--===MARI BERBAGI===--

MEPER HAWA NAFSU


Hawa nepsune manungsa dijlentrehake ing jagad pakeliran
Laku pasa, ing wulan Pasa apadene ing saliyane wulan Pasa, kaprah diarani minangka salah sijine laku kanggo ngendhaleni hawa nepsu.
Tumrap wong Jawa, meper utawa ngendhaleni hawa nepsu dadi salah sijine laku tumuju dadi manungsa kang utama. Paugeran urip ing filosofi kabudayan Jawa kang nengenake sandhang tinimbang pangan mujudake salah sijine asil saka laku meper hawa nepsu.
Sing dikarepake nengenake sandhang dudu arupa menganggo lan nglumpukake sandhangan-sandhangan kang sarwa apik, ananging ateges nengenake upaya ngapikakae pribadi, mbangun citra kanthi sarana tansah ngupadi apike kapribaden lan solah bawa.
Dene ngiwakake pangan, cetha bisa ditegesi laku ngendhaleni kasenengan marang panganan utawa meper hawa nepsu kang metu saka weteng. Laku pasa mujudake salah sijine cara kang kaprah dilakoni wong Jawa kanggi meper hawa nepsu iki.
Ing filosofi kabudayan Jawa kang dadi pancadan uripe wong Jawa akeh sumadya ubarampe kanggo nyinau babagan prelune tansah meper hawa nepsu. Tumrap wong Jawa ora kangelan yen pengin nyinau, mangerteni lan ndhudhah babagan hawa nepsune manungsa kang wis dijlentrehake ing jagad pakeliran wayang kulit. Para pujangga Jawa jaman kawuri uga duwe kawigaten gedhe marang babagan hawa nepsu, saengga kabeh kang gegayutan kalawan hawa nepsu iki tansah diwulangake kanthi sarana seni pedhalangan utawa pakeliran Jawa.
Tumrap wong Jawa, kayadene kang dijlentrehake ing buku Pengendalian Hawa Nafsu Orang Jawa, anggitane Wawan Susetya, weton Narasi, Yogyakarta, 2007, babagan hawa nepsu iki dadi kawigaten karana makmur utawa rusak lan remuke donya iki gumantung hawa nepsune manungsa.
Yen ana pemimpin kang duwe watak lan kapribaden kang apik, hawa nepsune kagolong apik yaiku muthmainah, saengga bisa mujudake memayu hayuning bawana (nglestarekake lan makmurake bumi saisine). Suwalike, yen sawijining pemimpin iku tansah nguja hawa nepsu amarah utawa kamurkan, bakal numusi rusake bebrayan kang tundhone uga nemahi rusake bumi saisine. Nepsu amarah kang tansah ngejak marang laku duraka, nerak angger-angger lan mburu senenge dhewe, bebasan kayadene geni. Kanthi mangkono mung cukup pawitan penthol rek jres siji wae wis bisa ngobong apa wae. Watake wong kang dikuwasani nepsu amarah iku tansah kumawasa, pengin menange dhewe, lan kumudu-kudu minangkani hawa nepsune lan syahwat-e.
Ing jagad pewayangan utawa pakeliran wayang kulit ana paraga wayang kang dadi pralambang hawa nepsu kang tansah nggubel jiwane manungsa. Dene hawa nepsu kang tansah nggubel uripe manungsa iku kaperang dadi papat yaiku amarah, lawwamah, supiyah utawa mulhimah lan muthmainnah. Watake wayang Dasamuka kang kebak angkara dadi pralambang nepsu amarah, yaiku nepsu kang tansah ngejak manungsa marang tumindak duraka, dur angkara kanthi sarana sipate kang tansah adigang, adigung lan adiguna. Wayang Kumbakarna dadi pralambang nepsu lawwamah, yaiku hawa nepsu kang tansah nyacat salahe liyan, kalebu salahe dhewe. Hawa nepsu lawwamah iki sejatine wus nuduhake sipat kang luwih apik kang tuwuh saka kasadharane dhewe.
Watake wayang Dewi Sarpakenaka, pralambang wong wadon kang tansah kagodha dening wong lanang kang bagus praupane, mujudake pralambang nepsu supiyah utawa mulhimah. Hawa nepsu iki sejatine wis alus, saengga meh padha kalawan wisik utawa ilham, yaiku wisik kang apik lan wisik lang asipat ala. Dene wayang Wibisana mujudake pralambang saka nepsu muthmainnah, yaiku jiwa kang anteng lan jatmika ing badan wadage manungsa. Karana iku Wibisana iku kang dadi pralambang nepsu muthmainnah ora melu sedulur-sedulure, yaiku Prabu Dasamuka, Kumbakarna lan Sarpakenaka, ananging malah melu Sri Rama Wijaya, mungsuhe sedulur-sedulure. Ana candhake.
Manungsa dadi palagan paprangan nepsune dhewe
Jumbuh kalawan pralambang hawa nepsune manungsa cacah papat kang dijlentrehake ing pakeliran wayang kulit, miturut Imam Al Ghazali kaya kang diandharake ing Ihya Ulumuddin, manungsa kuwi diwernani patang kekuwatan sipat lan nepsu.
Nepsu cacah telu asipat duraka, yaiku asipat kayadene kewan asu kang nglambangake sipat galak, asipat kayadene kewan babi kang nglambangake sipat kemaruk, asipat syaithoniyah kang dadi pawadan tuwuhe sipat kewan asu lan babi iku. Dene sing pungkasan sipat rubbubiyah utawa uluhiyah kang nuwuhake rasa eling marang Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Sipat sing kaping papat iki yen dirembakakake lan dikemonah kanthi temen-temen bisa ngluwari sipat syaithoniyah saka pribadine manungsa. Kanthi mangkono, sejatine manungsa iku dadi palagan paprangan antarane telung kekuwatan kang asipat ala, dur angkara, duraka lan siji kekuwatan kang asipat tansah njurung lan nggeret pribadine manungsa marang kabecikan.
Hamung wong-wong pinilih wae kang bisa menangake papranganan antarane telung nepsu dur angkara lan siji sipat kabecikan iku. Paprangan iku kudu dilakoni kanthi temen-temen murih siji sipat kabecikan iku bisa menang nalika adhep-adhepan kalawan telung sipat nepsu kang dur angkara.
Gusti Allah Kang Maha Asih sejatine wus mepaki ubarampe tumrap manungsa ing alam donya supaya bisa ngemonah paprangan antarane siji sipat kabecikan kalawan telu hawa nepsu asipat dur angkara iku. Ubarampe kang dikarepake yaiku ubarampe-ubarampe rohaniah arupa akal lan nepsu. Iki kang ndadekake manungsa beda kalawan malaikat kang mung antuk ubarampe akal saka Gusti Kang Maha Kuwasa, ananging ora duwe nepsu. Samono uga beda kalawan sato kewan kang mung antuk ubarampe nepsu tanpa akal. Dene manungsa, menawa luwih ketarik marang ”tarikane langit”, tegese bakal luwih cerak marang sipat taat kayadene malaikat. Suwalike, yen manungsa iku luwih seneng marang ”tarikane bumi” utawa kadonyan, ateges dheweke luwih cerak marang sipat kewan.
Amarga manungsa iku dipepaki ubarampe akal lan nepsu, mula dheweke duwe kalodhangan dadi titah kang apik dhewe, bisa luwih apik tinimbang malaikat. Ananging, manungsa uga duwe bisa dadi titah kang drajate luwih ala tinimbang sato kewan kang mung ngudi mareme hawa nepsune. Para pujangga Jawa jaman kawuri, ya para leluhur kabudayan Jawa, akeh kang kondhang minangka insan kamil (manungsa paripurna). Iku karana para pujangga iku wus kasil meper hawa nepsune kanthi maneka rupa cara lan upaya.
Sejatine, hawa nepsu mono duwe sipat kang kas lan ketara banget. Miturut anggepane wong Jawa, ”hawa” iku ateges rasa wegah nindakake samubarang laku kang asipat nyedhak marang sipat taat (marang Gusti Allah Kang Maha Asih). Dene ”nepsu” ateges semangat kanggo nindakake laku maksiyat. Kanggo ngemonah ”hawa nepsu” iku kudu kanthi cara mindhahake ”hawa” marang ”nepsu” lan suwalike, mindhah ”nepsu” marang ”hawa”. Tegese, rasa wegah nindakake parentahe Gusti Kang Maha Asih dipindhah menyang wewengkon ”nepsu”. Saengga kang tuwuh sabanjure rasa wegah nindakake laku maksiyat. Suwalike, semangat kanggo nglakoni tumindak maksiyat (nepsu) dipindhah menyang wewengkon ”hawa”. Saengga kang tuwuh lan ngrembaka arupa semangat nindahake kabeh prentah-E. Ing jagad kabudayan Jawa, wus akeh tuladha laku mindhahake ”hawa” marang ”nepsu” lan ”nepsu” marang ”hawa” iku.
Tumrap wong Jawa, salah sijine laku kanggo meper hawa nepsu yaiku laku ngurang-ngurangi, kalebu laku pasa lan laku tapa kang nglimputi tarak brata, mesu brata, tapa brata lan pati brata. Tarak brata iki ing bebrayane wong Jawa kang sinebut ngurang-ngurangi, yaiku ngurangi mangan, ngombe lan turu (cegah dhahar lawan guling). Mesu brata yaiku lelaku kang kwalitase luwih dhuwur tinimbang tarak brata. Ing kene, wong wus ngupadi marang laku prihatin rohaniah. Tapa brata mujudake lelaku kang luwih manther marang sangkan paraning dumadi utawa manunggaling kawula gusti. Dene pati brata arupa lakune manungsa Jawa kang wus nggayuh tingkat dhuwur dhewe, yaiku wus tekan marang mangerteni lan ngenali Gusti Allah kang haq. Ing laku pati brata iki kang kabudayan Jawa sinebut wus kasil nggayuh manunggaling kawula gusti.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar