. Bentenipun manawi nerangaken sarana positif, punika genah nyata/konkrit, upaminipun: ijo. Cetha warnanipun setunggal inggih punika ijo, nanging saged ugi dipun terangaken manawi *ora ijo* punika saged nggadhahi teges warni-warni, waton boten ijem.
Manawi tiyang ngedalaken pamanggih, punika tamtu mawi dhasar keyakinan ingkang leres sampun kados makaten punika wontenipun, tegesipun tiyang wau nggadhahi kemanteban tumrap bab ingkang dipun pikir, dene pamanggih wau saged nggambaraken keyakinanipun.

Keyakinan wau saged ngengingi punapa satunggaling bab punika *saged kelampahan*, *boten saged kelampahan babarpisan*, *kedah kelampahan*, utawi *saged kelampahan dados saestu*.
Bab ingkang *kedah kalampahan*, punika tamtu ugi *saged kelampahan*, dados boten dipun endani lan *kedah kalampahan*, wonten ing salebetipun kawontenan ingkang kados punapa kemawon.
Kosokwangsulipun, bab ingkang *saged kelampahan dados saestu*, punika ugi tansah kadosa pundi kemawon punika *kedah kelampahan*, jalaran manawi boten, tamtunipun bab wau boten badhe kelampahan.
Bab ingkang *boten saged kelampahan babarpisan*, punika boten saged kelampahan kanthi kados punapa kemawon. Kosokwangsulipun, bab ingkang *saged kelampahan*, punika wonten warni-warni caranipun *kinten-kinten* saged kelampahan. Watesipun *kinten-kinten* wau celak kaliyan *kedah kelampahan*, nanging tamtunipun boten saged sami kaliyan *kedah kelampahan* wau.
Ingkang boten saged dipun kinten-kinten punika tansah *saged kelampahan*, nanging punika watesipun celak kaliyan *boten saged kelampahan babarpisan*, nanging ugi boten saged sami kaliyan *boten saged kelampahan babarpisan*. Manawi ingkang *saged kelampahan* punika *saged kelampahan dados saestu*, inggih lajeng dados *nyata*.
Punapa ingkang sampun nyata saestu, punika tansah kadosa pundi kemawon sampun kedah makaten. Manawi punika boten saged dipun tampi, sadaya ingkang nyata badhe ical sesambetanipun kaliyan ingkang rasional. Dados ingkang *kedah kelampahan* punika ugi nyata badhe dados nyata lan punika *kedah kalampahan*, wonten ing kawontenan ingkang kados punapa kemawon.
Kosokwangsulipun, ingkang sampun dados nyata, punika inggih *kedah kalampahan*, sanadyan gandhenganipun boten saged dipun tedhahaken [dipun ketingalaken]. Tiyang ngedalaken pamanggih ingkang limrah dipun dhasaraken mawi punapa ingkang ketingal ing mripat, upaminipun: godhonge ijo. Pamanggih wau mawi dipun yakini saestu kanthi tamtu. Tanpa keyakinan ingkang sentosa/pasti wau, tiyang boten saged mikir miturut nalar/logika.
Saged ugi pamanggih wau lajeng kasusul boten leres jalaran mripatipun goroh, nanging pamanggih wau lajeng saged dipun leresaken, dipun ewahi dados cocog. Nanging *caranipun* ngedalaken pamanggih boten lepat, awit sanadyan pancadriyanipun boten saged dipun pitados satus persen, nanging pamanggih ewa semanten tetep pitados dhateng keyakinanipun.
Punika amargi nalika ngedalaken pamanggih taksih pe-dhe bilih kawontenan wau inggih kados nalika dipun sumerebi/tingali, punika dados dhasaripun sedaya cara mikir [ingkang cundhuk kaliyan nalar]. Mawi dhasar punika satunggaling pamanggih saged ngengingi bab ingkang boten kedadosan utawi bab ingkang dereng kedadosan. Pamanggih kados makaten wau taksih nggadhahi teges *kinten-kinten*. Tumrap ingkang sampun *tamtu* punika ugi nggadhahi undha-usuk. Wonten *tamtu ingkang mesthi*, lan wonten *tamtu ingkang mesthi boten*. Upaminipun: *tamtu ingkang mesthi* bilih sebageyan punika langkung alit tinimbang kaliyan wetah [the whole should always be greater than any of its parts], punika minangka tuladha tamtu ingkang boten saged dienyang malih, liripun jawabanipun sampun gumathok. Punika saged damel conto manawi badhe ngrembag bentenipun punapa ingkang namung *pamanggih* lan punapa ingkang saged kawastanan *kaweruh *.
Dipunwastani kaweruh manawi barang ingkang saweg dipun pikir punika njalari kita mikir kanthi cara tartamtu, ingkang sampun boten saged dienyang malih. Anggen kita mikir madosi jawabanipun arahipun tumuju dhateng jawaban ingkang sami, boten wonten pilihan sanesipun malih. Mila jawabanipun boten saged dipun lebetaken dhateng ewoning pamanggih pribadi malih, amargi saben tiyang waras mesthi sarujuk utawi sami pamanggihipun bilih saperangan punika mesthi langkung alit tinimbang kaliyan ingkang taksih wetah.
Kosokwangsulipun, manawi kita taksih rumaos bebas anggen kita mikir madosi jawabanipun, punika taksih winates arupi pamanggih, dede kaweruh. Minangka tuladha: “Punapa tiyang Jawi remen dhahar gudheg?” *Temtu ingkang mesthi boten* bilih loro ping loro kuwi padha karo lima. Tamtu-tamtu kados nginggil wau ngengingi babagan ingkang abstrak lan tumrap barang-barang ingkang wujudipun sarana dipun sukani pangertosan/definisi, mila abstrak/boten nyata.
Benten kaliyan babagan ingkang konkrit/nyata. Wonten ingriku, sanadyan tamtu, nanging taksih wonten mlesedipun. Manawi wonten mendhung lelimengan, kula sanjang “Wah udan”, sanadyan kula saged lepat, nanging sekedhik sanget amargi limrahipun inggih jawah saestu, mesthi udane. Nanging sanadyan namung sakedhik, kula ugi saged mlesed, sareng wonten angin ageng, mendhungipun ical, boten saestu jawah … weee ngapusi mendhunge!
Nanging ugi wonten kawontenan ingkang tamtu kenging dipun temtokaken nyata saestu, upaminipun: sepur Taksaka mangkat saking Yogya tujuwanipun dhateng Jakarta, punika tamtu ingkang kenging dipuntemtokaken nyata saestu badhe dumugi Jakarta, awit umumipun badhe dumugi Jakarta.
Nanging ugi wonten malih kawontenan bilih katemtuan wau gumantung saking ingkang ngendika piyambak. Upaminipun kados conto kula ing ngajeng: “Wah hawane kok adhem biyanget”, kamangka ingkang dipun ajak wicantenan saweg kringeten gobyos.
Dados saged dipun tetepaken bilih wonten ing babagan konkrit/nyata, bab tamtu punika taksih saged dienyang, nanging wonten ing babagan ingkang abstrak/boten nyata, bab tamtu punika sampun boten saged dipun awis malih, fixed price, tamtu nggih tamtu, nanging, sepisan malih nanging … manawi sampun sami cocogipun ing bab definisinipun. Tegesipun, manawi pangertosanipun boten saged sami, wonten ing babagan abstrak wau ugi boten wonten tamtu ingkang satus persen tamtu.
Para sutresna Pawartos Jawi ingkang saweg rumagang ing damel, ingkang saweg suka parisuka sasampunipun pikantuk suka bebungah saking akathah, ingkang gesangipun nyawo glethak namung dalederan tansah dhahar tuwin nendra kewala, punapa dene ingkang namung lelambaran sumendhe dhateng kodrat, wewengan, wewarah, sasmita, lumantar acara-acara ritual, lan sapanunggalanipun.

Sampun njih, sapunika keparenga kula minca-mincu umik-umik ngungelaken aji-aji tan ana ajine:
Ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing tawang-towang, kalilanana ingriki Mastoni njegur mak byurrr, tumut ceciblon penak seger munyer-munyer mak serrrr, sinambi tetembangan hambarang jantur tuwin hambalang gondhang tutur, sanadyan namung badhe sinurak hambata rubuh kabalang tetembungan nonjok wadhuk nyogrok tenggak dening para *sutresna* budaya ingkang anggung memardi mardawaning budaya luhur, nanging pangandikanipun sarwa-sarwi jeleh-jeleh anjelalak sajak ngemu groyok boten wewah menthes lan maedahi punapa dene salaras kaliyan kayektosan mekar mungkaring jaman gagrag enggal, puput pepet pepunthoning nggalih lajeng boten ajrih ing tumindak worsuh ngidak-idak asmanipun asanes ing sangajengipun akathah, nama tiyang pancen sampun remuk rempu rasa retu panggraitanipun, bangsat keparat!
Murih boten sangsaya kapanjangan panglantur kula, prayoginipun kula lajengaken malih nyobi ngonceki bab Meruhi Kaweruh punika.
Nyata Weruh, Ngakoni Weruh, lan Ngira Weruh
Tataran Nyata Weruh
Wanci sonten kula saweg mlampah-mlampah. Sareng dumugi margi prapatan ingkang rame, kula sumerab wonten becak kaserempet truk gandheng, becak jempalik, penumpange wutah, tangise mutri Cina, sambate wedhus Jawa, gelasaran melas asih. Kaweruh kula ing inggil wau nama tuwuh saking temen weruh utawi saking nyata weruh, sarana manoni piyambak prastawa utawi kedadosanipun, dede saking tembung jare.
Kaweruhipun tiyang ingkang saking nyata weruh utawi temen weruh, punika kaweruh ingkang tuwuh saking panyrawungipun pancadriya kita dhateng jagad gumelar. Kaweruh ingkang asalipun kados mekaten punika, tiyang sinten kemawon manawi dipuntakeni jawabanipun mesthi sami, sauger tiyang wau taksih waras utawi boten gothang salah satunggaling pancadriyanipun, upaminipun: es punika asrep, sarem punika asin [yen duwe karep mbok aja isin-isin].
Tataran Ngaku Weruh
Tiyang jaman samangke sampun sami ngakeni bilih bumi punika bunder radi lonjong sakedhik. Kajawi punika, bumi punika ebah mubeng ngubengi porosipun, sarana makaten lajeng lumampah ngubengi surya. Dene pun sasangka lampahipun ngubengi bumi.
Kaweruh kados conto ing inggil punika nama kaweruh nyata, ingkang tuwuh saking ngaku weruh utawi ngakoni weruh awit kaweruh wau tuwuh saking muluring pamikir, tuwuh saking kamajenganing pamikiranipun manungsa.
Manawi pamikir kita boten mulur, inggih boten saged katuwuhan kaweruh makaten wau. Punika jalaran manawi kita namung lugu migunakaken pancadriya lan raos pangraos, cobi bumi punika manawi dipun sawang ngangge paningal, mrika-mrika rak ketingalipun radin kemawon, namung kados klasa memet dipun gelar, boten awangun bunder. Saya kok dipun cariyosaken bumi punika ngubengi surya, sangsaya boten mathuk awit ingkang genah miturut pangraosing manah kita surya ingkang ngubengi bumi.
Makaten manawi tiyang namung ngangge pirantos pancadriya lan raos pangraos. Nanging sareng tiyang pikiranipun saya majeng, dangu-dangu kraos, ngertos manawi bumi punika bunder, antawisipun dipun buktekaken kaliyan sinten niku sarana nitih baita ing seganten, angkatipun mangilen terus, jebul njedhulipun lha kok saking wetan. Ingriku tiyang tansaya kenceng anetepaken bilih bumi punika bunder.
Tuladha malih bab muluring pikir: Kita sadaya ngakeni manawi ing tembe kita mesthi pejah. Raos ngakeni makaten punika sayektosipun inggih tuwuh saking muluring pamikir, jalaran kita tansah manoni bilih sadaya ingkang asipat gesang punika ing tembe mesthi sami nemahi pejah. Wekasan saking muluring pamikir kita, kita lajeng wani netepaken bilih kita sadaya punika ugi badhe nemahi pejah sanadyan dereng sumerab benjang punapa.
Tataran Ngira Weruh
*Kaweruh* ingkang tuwuh saking ngira weruh makaten nyatanipun pancen ora weruh, dados sanes kaweruh [kangge nggampilaken anggen kita mbandhingaken lajeng kula dadosaken setunggal ingriki]. Nanging sanadyan nyatanipun ora weruh, sampun dados wataking manungsa, manawi dipun peksa-peksa purih weruh inggih saged, hla lajeng ngira-ngira.
Upami wonten pitakenan, “Bab lelampahanipun tiyang sasampunipun pejah punika kados pundi?” Punika pamanggihipun tiyang satus trekadhang inggih warni satus. Lah sayektosipun dipun punapak-punapakna tiyang boten sumerab. Mila manawi wonten ingkang kenceng netepaken pamanggihipun, saupami dipun suwun kapurih mbuktekaken saknyatanipun inggih glagapen. Dados agami punika sanes kaweruh, nanging punika pangandel/iman/faith, tiyang kantun ngandel kaliyan boten.
Tiyang badhe ngandel dhateng rembaging sanes punika ugi wonten saratipun: tiyang ingkang cariyos wau mitadosi, lan salajengipun angsal paseksen tiyang tiga sekawan gangsal cariyosipun sami, cocog kaliyan rembagipun tiyang sanes ingkang mitadosi wau.
Upami wonten tiyang cariyos bilih ing New York punika saben taun dhawah salju. Lha ingkang cariyos makaten boten tiyang setunggal kalih, prasasat kathah sanget, cariyosipun nggih sami, cocog boten beda-beda. Lah punika ugi kenging dipun pitados sanadyan punika taksih tembung jare. Saupami ing tembe saged tindhak dhateng Noo Yawk piyambak ing wanci musim asrep, kaweruhipun tiyang wau saged dados kasunyatan. Ing ngriki kaweruh wau lajeng ngancik saking tataran ngira weruh tumuju dhateng tataran nyata weruh. Sing maune mung jare, sapunika sampun saged mbuktekaken piyambak manawi ing Noo Yawk dhawah salju ing wanci musim asrep.
Makaten ugi kaweruh saking agami [saking ngira weruh], punika taksih gondar-gandir. Nanging saged ugi ngancik dhateng tataran ngaku weruh sarana muluring pamikir, lan saged ugi ngancik dhateng tataran nyata weruh. Ning inggih saged mbleduk tanpa kukuban. Upami wonten pitakenan kados ing ngajeng, “Swarga lan neraka punika punapa pancen wonten lan kados pundi?”
Pitakenan punika manawi badhe dipun jawab mawi wewaton tataran nyata weruh genah boten saged, jalaran tiyang ingkang badhe jawab wau tiyang gesang ingkang dereng nate pejah lan dereng nate ngalami utawi ngraosaken piyambak kados pundi swarga neraka punika..Yen wantun cariyos kados pundi lelampahanipun tiyang sasampunipun pejah lajeng manggen ing swarga utawi neraka, punika mesthi ngapusi, goroh.
Saged ugi dipun *buktekaken*, nanging kedah mangkat saking wewaton tataran ngakoni weruh utawi saking muluring pamikir, awit muluring pamikir punika ugi wonten ingkang dumugi kasunyatan. Nanging kedah prayitna paseksenipun, manawi sepen ing tandha saksi namanipun taksih wonten in tataran ngira weruh, dados namung kapitadosan.
Tuladha malih: Sukarjo ngakeni bapakipun punika pun Wakidjo. Pangakenipun Sukarjo punika sayektosipun sakawit mesthi namung ngira weruh, namung saking kapitadosan, awit dipun punapak-punapakna pun Surya mesthi boten utawi dereng sumerab bapakipun punika sinten, wong wiwit dereng mbrojol sampun dipun *bucal*. Sumerabipun Sukarjo punika saking ibunipun [utawi tiyang sanes] ingkang nyariyosaken bilih Wakidjo punika bapakipun, sarta saksinipun kuwawi, inggih punika tiyang-tiyang ingkang katranganipun sami, cocog. Sareng sasampunipun dipun padosi lan saged kepanggih, nyata leres bilih pun Wakidjo punika bapakipun. Lha ingriki kaweruhipun Sukarjo ingkang sewaunipun mangkat saking tataran ngira weruh, sapunika sampun saged ngancik dhateng tataran nyata weruh.
Dados *kaweruh* agami punika prayoginipun kita tampeni kanthi muluring pamikir rumiyin, salajengipun kita kedah nyinau gladhen piyambak, ngantos saged ngancik tataran nyata weruh. Kados pundi? nyuwun pangapunten awit kula piyambak dereng dumugi ingriku.
You know, legalism has never been my strong suit. I simply don’t see the difference in the goals of the various paths. Belief can bring comfort, that’s very true, at least comforting thoughts, although it can also bring other things.
Ing wasana, mugi lumintuning pudyastawa saking Gusti hambabar daya pangaribawa ingkang tumandhuk dhumateng kawula dasih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar