--===MARI BERBAGI===--

KIDUNG KUSUMAWICRITRA


KIDUNG KUSUMAWICRITRA
Ø  Kacarios ing jaman punika saestunipun sakawan, ingkang wiwitan nama jaman Kretayuga, Sang Hyang Premana ingkang dados witing agesang, punika wonteng pulunging galih, saweg tasih siniwi ing Swarga.
Ø  Kaping kalih jaman Tirtayuga, prenah ipun Sang Hyang Premana wonten samdyaning paningal. Kaping tiga jaman Dwaparayoga prenahipun Sang Hyang Premana wonten daging kalawan erah.
Ø  Kaping sekawan jaman Kaliyoga, Sang Hyang Premana manggia ing kulit lawan ulu puhung. Dene yen Jaman Kretayuga yuswa ning Sang Hyang Premana saketi taun.
Ø  Ing Jaman Tirtayuga punika gesangipun Sang Hyang Premana dumugi saleksa taun, Ing Jaman Dwaparayoga yuswa sewu taun langkung satus taun kalian satuh wulan.
Ø  Yen Jaman Kaliyoga punika yuswanipun enggal enggal, kados upaminipun gebyaring kilat wonten ing mendhung, Kala ing Jaman Kretayuga, wiwitipun ingkang dados perang putranipun pandita nama Dewi Nuruki.
Ø  Ing Jaman Tirtayoga, jalarananipun ingkang dados perang ageng nama Dewi Sinta, ing Jaman Dwaparayoga ingkang dados wiwitaning perang Drupadi, kocap putri linuwih.
Ø  Ing Jaman Kaliyoga kathah ingkang dados sababing perang ageng, inggih punika pawestri, siti, miwah rajabrana. Mila kaenget engetan. Sang Sujana sampun pijer olah arta, amrih dhateng tiyang estri.
Ø  Hong wilaheng sekaring bawana langgeng
Ø  Menawi dumugi ing jaman Kaliyoga, mboten wonten ingkang ngelangkungi tiyang sugih, boten kocap tiyang ingkang guna, ingkang prawira, utawi pandita putus, sadaya sami marek anembah dhateng tiyang sugih.
Ø  Ing jaman ngriku bangsaning Pendita sirna, lawan bangsaning ratu melarat kawelasasih, anak sampun purun di pitenah, para pandita sami ngelampahi dados nakoda.
Ø  Bumi tansah gonjing, jagad tansah dahuru, Ratu keringan arta tansah pinisungsungan ing tiyang sugih, sagung ingkang ulah padamelan sami nurut ingepahan, seganten mili dateng lepen.
Ø  Tiyang beber (darah) asor wangsul dados tiyang luhur, kamurkanipun tiyang saya anglangkungi, Sang Ratu kalumuhan dhateng sang Pandhita, mboten woten kang anglampahi panembah.
Ø  Kaliyan wedalanipun kaluhuran saking dipun saranani arta, karanten Sang Ratu kawisesa dhateng tiyang sugih, tiyang salah dados awet ing damel, tiyang leres dados ketiwar tiwar, awit saking melarat.
Ø  Tiyang murka sangsaya andadra dados angsal pengenan, tiyang sabar wekasane dados kirang paramarta, tiyang dursila durjana sami adamel cilakanipun tiyang sepuhipun.
Ø  Sang Ratu sasat suwita dating sang Pepatih, sagung ingkang andum sami milih, pratingkahipun sawenang wenang, ical berkating bumi, sami kasrakat, kadosto : oyod oyotan, gegodhongan, woh wohan sami tanpo guna.
Ø  Ingkang saged, ingkang kewasa, boteng angresepi ing jagad, bangsa Pandita, Satriya, Waisya miwah bangsa Sudra sami tunggal padamelan, karanten sajagat sami angaken saged, sami angegung aken diri, mboten wonten ingkang purun kasoran.
Ø  Tiyang ulah sastra tuwin ulah puja Samadhi boten wonteng ingkang anut ing pamardining Panditha, tanpa damel , sagung japamatra mboten wonten ingkang katarimah, adil khukum mboten anglabeti, temah dados durgama.
Ø  Sami rebah ing sekar cepaka, hangsoka, hangsana, candhana wungu, kenanga, surastri, nagasarai, sadaya witipun sirna sami winandungan, tinegoran, tinutuhan, kaparapalan erining pung secang lawan pilang.
Ø  Sakatahing peksi : merak, banyak, dhangdhang, bango sapanungalanipun sami lebur pinasangan pikat lajeng sinengkeran, ingkang suko bingah namung : segawon, babi, sami ing openan, panilala tinuwukan erah kalian daging.
Ø  Salebeting jaman Kaliyoga sakatahing tiyang sami langkung amurka, tansah tukar arebat kaluhuran, tiyang sajagat sampun mboten uningo dating sanak sadherek, mengsah ingkang sampun kathah cacatipun rinangkul minangka kanthi.
Ø  Wewalering Dewa tinarajang, sakatahing candhi rinisakaken, kabuyutan mboten wonten damelipun, sami sumun, sagung sami carios pepakem, kagunan, kasantikan, sami linebur dening tiyang bodho ingkang murka ing jagad.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar