--===MARI BERBAGI===--

RASAJATI


P U C U N G

136. Kaping pitu sumrap mring kang adi luhung
Sagung kaéndahan
Kang pinaringken Hyang Widi
Dèn resepna anèng teleng manahira
137. Tanem tuwuh sumrambah sato sadarum
Malih pra manusa
Miwah saisiné bumi
Kanthi wijang pinaringan kaluwihan
138. Kabèh iku wus kinanthèn mring Hyang Agung
Salir wewatekan
Wèh resep sawiji-wiji
Kawruhana ywa nganti kadamel ura
139. Lamun kamu nggatosken ingkang satuhu
Salir kanugrahan
Winiraos kraos èdi
Temah nala ening kadereng memuja
140. Gesang namung lumingsir jroning sapangu
Aywa tanpa tanja
Kélangan ingkang pangaji
Silar rasa, datan wruh rèhing Hyang Suksma
141. Gung pepacuh tinungkulna ingkang mungkul
Dimèn uningaa
Pangaosji mangénjali
Ywa rinisak wit adrenging hardanira
142. Déné manu minangka punjering suluh
Langkung kagunannya
Tinitah kanthi linuwih
Rasa budya tembung lampah éndah guna
143. Jagad agung muwus mulyaning Pukulun
Lamun dèn eningna
Kawuryan genging sih kang wi
Karya nala ayem tentrem srah sadrema
144. Raos wardu asung warti kusung-kusung
Swawi samya yitna
Kadarman tuking basuki
Datan liya Ingkang Akarya Bawana
145. Kang maujud sanggya kasunyatan misud
Luhuring Hyang Suksma
Gung sihé tansah ngopèni
Kapranata patitis ing sapangrèhnya
146. Pan aturut mring sadya karsèng Pukulun
Éndah tebanira
Nenuntun titah maniwi
Angabektya lir péndah sang muniwara
147. Gung sasangkul gesang madyèng alam satu
Tan ana manasya
Lamun maneseb astuti
Langkung adya Hyang Suksma manadukara
148. Lambak tuhu manjing manunggil Hyang Luhur
Temah angraosna
Ayem tentrem lawan èdi
Kasirnakna sanggya lapa jroning nala
149. Aywa klèntu mrawasa larasing kidung
Gitayèng bawana
Nyenyekar sagung harjanti
Lamun risak tan kena tinukar arta
150. Andon wuwus poma dèn udi kang alus
Éndah munggwing prana
Pinireng ngelam-elami
Amranani karya asreping angkara
151. Tembung saru ywa sami dipun geguru
Nyirnakken prabawa
Miwah pangajining dhiri
Damel camah rinèméh sarta winada
152. Béda lamun mrasudi lésan lir tatur
Nora mung rirangga
Nging yekti tumusing ati
Tutur èdi mijil king telenging rasa
153. Pan sadyèku nyingkirken manah kang rengu
Nyaketken nugraha
Tumanduk dhateng sesami
Kang mangkono upayanen aywa kemba
154. Kanthi tulus pikir dèn ulir kang lurus
Ywa ngantya sumimpang
Saking margining utami
Pinuntua murih wèh harjaning jana
155. Dèn talusur talesih memet tan kuwur
Ingkang sarwa adya
Miling dadi nering budi
Manah sotya sumingkir saking piala
156. Jroning samun becik manungku nenuwun
Kalis lelamunan
Ngrerantam kang mbilaèni
Pilangbara meleng maring rèh utama
157. Nering kalbu prenahna tan nganti kliru
Mikir kang prayoga
Pijinen barang kang èdi
Tumusira raras rerem jro wardaya
158. Among wantu marmané trep traping laku
Raras yèn rinasa
Éndah kalamun kaèksi
Samudaya badhé tansah nuju prana
159. Tindak-tanduk dèn udi supaya mathuk
Jumbuh myang kahanan
Sarwa-sarwi katon pèni
Kawistara titis lantip olah kridha
160. Aja tambuh waspadakna amrih weruh
Sabarang kang makna
Pilihen ingkang taliti
Singkirana apus kramaning panggodha
161. Budi sadu katitik sajroning laku
Patrap kang utama
Iku cihnaning pangerti
Piniliha mawèh harjanta nugraha
162. Bekti lulut ngarsaning Hu pan aturut
Uning mring karsanta
Tan mbadal sagung karsèki
Lega-lila kéntar nut ing sapangrèhNya
163. Yèn pinesu jiwa raga myang bebayu
Bisa dinayanan
Ing panguwaosing Bathari
Pinaringan aji jaya kawijayan
164. Kang dèn bujung sanès atosing bebalung
Miwah wuletira
Kulit daging amrih sekti
Paribasan tan tedhas lamun jinara
165. Bisa larut nyawiji kumepyur pulut
Kalayan Hyang Suksma
Tan ana ginggang samreki
Satindaknya namung nut ingkang pinancya
166. Tan kumrungsung kasesa dadya linangkung
mBebujung karosan
Nanging nyingkur Hyang Pramèsthi
Yèn mangkana sumimpang kesasar marga
167. Kang ginayuh jugar wigar nora tuwuh
Ura ngambra-ambra
Pangèsthiné salah dadi
Kawruh mentah datan éca dipun tedha
168. Kabèh iku pepacuh ingkang satuhu
Éman dèn tilarna
Milaur dipun prasudi
Dèn èstokna dadya darma kang utama

D U R M A

169. Apa baya wewarah kang kaping astha
Brataning wong nenepi
Laku angupaya
Mustikaning manuswa
Supados amunpangati
Ing samudaya
Ywa muspra tanpa werdi
170. Atetarak tan muhung ing kalairan
Cegah dhahar lan guling
Pasa lan aderma
Tlatèn maring agama
Nging ati tan dèn rawati
Pan nora tanja
Sami kadi tyang pingging
171. Sesongaran pamèr darbya kaluwihan
Kaya tan ana malih
Janma ingkang padha
Tandhing lan kabisannya
Angrèmèhken mring sesami
Dadi tan guna
Ngrasuk maring agami
172. Jangkepira manungku maring Jawata
Kathah kang dipun sirik
Nora rupa boga
Dudu pranata puja
Nanging sagung lampah sisip
Dipun tilarna
Puniku wèh hastuti
173. Nadyan rupak prananira dèn wiyarna
Nora cupet ing budi
Nututi candhala
Nurut hardaning hawa
Nerak sarak tanpa isin
Nir ing kayitnan
Nalisir nyimpang margi
174. Pepénginan makantar-kantar angrebda
Poma dèn kemudhèni
Pinekak ywa ndadra
Pinuntu kanthi lamba
Pepacuh myang wasitadi
Pakekenira
Pan nuntun laksitèki
175. Tindak mblasar atetawa kanikmatan
Tumrap kang tan udani
Tumama ing karsa
Temah kayungyun godha
Tan kuwagang anyingkiri
Trékah sulaya
Tundhoné dadya tuni
176. Siluk rumpil ngambah margi kaleresan
Sasat tan ana gampil
Satuhu ing budya
Sasmita dèn tilingna
Sinartan antebing pikir
Sirik piala
Sumenggah hardèng karsi
177. Kabèh ika kalakyan lamun dèn udya
Kanthi tlatèn taliti
Kineker jro nala
Kinemat ingecakna
Kaprasudi dipun gladhi
Kridhaning suksma
Karèh nut ing prayogi
178. Dèn gegulang pamardi ingkang utama
Datan pegat martapi
Dyan awrat sinangga
Dipun embat wardaya
Déné yèn wus dèn antepi
Dadya kuwawa
Daryana gung utami
179. Lamun léna nilaraken kaprayitnan
Lumuh macala kapti
Lali pariwara
Lelumban madyèngkara
Léngah enering paniwi
Lampah sulaya
Lalis datanpa werdi
180. Muja tapa atetarak durlaksana
Mungkurken sagung yogi
Meleng ing karsanta
Manekung pancadriya
Manunggil karsèng Hyang Widi
Mat kautaman
Mulung myang kang pinanci
181. Ingkang lagya ginadhuhan pangawasa
Nilarna watak dhiri
Milaur prasaja
Tan ngendhakken sasama
Nyingkiri tumindak sisip
Wisésanira
Nora kanggé ngakali
182. Tinahena salir pikir tan pakena
Miwah sir kang nalisir
Poma dèn cegaha
Ywa jinarken ngrembaka
Yèn kadhung amemalahi
Tan gampil mendha
Lir nyirep bagaspati
183. Pepénginan ngangah-angah ner kasugyan
Nyalad adrenging karsi
Tan ana warana
Nyenyingget krodhanira
Temah alepas kendhali
Binandhang tebya
Sir wangsul datan wani
184. Donya brana myang arta asring misésa
Ngrèh manu dados abdi
Lamun dèn turuta
mBebudhak sakarepnya
Ngicalken prayitnèng budi
Dadya kethaha
Lingsem tinilar sami
185. Wit hartaka asih darma waged musna
Tegel maring pepati
Pitenah deksura
Paéka masang kala
Wus tan ngéman sapadhèki
Uger panjangka
Kasil ginayuh yekti
186. Ya mangkana watak winengku kamurkan
Gegyan kang dèn ugemi
Tan sipat prawira
Lumuh wyataning dwija
Pepoyan kang dèn antepi
Langkung kuncara
Mimpang wang kawon janmi
187. Lamun donya dadya punjer atinira
Sinembah kadya Gusti
Wlasarsa pan muspra
Asih nora kadarbya
Tegel roganing sesami
Lampah daksiya
Nguber mulyaning dhiri
188. Datan lepat wasitaning Hyang Indriya
Paring tuduh mring janmi
Kacaryan hartana
Wewijining candhala
Damel risaking pamardi
Pan dadya ura
Jugar tatanirèki
189. Yèn ketaman branta ngempalaken brana
Wuru tetandho rukmi
Angles wit kasmaran
Kasulistyaning sandhangan
Supé myang leresing margi
Dadya kantaka
Lamun panggayuh tuni
190. Samubarang kaudi cekap samurwat
Dé pikantuk nglangkungi
Swawi tinampia
Nugrahaning Jawata
Loma lila mitulungi
Kang kacingkrangan
Ywa nyimpen manah cethil
191. Poma-poma aywa tilar kautaman
Nggegulang sasmitadi
Dohna kadurjanan
Temen rèh kaprawiran
Tinangsulan ing tyasrèki
Aywa dèn culna
Bundhelen kang permati
192. Aywa nyimpang dedalan maring pepadhang
Dyan ciyut sukar rumpil
Dipun tlatènana
Kinanthèn sabar drana
Supayantuk kang kaèsthi
Mrih tan kuciwa
Pinegat tan wruh margi

MEGATRUH

193. Marma iki kaping nawaning pepacuh
Mirid wedhar rasa jati
Mijil saking tyas manekung
Manungku ngarsaning Widi
Manjing manunggil Hyang Katong
194. Kang pangaji munggwing gesang kang satuhu
Macala suksma kaèsthi
Pinurih karuh myang tuduh
Mring punjering jasadrèki
Uninga jatining Manon
195. Aywa kongsi darbé nétra tan andulu
Tuk wijiling suksma jati
Sangkan paran nora weruh
Temah ical nering kapti
Lumaksana tanpa waton
196. Wasitadi wineca dwija rumuhun
Nélakna kahanan janmi
Kanthi tetanya lir tambuh
Wicalen titah kang ngèksi
Miwah kang gesang sayektos
197. Dèn wangsuli apatitis miwah jujur
Kahana ingkang sayekti
Tyang wuta kathah linangkung
Makaten ugi kang lalis
Klayan kang urip kinaot
198. Apan janmi nadyan melèk socanipun
Ananging boten udani
Aosing gesang satuhu
Asor prabawaning budi
Acecanuk nora tinon
199. Iku kadi pasemoné titah blilu
Ingkang suthik aningali
Ismayaning Hyang Ma Agung
Isin miyat urip jati
Ilang lumuyuting batos
200. Nenggih sami klayan jana karan layu
Nadyan tata wadhag urip
Nanging datan wikan ilmu
Nasar anggènnya lumaris
Nora béda kadya layon
201. Urip jati kudu kinanthènan kawruh
Uninga jatining urip
Upami lirwa binuru
Uwal king jejering janmi
Uwas tumraping lelakon
202. Kasmaran mring pepuntoning sanggya laku
Kadidéné tèsing warih
Kinempal myang asalipun
Kumeplas manjing jaladri
Kekalihnya luluh winor
203. Suksma kéntir ngenut jantraning Pukulun
Sumarah pasrah tan banggi
Sirna pepénginanipun
Sumuyut wetah sadyèki
Sumilak dugèng pangampon
204. Olah batin pan tilar sesuker sagung
Osiking tyas mung nyawiji
Manunggil klayan Hyang Agung
Memet rinasuk sesuci
Mrasudi puji kang twajoh
205. Neng samadi lelana lebeting anung
Nilarna rupeking pikir
Ning nering suksma sumusup
Nenungku niat mratapi
Nir sanggya sedya piawon
206. Tan angudi kuncara pamurih kasub
Tatasing puja siningid
Tinutup korining napsu
Trékah léngah dèn singkiri
Tulus numusi kang anon
207. Ngarsèng Widi dhéngah lampah sarwi katur
Tan wènten ingkang sinelip
Sagung prasida kadulu
Ginelar wijang katawis
Losna sadarum sumaos
208. Aywa nganti darbé raos wus linangkung
Nindakken kasucèn yekti
Kawentar buntasing kawruh
Lepat saking lampah sisip
Ngarsaning Hu andhap-asor
209. Gung prayogi kanthi manasya dhedheku
Rumaos dèrèng pinanggih
Sampurnaning tata-laku
Temah kadereng mrasudi
Minta apuraning Manon
210. Sembah bekti kinanthènan manah wutuh
Iswara cinepeng sami
Hastungkara ingkang mungkul
Wèh tentrem myang hasastani
Asmaralaya cinadhong
211. Dipun èsthi tresna asih mring sadarum
Lir tumrap diri pribadi
Samubarang dipun émut
Tinepakna sarirèki
Temah tumindak tan waton
212. Mring sesami nala kasengsem sung asih
Tan remen miruda janmi
Punapa malih nyenyaru
Akarya tabeting ati
Ywa damel asanès wirong
213. Lamun uning manuswa gesang tan patut
Bebasan pinanggang hagni
Nyanggi bebahaning laku
Dèn éklasna suka warih
Paring asrep mring kang ngorong
214. Winigati ingkang mbetahken pitulung
Sasagednya dèn jurungi
Wirya paring timbang nyuwun
Damel wikaraning kapti
Sung awanda myang kang éwoh
215. Yèn angèksi wakala kang lagi nempuh
Nora merem tan preduli
Nanging legawa misungsung
Pinurih awinda gingsir
Wèh wiryawan kang prihatos
216. Udani mring roga-yogi awrat lalun
Pan arsa asyah ngrerujit
Kanthi wikrama wèh lipur
Awicarita binangkit
Rahajeng linepat régoh
217. Nora sengit tumanduk tumrah kang klintu
Asih rumangkang jro kalbi
Lila ngaksama atulus
Seserik binuwang tebih
Winengku sucining batos
218. Manah drengki tan winales dimèn tatu
Nging binayar tindak becik
Winungkus pangaksama gung
Sinupèkna nadyan rungsit
Pan mesgul datan sumiwo
219. Dipun èsthi bisa kamot jroning kalbu
Gumelar kadya jaladri
Nadyan bengawan sadyèku
Lumintir mili ngebeki
Tan pisan-pisan arsa rob
220. Tanpa tepi nora jajag lebetipun
Momot sagunging prakawis
Sabarang kawrat tan mingkuh
Rinendhem madyaning warih
Nora nggresah datan kisroh
221. Ya kadyèki prana aywa gampil pugut
Mupus kalamun ngadhepi
Bebahan awrat linangkung
Lir langkap pinenthang tuni
Lepat tan ngéntasken gatos
222. Angadhepi manéka trékahing manu
Miwah wuwus kang nyakiti
Pamigunanipun satru
Pinggala pangucap rasmi
Dharana rinaswa kamot
223. Dèn tebihi watak mrahat péndah margu
Sereng-buteng lir tyang pingging
Dharaka sinantun puguh
Murcita ingkang pinanggih
Luhung matirta waspaos
224. Janma dhikih asring kathah godhanipun
Tilar rasikaning ati
Gung rusid minangka pangkur
Tan panggah megeng karsèki
Radyalpa ngengurung raos
225. Rismarini pinanggya anèng Pukulun
Tumrap kang maratuka Ji
Kanthi tlatèn dèn maraup
Pujinira ruma amrik
Dadya pangabekti yektos
226. Kadya rawi suka tuduh padhangipun
Narbuka dhedheting ratri
Sanggya rastala mataun
Trawaca tan ana kèri
Makaten tiyang ngabektos
227. Ganaresi ingkang ajumeneng ratu
Nggegurua pangrèh aji
Taksaka lit wisa manjur
Aywa sumelang tan dhaning
Lir tatur kumambang abyor

M A S K U M A M B A N G

228. Lhah puniki pawingkingipun pamardi
Kang kaping sadasa
Jangkep piwucal utami
Ywa nganti sinélakana
229. Pungun-pungun kalamun dèrèng udani
Kuwatos miwah was
Tanpa kumandel ing Widi
Nora wruh keplasing suksma
230. Titi wanci wangsul mring sangkanirèki
Mesthi bakal teka
Nora kena dèn sélaki
Poma tan miris ing nala
231. Yapwan janmi tan mawastu rèhing Gusti
Yekti dadya susah
Sang Mahasasa nyarangi
Yamani mahèr yitmanya
232. Lamun prapti titi wanci kang pinasthi
Kodheng jroning rahsa
Yojana tan uning sami
Awinda nering panjangka
233. Janma pingging talompé ngeningken gati
Kikising agesang
Tumrahing titah sadyèki
Temah nguja hardèng karsa
234. Gumarangsang kasukan dipun turuti
Mumpung maksih pana
Plethèking sang bagaspati
Tan nyaruwé yamaloka
235. Tan kayaa yatma madyèng jagad mangkin
Nyarwètèh lampahnya
Mahara anyakrawati
Puguh kasupèn Hyang Suksma
236. Yèn mangkana lirwa mring swarga sayekti
Mbebujung kadonyan
Lupa paraning dumadi
Kasasar tan manggih tarsa
237. Nanging janmi kang sengsem yogasamawi
Dharannya tumata
Mraharana manah suci
Sinung pangerti utama
238. Kanthi wijang wijiling tedah suyati
Yadya repah raga
Wijaya mangrèh hastuti
Rasmana karya raharja
239. Karuh maring sangkan paraning dumadi
Tinitah Hyang Suksma
Sumbering sadya darmadi
Loka paleremaning suksma
240. Lamun murcat tan tambuh paranirèki
Rusak raganira
Yitma méntar gya maniwi
Wangsul sangkaning yudana
241. Nora miris ywan Sang Widhitusdha nimbali
Cukup sangunira
Sinartanan darma bekti
Mituhu sanggya karsanta
242. Trusing ati widhwanta lila tinampi
Larakung linepat
Wit luding laris pinasthi
Wilapwa tinilar tebya
243. Sihing Widhi dadya wayira pangaji
Kenceng cinepengan
Pinangka wot ingkang dyapi
Tumuju lokabuwana
244. Dipun ening ngener lukikaning Gusti
Nyawiji sedyanta
Tan malang tumolèh margi
Nyapih sagunging angkara
245. Wus nyawiji manjing jro jatining waji
Uwal king walitya
Ngalindhih krenteg nalisir
Dumoh saking sanggya dama
246. Kanthi éling manunggil klayan Hyang Rawi
Suméndhé sadrema
Sumèlèh pasrah karsa-Ji
Cinadhang papan diwala
247. Janma bekti winengku wuyuting rati
Sinung panggraita
Landhep nilingken pamisik
Temah wruh mring pepancènnya
248. Pan patitis kamuksanira udani
Dyan nora jumawa
Rumaos darbé pangerti
Nging miling rèhing Jawata
249. Nora samar mring pepesthèn kang dumadi
Pepancèning suksma
Ingkang tinamtu ing nguni
Weruh titi mangsanira
250. Yèn wus dugi kikising gesang puniki
Wangsul mring sangkannya
Sang Widhitusdha nimbali
Ywa tidha-tidha nglenggana
251. Pan Hyang Widi badhé apeparing gati
Minangka pratandha
Kekeran pesthining janmi
Pinurih samya samekta
252. Nora kénging puguh mirong karsèng Gusti
Nyahak mring karsanta
Nguman-uman kang pinaring
Tan narimah wilasa-Nya
253. Luhung sami tiniling ingkang winisik
Temahan trawaca
Kala-mangsa kang pinasthi
Apan samya kawruhana
254. Yèn wus dugi titikan praptaning wanci
Swawi cumadhanga
Ywa manesel gesangrèki
Sampun cekap lampahira
255. Purnèng anggit wilapakalangyan werdi
Tujuning panjangka
Tan sanès amigunani
Janma kang munggwing rastala***

  
A S M A R A N D A N A

59. Tanggap raos jarwinèki
Bisa krasa lan rumangsa
Pangertos datan talompé
Mring jatinira pribadya
Miwah sapadha-padha
Sumrambah titah sadarum
Lan saisiné buwana
60. Aja sira kumawasis
Dyan wus tebih lampahira
Ngudi èlmi pangertiné
Awit isih ana liya
Kang mesthi ngungkulana
Lir wiyati èmperipun
Tanpa wangenan inggilnya
61. Wong umbag kang lumuh aris
Tansah rumangsa yèn bisa
Sabarang kardi ingembé
Nging datan bisa rumangsa
Mung samenir kawruhnya
Sesongaran sarwi umuk
Kaya-kaya mrantasana
62. Lamun tumanduk ing gati
Briga-brigi nora pana
Seserepanira kiyé
Kikuk-kidhung kang linakya
Nora sumbut gunemnya
Wusana jugar tan rampung
Wirang mungguh rinasakna
63. Wruhanta manah kang pingging
Rasa isin datan darbya
Mung tembung wah pangudiné
Dyan nora panggah ing karya
Parandéné jumawa
Tansah nggrangsang ciptanipun
Ngangah-angah kadya ditya
64. Jalma kang tanpa pangerti
Tan naker kabisanira
Adu wani piandelé
Datan tanggap maring rasa
Kang wèh wruh tatarannya
Nunjang-palang tindakipun
Numbuk-bentus nora tata
65. Mangkya jana sarjanadi
Mulat dhiri tan durgama
Ninggal sagung sembranané
Mulur sempulur pangrasa
Rasané sanggya rasa
Sinipat jejering kayun
Titis tetes temah tatas
66. Rèhing rasa dèn resepi
Nora samar werdining mar
Marmané binabar kiyé
Éndah èdi lir kartika
Rinimat ing Hyang Suksma
Mbabar waskithaning wiku
Wikan jatining priyangga
67. Waskitha jatining dhiri
Empan papan tumindaknya
Éling wewates ugeré
Nilingken sagung wewarah
Pituduh myang pranatan
Sirik cidra arsa unggul
Nir sedya ala rinipta
68. Rasa suka dèn watesi
Mekak hawa aywa ngrebda
Sesukan mung sakadaré
Gampang gumun siningkiran
Jer kabèh mung sandhangan
Datan langgeng wontenipun
Abyor sakedhap gya muspra
69. Lamun tan waskithèng kalbi
Rasanta gampil kagodha
Kayungyun ing kasukané
Temah lupa sarak tata
Angger-ugering gesang
Kapéncut myang kapiluyu
Éndah-èdining dursila
70. Tundhoné dumugèng lalis
Getun keduwung pan siya
Siku dhendha pinanggihé
Papa cintraka kalakya
Sinandhang ing jiwangga
Apan émut wus kebacut
Katrucut tekaning laya
71. Begja janma kang patitis
Ngrucat pepénginanira
Sirik nerak sarak siré
Tanggap lamun samudaya
Tan langgeng ing kahana
Sawatara pan wus kukut
Gung kasukan sakeplasan
72. Rasa dhuhkita myang branti
Aywa kalantur ginarba
Sedyanta marlupèng raté
Angur pinupus samadya
Jasad ywa nandhang roga
Tinalesan manah mulung
Ing pepesthèning Bathara
73. Mulata maring sasami
Sadarum titahing Indra
Ingaosana jejeré
Ywa nganti mawang sandhangan
Kang sipat kalairan
Nging dugèng jatining manu
Manuswa ingkang sanyata
74. Kathah-kathahing pamanggih
Pandulu sulap mring gebyar
Tata lair tetalesé
Ngajèni maring pepadha
Nora tumus jro nala
Kalenggahan bandha bandhu
Kang minangka takerannya
75. Sinten ingkang darbé aji
Yèku kang mompyor wiraga
Éndah èdi busanané
Dyan awewatak raseksa
Brukut linimput samya
Laksita pindha priyagung
Sangar mrabawa anggepnya
76. Kathah ingkang datan ngèksi
Jejer jatining manuswa
Mung kayungyun lelamisé
Sulap gebyar kang katartya
Temah klèntu nalarnya
Wong pengung malah ginunggung
Pinuji kadya brahmana
77. Balik janma sudra kaki
Asring datan pinétangna
Kanggep tan makna anané
Aja manèh ingaosan
Dèn paèlu pan nora
Pinanggya mbuwang pandulu
Sungkan lamun ningalana
78. Dyan suci atinirèki
Nging tan rinengga busana
Kadonyan drajat pangkaté
Sapa baya arsa nyapa
Wah malih anilingna
Mring tutur ingkang winuwus
Pinusus lésus pan muspra
79. Dé kang tanggap rasajati
Tan meleng mring barang makna
Kasilep tata lairé
Nanging nilingken pranyata
Reseping pariwara
Wewarah agung kalangkung
Nadyan winedhar ing sudra
80. Tan mawang janmanirèki
Nora nisihken sapadha
Nging ngaosi pamerdiné
Dyan mijil lathining ina
Lamun gwah ing wewarah
Tinilingaken satuhu
Dadya cecalaning lana
81. Ywa ngembé padhanirèki
Janma tan kena ingina
Tinitah nut pepancèné
Ajènana lir Hyang Suksma
Supayantuk nugraha
Tinebih manah adigung
Andhap-asor lembah nala
82. Raos asih myang premati
Sumrambah sagung tumitah
Rinumat mrih lestariné
Samukawis jro bawana
Wus patitis tinata
Pangwasané Hyang Ma Agung
Rumeksa kanthi samekta
83. Mula hèh titahing Widi
Aywa nuruti angkara
Mbujung senengira kiyé
Nging nglirwakaken pranata
Mung mburu rèh hardanta
Nilar waskithaning kalbu
Supé wisiking Hyang Suksma
84. Rasajati wèh pawerti
Myang sujanma kang rumangsa
Butuh wruh mring kajatiné
Murih tumanggap ing rasa
Rasanta mèt raharja
Raharjaning sanggya manu
Nurutana nering rasa
85. Neping rasa kang kaèsthi
Tan kabranang watak murka
Nora rongèh pangrasané
Anteng manekung jatmika
Temah tanggap sasmita
Dyan ringkih pinaring surup
Mungguh werdi kang utama
86. Sarpa kresna sekul gurih
Wreksa rekta pahit wohnya
Namung semanten gaduké
Lamun tan tebih tebanya
Ywa maoni kéwala
Pupus asem tibèng laku
Sinom jumangkahing lana

S I N O M

87. Patitising lakunira
Waskithèng lampahirèki
Samubarang pinikirna
Tan grusa-grusu sayekti
Tinimbang kang taliti
Tumindak tan kumawantun
Angger purun lan sagah
Tan wurung wekasan tuni
Mangka getun keduwung nora piguna
88. Lamun sira darbya sedya
Ywa kadereng hardanèki
Lumuh aglis kalakyanta
Lupa daksina myang paksi
Tan wruh jantraning margi
Ngangsa lir wataking diyu
Luhung ris linimbanga
Mirid kaoting tyasrèki
Jinumbuhna klawan sanggya kawikanta
89. Poma praya sabar drana
Antèr pamikir sayekti
Sélak kabrananging rana
Paribaya dèn adhepi
Kanthi sarèh premati
Tan mingkuh kèhing pakéwuh
Nyidhem mulading rudra
Waspaos sajroning kapti
Sanggya gati tinuntas kanthi waskitha
90. Lantip ngudhari ruhara
Nyimpang sawarnining sisip
Pramana milah prakara
Tan worsuh cinampur sami
Wijang jroning pambudi
Dèn lusi lir lawé kusut
Ingijir temah cetha
Gampil rampung kanthi rampit
Sanggya karya tan bingung mbebidhung nala
91. Miyat paékaning liyan
Nora kadereng ing kingkin
Lir mulat lèsing warastra
Waspaos graitèng budi
Tumindak ngati-ati
Ywa gampil pracayèng rungrum
Pranyana dèn landhepna
Dimèn trawaca ing gati
Temah titis luput saking sandi kala
92. Aywa ngrèmèhken sasama
Drajat semat donya arti
Kabisan wah kagunannya
Myang agal-alusing budi
Angèl yèn dèn jajagi
Sring nyolong pethèk sadarum
Luhung yèn dèn anggepa
Samukawis anglangkungi
Luwih begja tan kecélik ing panduga
93. Watak umbag sesongaran
Rumaos wasis nglangkungi
Angandelken kagunannya
Miwah jajaging pangerti
Tan ana kang madhani
Manèh lubèr bandha-bandhu
Wuwuh éring pangwasa
Digang adigung ing budi
Solah bawa pamurih ingalembana
94. Béda prabawèng satriya
Ngleluri darmaning aji
Mekak dhiri olah rasa
Primpen kawruh dèn simpeni
Siningid rasajati
Unggul tan kraos pinunjul
Ywa pamèr kabisannya
Andhap-asor trus ing ati
Sanggya gati tan sélak dipun rampungna
95. Pribadyèng satriya tama
Sirik mbujung pangastuti
Datan serik dipun ina
Bingah winada sesami
Tan susah dèn waoni
Adreng ngudi budi luhur
Asih maring sesama
Tan males manah kang sengit
Ngrucat donya meleng maring rèh sampurna
96. Lampah aris paramarta
Sarèh tumanduking sami
Datan sawiyah deksura
Ngrèmèhken titahing Widi
Nungkulken ingkang alit
Nanging ngajèni sadarum
Mimpang datan ngasorna
Pikolèh tan damel tuni
Dipun gega tan mawi dipun telukna
97. Lès aris rinengga basa
Tan karya runtik ing kapti
Raras pinireng ing karna
Tumus rumesep waradin
Mrak ati amranani
Tinilingken wèh tyasarju
Adhem trusing wardaya
Nyidhem brahala pan bangkit
Tumamanya karya basuki raharja
98. Kalamun dadya pangarsa
Pangandikan pan jinagi
Ywa gampil ngumbar kamurkan
Tembung ladak dèn singkiri
Tan wengis waton muni
Natoni manah sadarum
Andhahan jinemalan
Nanem wiji nabet ati
Becik lamun ririh araras nengsemna
99. Mring dasih suka tuladha
Tindak-tanduk sarwi manis
Titis pangangkah utama
Kinèn dinadya palupi
Tinulat pan mranani
Nora mung kakèhan wuwus
Ngegungken panguwasa
Salir préntah kudu dadi
Kumalungkung edir deksura daksiya
100. Pan kawula tindak lupa
Ingélingken kanthi aris
Bramantya dipun leremna
Poma aywa ngumbar hagni
Ngalad-alad ambesmi
Luhung wèh reseping tutur
Bebener tinuduhna
Pepèngeté sinartan sih
Tan akarya runtik jro tyasing pra amba
101. Kalamun dadya andhahan
Waged mapanaken dhiri
Weruh ing rèh myang pranatan
Tan trunyak-trunyuk nglingsemi
Nging manis amrak-ati
Kinasih maring priyagung
Setya dhateng bebahan
Marmané dèn pitadosi
Pinitaya tinresnan déning bendara
102. Tumindak kang nuju prana
Tulus dènnya anglampahi
Nora mung lamis kéwala
Sapawingking ngiwi-iwi
Batos ngrantam bilahi
Ngrerancang pakaryan slingkuh
Anganggit tembung dora
Kala jiret kang cinawis
Neniwasi kadya upasing taksaka
103. Poma sanggya pakaryanta
Tinalesan niat suci
Titis tetes ukaranta
Trus dugèng telenging kalbi
Kadereng sir kang resik
Jujur tinanem sempulur
Éklas lila legawa
Nggresula pan dèn tebihi
Wani ngampah pawekasan nemu bungah
104. Kasaénan tan pinétang
Potang tumraping sesami
Nging linampah kanthi bingah
Inganggep kadarman jati
Kang kudu dèn ugemi
Pangalem nora binuru
Karya saé sedyanta
Sumrambah dhateng sadyèki
Lenging nala tan liya mung paramarta
105. Watak lamis tinebihna
Sinanantunan burus yekti
Satuhu ingkang kawarna
Wardayanta pindha rukmi
Nora betah sengadi
Bebener ingkang binujung
Lir nuring sasadara
Jro peteng padhang nelahi
Suka tuduh tumrap kang nalisir marga
106. Katemenan dèn udiya
Pinracaya sagung janmi
Makarya tinales setya
Kajibah tamtu tinampi
Sanggèn tan dèn sélaki
Suthik cidra colong playu
Milaur tinombokna
Misungsung dhiri pribadi
Ya mangkono watak-wantuning satriya
107. Mangkono werdi sanyata
Patitising lampahrèki
Nyingkirken sagung ruhara
Kang damel dhuhkitèng kalbi
Sirna dhedheting ratri
Gantya pepajar winantu
Rumantya ri pirena
Karenan rahajeng nuli
Sanggya lapa siningkur tinilar samya

P A N G K U R

108. Wewarah kang kaping satnya
Tumrap trap-treping lampah puniki
Sarèh samadya pan kudu
Dadya pandoming rasa
Sumarambah olah pikir, tembung, laku
Murih kasampurnanira
Poma samya dipun udi
109. Lamun ngadhepi prakara
Nirlupa kabidhung adrenging karsi
Linimbang-limbang satuhu
Pinikir ingkang prenah
Tundhonipun anteng-antèr kanthi mungkul
Mring panuntuné Hyang Suksma
Ngéntasken sagunging karti
110. Rasa sarèh sirik serah
Dhéngah karya dèn tuntas kanthi rampit
Tan aglis mupus pan lampus
Nging wantun mrantasana
Sinartanan sabar titi tan kasusu
Wijang rantasing ubaya
Kapengkok tan mbalénjani
111. Tan gampil semplah myang wegah
Sungkan kesèd luhung tinilar sami
Sanggya reruweting laku
Dèn dhepi kanthi bingah
Nukulaken rasa sreg sajroning kalbu
Dadya daya kang santosa
Piguna temah ngrampungi
112. Pamikir aywa dèn peksa
Anglangkungi murwating nalarèki
Kamot kinemat pan saguh
Momot sagung ruhara
Pangrantamé salir pakéwuh tan mingkuh
Kanthi sarèh dipun sangga
Ènthèng jro nalar lan budi
113. Lamun kamu ngangsa-angsa
Kuyang nggènnya gupuh nggayuh pradani
Nguntar-untar hardanipun
Nanging ingkang jinangka
Nora netes kang pinanggih namung lempung
Kacaryan datan kaduman
Wasna kuciwa hudmani
114. Nora waspadèng wisata
Datan mulur agé-agé mrepegi
Dhawah wisayaning satru
Jiniret tanpa daya
Gung prayogi manah sarèh dipun émut
Wikan dhumateng wasyasat
Wismaya mamrih basuki
115. Pamikir ingkang kabranang
Sring akarya pikurihaning sami
Luhung pakeken kang agung
Sesumber king Hyang Suksma
Cinepengan kanthi kenceng jroning kalbu
Nenuntun gesang pakena
Nugraha mangrèh hastuti
116. Tembung sarèh dèn kekuca
Aywa kongsi nengenken waton muni
Tan karya tabeting tatu
Manjing tumrah gung jalma
Dèn upaya ukara marganing sarju
Sirna sedyaning sulaya
Pan ayem tentrem piniji
117. Dyan pinitenah ing liyan
Nora males sagung piawon sami
Tinampi éklas tan rengu
Sak serik kang akarya
Pinujèkna dimèn tebih king bebendu
Uning maring kaleresan
Tuk pitedahing Hyang Widi
118. Tembung cidra siningkiran
Ukaranta pepisuh dipun sirik
Kang temen miwah kang burus
Tumus dugèng wardaya
Pangèsthinya bebener ingkang tinuju
Sanggya prasida tinampa
Kanthi puja pangastuti
119. Laku sarèh tan gegabah
Gegondhélan mring gegyan wasitadi
Gibanta tinrap kang patut
Mirid rèhing Sampurna
Histanira sumingkir saking bebendu
Nging karya harjaning jalma
Mrabawa hayuning bumi
120. Ywa macangkrama piala
Sagung laku tinebih saking tapi
Sannya muhung tujèng luhur
Angudi kasaénan
Sabar sarèh kang lepat pinaring ampun
Tinuntun mring kaleresan
Raras sadarum kaèsthi
121. Lumaris pan sarwi mapan
Nora waton sumanggem dèn antepi
Cepet kalakyan binujung
Tilar waspadèng gata
Pikolèhé datan sanès raos getun
Luhung tinata sedyanta
Pinethik amigunani
122. Ngraosna sagunging rasa
Mung kéwala samadya angresepi
Rasanta aywa kaladuk
Yèn bungah ngélingana
Kasusahan pan asring dugi nyenyaru
Mangkono menawa béla
Émut gambiraning ati
123. Senenga mring samubarang
Waspadakna aywa sengsem kepati
Supaya tan nganti wuru
Nilarken kaprayitnan
Damel lupa mring kautaman sadyèku
Kapéncut nora rinasa
Kalépyan ugi tan risi
124. Déné kosok-wangsulira
Lamun sengit gethingnya dèn watesi
Tan ngigit-igit linangkung
Mrih tan niksa wardaya
Pan mangsané mbutuhken tan wirang sinu
Wolak-waliking gitaya
Binenci pan dèn kangeni
125. Olah pikir pan samadya
Tan pineksa lwih abot dèn momoti
Wèh saharsa kang satuhu
Sinèlèhna yèn awrat
mBaka sithik wijang-wijang dipun rampung
Angkaten ingkang kuwawa
Temah wèt gesang puniki
126. Andon gita kang pasaja
Nora medhar kandha datanpa werdi
Pinurih emating tembung
Piguna pinitaya
Pangastawa ingucapna ingkang cukup
Tan perlu linangkungana
Kanyatan ingkang dèn udi
127. Srengena ingkang marlupa
Datan nilar tata parama becik
Sinuprih kang laku kliru
Wangsul jatining marga
Aywa nyimpen panas-branan jroning kalbu
Tembung péling mung samadya
Kliwatan aneniwasi
128. Déné tindak apracura
Puruhita nuladha satriyadi
Samadya nora kaburu
Nanging tan ngénak-énak
Dèn jumbuhna kalawan apa kang perlu
Ngangsa datan anguntungna
Tan cukat tinilar kèri
129. Tingkah-lampah sakadarnya
Tinarbuka ngaksama ingkang sisip
Émut mring ringkihing manu
Amung titah walaka
Lamun supé waged lumaksita klèntu
Dyan lepat tan kanggep lumrah
Waskitha amawas dhiri
130. Watak pamèr sumimpanga
Nora mongkog mring éraming sesami
Kasugyan datan lestantun
Kabisan arsa muspra
Panguwasa namung sawatawis taun
Tan wènten ingkang abadya
Poma ywa umbag sayekti
131. Kumèrèn asoring rasa
Mélik unggul pinunjul king sadyèki
Lamun nyenyalad ing kayun
Kadya anelahana
Sambartaka sumirat senen kekuwung
Nanging sadaya tan makna
Sakedhap pan musna sami
132. Langkung prayogi samadya
Lenging prana tumindak mrih basuki
Lila legawa winantu
Lumingsir saking hawa
Lamlam nala lumuyut sagunging napsu
Lembita lampah utama
Linumat jroning pambudi
133. Poma pacah tinuruta
Pacalané kanthi meneping ati
Pranawa nulya maujud
Prayitna ing satitah
Paran-paran parama tyasih tinuju
Parma kang bakal kadarbya
Pacondhang pan dèn tebihi
134. Ruruhing rasa respatya
Rerangkèné raras rinasuk ririh
Rurah rusra pan riningkus
Riris rumesep ing rah
Rorotunggil rinakit dinadya ramu
Rerenggané rasararja
Rerem rumaket retnani
135. Kasengsem luhuring budya
Kang karantan tangèh lamun mumpuni
Karirangga pénginipun
Karuh mring kang kretarta
Kadayané dèn udi kang nganti putus
Katunan pan sumingkira
Kawarna pucung puniki

WEWARAHING KYAI RASAJATI
P U R W A K A

Wewarah ingkang kaanggit punika mujudaken pepacuh menggah jatining agesang. Ing pangajab, sageda dados piwucal ingkang migunani tumrap anak-putu, sumrambah dhateng sok sintena ingkang kepingin memetri pitedahing para leluhur. Menawi katindakaken, istingarah gesang punika anggadhahi wewaton lan paugeran ingkang tumuju dhumateng kayuwanan.
Jlèntrèhing wewarah rinumpaka ing Sekar Macapat. Déné uruting pupuh boten miturut tataran, namung awewaton krenteg saha sreging manah. Kirang gaduking pangertosan menggahing basa lan budaya Jawi, mahanani kithal saha kirang runtuting ukara.
Mugi wonten pigunanipun.
Kaanggit ing Jakarta
Pungkasaning taun 1995
Rasajati

M I J I L

1. Mijil saking jro telenging kalbi
Rasajati ingong
Nilar rupeking buwana ramé
Miyak rudatin lebeting batin
Wineca king gaib
Ngudhar wangsityèku
2. Hangga aking nilingken Hyang Widi
Krasa lamun bodho
Jibeg bebeg ati kang mangkéné
Nanging paksa mèt kapti kang hening
Murih waged nampi
Lumunturing wahyu
3. Rasajati ngulir sagung budi
Datan kena mopo
Pan manungsa pinasti ing tembé
Lamun datan luwèh ing pamisik
Wedharing pangerti
Gumragèh ginayuh
4. Kayektèn ginelar Rasajati
Tan samar ing batos
Lumintir kadi tumètèsing wé
Paring wuruk mring kang ngorong nampi
Kadya kang jinarwi
Dhandhanggendhis nèku

DHANDHANGGULA

5. Kawignyané wong urip puniki
Yèn datan wruh sapuluh prakara
Nistha kuciwa dadiné
Dhihin karem ing ngèlmu
Kaping kalih bisa njinarwi
Ping tiga bisa maca
Mring lampahing kayun
Catur tanggap maring rasa
Panca laku kang aris lawan patitis
Sat sarèh lan samadya
6. Sapta tuhu uning mangénjali
Astha brata tarak durlaksana
Tebih saking lampah séjé
Dé kaping nawanipun
Olah suksma bekti mring Gusti
Asih maring sasama
Kamot jroning kalbu
Dasa pasrah myang sumarah
Pepesthèné ingkang pinanci Hyang Widhi
Patitis ing kamuksan
7. Mangkya kiyé babaring pamardi
Kang jinarwa nut gaduking nala
Ngèsthi ana pigunané
Karem ngèlmu puniku
Ibaraté sangsam kang salit
Ngupaya toya gesang
Datan kendhatipun
Dyan kudu minggaha arda
Tumuruna mring jurang paparang curi
Tetep dipun upaya
8. Ngèlmu iku ngemot rong prakawis
Datan kena pinisah-pisaha
Saking siji lan sijiné
Pratama nami ilmu
Kanthi jarwa sarwi pangerti
Mring sagung kasunyatan
Sempuluring umur
Minangka sanguning lana
Lelananing wong urip ing alam mangkin
Ywa nganti tan jinangka
9. Nadyan akèh wong mastani pingging
Kanthi ilmu èsem kang katartya
Nora gampang kabrangasé
Dé darbya sangu cukup
Kanggé olah lakuning dhiri
Isarating agesang
Datan badhé wurung
Pan ginayuh samangsanya
Dèn butuhken nora bakal nguciwani
Temah ayem ing driya
10. Boten namung kasunyatan èlmi
Nanging nenggih wruh jatining sila
Trapsilaning titah dhaté
Ngerti tataning laku
Lelakoné kang sarwi perti
Permati datan gampang
Kapéncut ing semu
Giri-godha mawa wisa
Wisunané wasana ambabar tuni
Keduwung nora guna
11. Yekti sanggya tumitah sadyèki
Pinaringan warah kang utama
Endi bener lan luputé
Ing salebeting kalbu
Temah bisa sinaring sami
Tan meleng mring kang ala
Miling myang kang luhur
Leluhuring bebudènnya
Dèn leluri temahan manggih basuki
Ngerti nering Hyang Suksma
12. Bebener kang sirik tindak juti
Hyang Ma Agung wus amaringana
Ya ing lathinira kiyé
Tan cukup mung ingemut
Nanging swawi dèn udanèni
Supaya tinuturna
Mring kang tindak luput
Ywa ajrih sung pariwara
Wiwarané bebener wiwit ing nguni
Nulad maring Hyang Suksma
13. Kawruh mungguh bab bebener ugi
Rinaketken jroning angganira
Supaya glis kalairé
Mung muni nora cukup
Lamun datan bisa nglampahi
Ywa kongsi kadya ditya
Tan wruh rasa saru
Surasané sarak rasa
Datan nganggo rinasa-rasa kaèsthi
Pan dadi kadhodhoran
14. Pan lakunira sadarum iki
Hyang Suksma mesthi datan kèweran
Ana ing ngendi jluntrungé
Kang iku sembah kalbu
Nenalesi kèhing semèdi
Wutuhing pancadriya
Geleng gilig sèstu
Mung meleng lenging Hanindha
Sagung karya pinisungsung mring Hyang Widi
Mrih mulyaning asmaNya
15. Kapindhoné kang winastan ngèlmi
Iku nyakep trap ing lakunira
Tan mandheg ing pangertosé
Kanthi ilmu karuhun
Jalma kudu bisa métani
Endi laku kang nistha
Miwah kang tan patut
Siningkirana sadaya
Kang piniji prakara kang bener kaki
Trep traping rèh sampurna
16. Lamun sira, wruh jatining hagni
Awewatak panas lir baskara
Iya mangkono wujudé
Yèn dèn gunakken cukup
Kagunané pan munpangati
Lamun kaladuk ndadra
Mrabawani layu
Ya mangkono ilmunira
Ingecakna jumbuh klawan butuhrèki
Empan papan samadya
17. Ngèlmu bener pepindhané rukmi
Yèn binesot ngungkuli salaka
Saya katon prabawané
Déné cak-cakanipun
Sineksènan sagung sujalmi
Dadi tepa tuladha
Ing salampahipun
Dyan tan golèk pangastawa
Prastawané sumunar-sunar madhangi
Tumus harjaning janma
18. Ilmu uga nyakup kang puniki
Uninga sangkan-paraning jalma
Tan liya mung Pangérané
Kang iku mung mituhu
Sembah raga suksma myang ati
Kanthi srah lan sumarah
Sembah sujudipun
Datan nyingkur pangwasa-Nya
Kanthi setya ngabekti kang Maha Suci
Kang ngruwat dosanira
19. Pan tumanduk winedhar sadyèki
Tresna-asih gung sapadha-padha
Tan mbédakaken jejeré
Dyan janma sudra pilu
Ingaosan jatining dhiri
Ywa tiningalan ina
Kawontenanipun
Awit ing ngarsèng Hyang Murba
Sagung titah kalenggahanira sami
Minangka citraning Hyang
20. Lamun sira nggatosken kang alit
Akekucah tetulung myang welas
Teges bekti mring Gustiné
Wit Pangéran Ma Agung
Ngéjawantah manuswa tuni
Marepegi andika
nDadar bektinipun
Ingkang lulus tresnanira
Pinaringan wewengan kaswargan jati
Pan uripé tan siya
21. Ngèlmu sangkan paraning dumadi
Cihnanira wruhanta kang tata
Nembah budi lan batiné
Tan tambuh kang tinuju
Amung Gusti Kang Murbèng Bumi
Ilang sumlanging rasa
Wus lebur satuhu
Pepesthèné wus katata
Pecat raga bali mring Kang Maha Suci
Tan kena sumelanga
22. Ya mangkono udharing kang ngèlmi
Dadya dilah pepadhanging rasa
Rasanta nggayuh banjuré
Sang Rasajati muwus
Mbabar nalar kanggo njarwani
Ngèlmu ingkang jinarwa
Iku tegesipun
Nora mung manjing pribadya
Nanging uga tinular tumrap sasami
Kinanthi kautaman

K I N A N T H I

23. Ngèlmi jinarwi puniku
Sasarengan olah kardi
Pakaryaning bangsa makna
Maknané dipun udhari
Tinandur thukul ngrembaka
Tundhoné dadya basuki
24. Piguna padhanirèku
Lamun dèn tuturna kaki
Winulangken gung sujalma
Panjalmaning Suksma Jati
Kang tinitah dadya duta
Dinuta lampah tetèki
25. Wedharing ngèlmu satuhu
Sinartan meneping ati
Tinutur kanthi tuladha
Waskitha wisiking gaib
Dadi paran pitakonan
Wèh resep mring sapadhèki
26. Nadyan tan rumangsa unggul
Ngungkuli kèhing sesami
Nanging marga olah rasa
Rasajati wèh pawerti
Rasanta antuk nugraha
Nugrahanirèng Hyang Widi
27. Mbabar pangerti puniku
Tan kanthi durgamèng dhiri
Mung mirid wisiking suksma
Suksmané menep ing sepi
Tan nyahak mring kang Ma Kwasa
Nilingken karsaning Widi
28. Nora namung manut umur
Nanging meneping tyasrèki
Nebihi hardaning hawa
Tundhoné waskithèng gati
Pinareng sihing Bathara
Mulat kang sinengker sami
29. Nanging lamun tansah ngugung
Pepénginan daging kaki
Tyas tinutup ing ruhara
Tan wruh pituduh sayekti
Apa manèh mbabar jarwa
Mokal kalamun kuwawi
30. Rasajati legeg lamun
Ciptané pan dèn udhari
Yekti tebih wangenira
Mbabar sengkeraning Widi
Rumasa yèn tan gaduka
Prandéné mosik ing ati
31. Wisiking Hyang marang ulun
Tan padha ciptanirèki
Klawan ciptaning-Sun iya
Lir bumi kalawan langit
Kadya kulon klawan wétan
Mokal kalamun pinanggih
32. Nanging Rasajati luhung
Sira tumungkul ing bumi
Ywa alit ing manahira
Mara Sun paring pangerti
Wacanen Kitab Waluya
Bakal ntuk ngèlmu jinarwi
33. Mula dhuh sasaminingsun
Jarwané ngèlmu sayekti
Mung pinanggya anèng sabda
Sabdané Kang Maha Suci
Pan iku tinlatènana
Supayantuk werdi jati
34. Lumintir lir tèsing ranu
Lumintu tan kendhat yekti
Madya lelananing rasa
Rumesep asepé nuli
Gya winedhar jroning nala
Dadya wruh dununging kikis
35. Aywa kendhat dipun luru
Nenuwun ing siyang-ratri
Pinaringan kasagedan
nJinarwa karsèng Hyang Widi
Dyan sapangu gesangira
Piguna harjaning jalmi
36. Rasajati gya tumungkul
Rumangsa mlarating budi
Krenteg nggenturken tapanya
Dyan émut ringkihing dhiri
Pangajab mbirat papanya
Nggambuh nugrahaning Widi

G A M B U H

37. Maca lampahing kayun
Aywa namung kayungyun ing tembung
Tembung manis tan mesthi tumusing ati
Tanggap sasmitaning semu
Pan ngerti sajroning batos
38. Tan samar ing sasamun
Nadyanta tan kalair ing wuwus
Wasis mawas sabarang kahanan jati
Waskithèng wataking diyu
Sumirih miwah waspaos
39. Yèn kalépyan ing kalbu
Datan awas waspadèng pandulu
Bisa klèru kalimput ing alam lungit
Lelakoné dadi buntu
Katilar larasing raos
40. Ing madyaning sasrawung
Kudu tanggap ilapating semu
Pasemoné prakara ingkang siningid
Dyan tan makna ing pandulu
Dineleng telenging batos
41. Wong kang tumindak luput
Sesiliban sisipé linimput
Nanging baya tan bangkit ngumpetken wadi
Jro panon poladanipun
Tan wurung mesthi kawaos
42. Mangkono laku apus
Nora makna lamun adu burus
Barang barès ginawé angèl kepati
Datanpa meneping kalbu
Mokal lamun bisa maos
43. Manah meneng satuhu
Eneng-ening kadidéné wiku
Pranyanané landhep tanggap lampah lamis
Lamun dèn anggepa cubluk
Dèn blithuk tetep rekaos
44. Ywa peteng ing pandulu
Mawas réka rerékaning satru
Satrunira tan liya laksana juti
Tilar kawignyan pan lampus
Winastan uripé kawon
45. Tumindak datan amung
Ngegungaken apa kang kabujung
Wusanané nglirwakken kayektèn jati
Tan maca kahananipun
Begja-begjané ketanggor
46. Wewéka aywa samun
Tinalesan driya ingkang yutun
Dhéngah lampah tinimbang-timbang sayekti
Maca kahanan dèn gupuh
Jumangkah pan sarwi maton
47. Grusa-grusu puniku
Paribasan nyaketken bebendu
Bebenduné badan-suksma datan kèri
Mrana-mréné sarwa klèru
Kléléran saenggon-enggon
48. Limpad maca satuhu
Tan winates kang bisa dinulu
Kasasaban samubarang sarwa sisip
Tundhoné tan wruh ing gati
Kang pinaringken Hyang Manon
49. Sagung hawa tinutup
Namung suksma ening ciptanipun
Mahas neges mangekes maring Hyang Widi
Supayantuk rèh kang puput
Pinaringan weruh ingong
50. Yèn wus dugi neripun
Tumaratas rèh sepi asamun
Suksma kéntar buntas tatas tanpa tepi
Ngriku wisiking Pukulun
Winedhar sajroning raos
51. Datan rumaos apun
Amangerti sanggya karsanipun
Mung sadrema sapira ingkang piniji
Ingkang badhé dados wujud
Sinélakana rekaos
52. Lamun pesthinirèku
Sagung jalmi mung kudu mituhu
Anampèni kalawan tulusing ati
Luhung ngaturna panuwun
Dé paring wedhar wigatos
53. Begjané wong kang ngluru
Nratas sepi nora karem turu
Kanthi resik uripé dipun prasudi
Saka karsané Pukulun
Pan kepareng bisa maos
54. Poma ingkang tuwajuh
Karsaning Hyang kupiya ginayuh
Nanging éling ywa nganti marlupèng dhiri
Yèn keblasuk dadi umuk
Tan wurung dadi geguyon
55. Milaur kanthi tekun
Anggegulang ngrèh lampahing kayun
Jinumbuhna kalawan karsaning Gusti
Nora mbadal dhawuhipun
Manah ngenut kang sayektos
56. Aja nganti keladuk
Ngangah-angah nggapé kang tan gaduk
Néka-néka ngreréka wangsitirèki
Ketapang angrangsang gunung
Ngantya kiamat tan jégos
57. Luhung manah tumungkul
Srah sumarah pepesthèn kang thukul
Pepindhané trawaca nrawang wiyati
Abyoring lintang kadulu
Wijanging nalar tan éwoh
58. Nyegah tutur kalantur
Lantip nggraita kahanan kuwur
Idhep-idhep sembur adas saupami
Kaèsthi pigunanipun
Kasmaran uger kang maton

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar