--===MARI BERBAGI===--

MEMANGUN KARYA TYASING SESAMA


MEMANGUN KARYA TYASING SESAMA

Pambegan kang wolung prekara kang pinaringan asma Hasthabrata hanggelar lelabuhan mau, kalamun anggung pinundi kanthi patitising tangguh, empan papan angon mangsa dulu marang kahanan, sayekti bisa ngirup sanggyaning kang tumingal. Iya tapak lelabuhan kang mangkono mau bisa dadi pikukuhing laku tumrap janma manungsa kabeh ing sajroning bebrayan urip ing alam donya umume, utamane kagem para satriya utama pangembat pusaraning praja kalebu para pemimpin bangsa, nganti tumeka kepala bale wisma utawa mimpin diri pribadi. Kabeh amung kinarya pikukuh murih sakabehing tumindak becik nganggo dasar tepa salira, ditepakake marang rasane dewe. Ana tetembungan ngono ya ngono nanging aja ngono, bisa dadya kasmaran mring laku kang utama, binangun ing kalbu wening.
Sranane murih kasembadan panggelaring lelabuhan, becik kudu den nyatakake pribadi sarana andeling tekad. Kena den basakake, tan ana gunane ngelmu lamun tan krana laku, tan ana pigunane kitab wedha lamun datan pinarcaya. Sanadyan mangkono tinemune ing kasunyatan, uga tan wenang hanjagakake wohing pakarti.Tumrap kang wus pada pono mangulah gati, sakehing lelaku kang hangarep arep marang wohing pakarti iku, dadi pratanda kalamun durung temen panggayuhe. Jer lelabuhane ing kono isih kawoworan lan karoban dening hardaning rasa kemelikan kang dadi pratanda durung suci atine nganti tumeka pribadine Tembung temen ing kene dudu temene Guru utawa temene Gusti nanging temening pribadinira kang antuk pikukuhe Kang Maha Kuwasa. Dene Guru miwah Gusti amung saderma niteni cidra lan temening laku sawuse kabeh mau katemahan. Diupamaake kaya wong nandur wiji. Senadyan wiji becik, lemah kang ditanduri uga apik,lamun datan taberi jaga apadene ngupakara, sayekti banget anggone gampang tinerak ing hama.
Sayekti karahayon peparinge Gusti Kang Hakarya Jagad winengku ing karsa luhur ngemot tuntunan suci sempurnaning dumadi mangesti tunggil, minangka dadi lantaran tumurune kanugrahan hamurwani lelabuhan luhur memayu hayuning bawana karana hamemangun karya enak tyasing sesama.
Katiti panyerat mami, krana sekar smarandana, minangka dadi sranane , minangka panggugah rasa, kagem para sutresna, ingkang marsudi rahayu, mamayu hayu bawana
Bawana  setra  binangkit, dadi srana pangribawa, netepi laku jantrane, duh sutresna mangun rasa, wengakna atinira, tampanana aturipun, pamadyaning budi tama.
Besuk kapan pada prapti, marak sowan mring Pangeran, kepareng nampa kuncine, dadi manungsa utama, pangesuhing pra jalma, kang pada ngudi rahayu, karyenak tyasing sesama.
Sesama sameng dumadi, sesami sameng manungsa, becik kepareng sumeleh, sumarah karsaning Allah, sumadya ngesti brata, tumurune wahyunipun, panetep panata gama.
Agama ageming Aji, sakehing para nalendra, yekti mung titah wantahe, sakabeh pra laku tama, kang tansah ngesti tunggal, iku sayekti wong agung, aneng bumi nuswantara
Sawatara awak mami, mung kinarya saksinira, saksi utama uripe, senadyan ta durung priksa, kang mengku uripira, iku wajib muji syukur,
marang Allah Gustinira.

*       Gusti Ingkang Maha Asih, Gusti Kang Maha Kuwasa, netepi tresna kodrate, mring sakehing cipteng gesang, kang gumelar aneng donya, gumelar sajagad agung, nyukupi mring kabutuhan.
*       Butuh apa para jalmi, kabeh mau wus gumelar, saindenging jagad gede, gumelar sajagad raya, wrata kinaya ngapa, lestarine titah sagung, urip aneng alam donya.
*       Donya brana sawetawis, dadi lantarane pada, netepi kuwajibane, nggonira manembah Allah, sadina dinanira, lan sawengi wenginipun, netepi mring kuwajiban.
*       Wajib pada bangun nagri, katarima panembahnya, menawa wus tekeng kene, sira weruh rasanira, rasanya rasaningong, rasane wong sa jagad gung, rasane wong sabuwana
*       Bawana gung bawana lit, yekti pada tanpa beda, nadyan mung setitik bae, dene yen ta ana beda, yekti mung aneng karsa, kang kawengku laku hayu, nyukupi mring kabutuhan.
*       Kabutuhan ageng alit, gumantung marang kang nedya, memangun laku uripe, gede cilike mung katon, aneng tata gelarnya, dene aneng yektinipun, yekti pada tanpa beda
*       Kang beda anane nenggih, ingkang dadi kabutuhan, tumraping pati uripe, kanggo sangu ning dedalan, netepi kewajiban, peparing Gusti Maha Gung, mrih enak tyasing sesama.
*       Sesama sameng dumadi, ngugemana mring rasanya, bungah susah sandangane, bungahe para manungsa, susahe manungsa uga, tan ginggang nadyan sarambut, yekti mlaku reruntungan.
*       Reruntungan unda ungkih, nadyan gilir gumantinya, ngenut mring kabutuhane, bungah susah mung saderma, nyukupi kabutuhan, ngibadah marang Sang Hayu, hanetepi kuwajiban.
*       Apa wajibe wong urip, gumelar ing alam donya, sumebar sajagad gede, becik tansah emut pada, anane sira gesang, minangka dadi pangesuh, paugeraning Pangeran.
*       Pangeran wus paring wajib, heh sira para manungsa, sumujuda sira kabeh, manembah marang Hyang Manon, kang paring sira gesang, tembe wingking dadi wahyu, sempurnaning kondurira.
*       Kondur ngarsane Sang Adil, ora ngasta apa apa, kang ginawa mung amale, jroning urip aneng donya, kang yekti sawatara, kena kanggo sangunipun, mulih alam kalanggengan.
*       Langgeng datan owah gingsir, tan gotang keh amalira, uga tan wuwuh anane, jenjem cukup tanpa slewah, petungane tan salah, nadyan ta amung sarambut, iku pada den emuta.
*       Emut sajroning aurip, ing donya mung sawetara, mampir ngombe upamane, becik den elinga sira, sadhar saliring lampah, tansah lelaku ngaluhur, memangun mrih tentrem samya.
*       Samya nulad mring pribadi, maos serataning Allah, jroning nala tan bedane, pepindane surya kembar, kang hamadangi jagad, jagad alit jagad agung, sayekti datan prabeda.
*       Prabedane wong aurip, yen priksa marang kawignyan, lantip mring olah rasane, bisa ngenaki mring liyan, lan bisa weh pepadang, syukur yen paring panuntun, tumuju mring kautaman.
*       23.  Utamane  wong  aurip, manjinga   sajroning rasa, jejer mlaku sesamine, tansaha paring pepadang, hanggelar pangawikan, murih dunung uripipun, purwa madya lan wasana.
*       Purwaning para manungsa, tinitah urip ing donya, iku sayekti karsane, Gusti Kang Maha Kuwasa, kang paring kanugrahan, nedakna katresnanipun, memayu hayu bawana.
*       Bawana rinakit wingking, handadosna kawuningan, cinipta kagem papane, para tumitah sajuga, sakdurunge manungsa, tumedak ing donya iku, titah kang liya wus ana.
*       Sawusna pepak sakalir, nembe manungsa cinipta, pranyata purna anane, purna sempurnaning titah, datan mada manungsa, awit manungsa satuhu, ngemot citraning Pangeran.
*       Pangeran Kang Maha Asih, tansah mayungi rasanya, marma tentrem pinanggihe, sak mobah mosiking rasa, ngenut jantraning lakon, dadya karenane sampun, sempurna nggonnya ngibadah.
*       Purna ngibadahe janmi, yen sampun prapteng wancinya, marak sowan mring gustine, awit tinimbalan marak, sowan ngarsa Pangeran, tilar donya lan sedarum, mlebet alam kelanggengan.
*       Langgeng anggennya manunggil, wusnya ngagem pralampita, dumeling saking uripe, ngrasuk pawiwahan brata, mangestu tunggal jiwa, kalayan Purwaning Hayu, Gusti Purwaning Lelakon.
*       Lelakon  panunggal karsi, jumbuh  sajrone  lelampah,  memangun karya enake, manungsa jroning bebrayan, urip ing alam donya, dadya hayu kang rumuhun, alap ingalapan pedah.
*       Pedah apa  mangun karsi,  karyenak  tyasing  sesame, mertobat jroning rasane, gawe padang lan tumrawang, padang aneng paningal, kang katingal yekti amung, guyub rukun bebarengan.
*       Bebarengan kabeh sami, nulad citraning Pangeran, kang gumelar aneng kene, pratanda yen sira pada, kekasihe Pangeran, kang wus mengku budi luhur, pono wikan saliring bab.
*       Wikan samubarang kalir, sabarangreh kang gumelar, warata sajagad gede, sarehne jejering titah, among rasa bebrayan, becik den persudi mungguh, tumrape wong sabuwana.
*       Sabuwana among siji, Gusti sesembahanira, Allah Ingkang Welas Asih, katarima panyuwunnya, pada antuk sarana, nggonira darbe panyuwun, welas asih mring sesama.
*       Samapta sajroning diri, ngancik zaman kalanggengan, tata tata sakabehe, gawenen tentrem ing gesang, wiwit ing alam donya, wiwitana kanti twajuh, gawe enake bebrayan.
*       Den bebraya samukawis, marang sakehing lelampah, murih enteng junjungane, lelakone pra manungsa, keparenge Pangeran, nganggo dasar tresna laku, hanindakna manjing rasa.
*       Rasa Jati mengku karsi, mujudake kasampurnan, kang dadi cipta jatine, ciptane pinanggih mulya, donya tumekeng mbenjang, sayekti lamun wus kondur, dateng alam kalanggengan
*       Langgeng datan owah gingsir, sajrone bebrayan gesang, rina wengi mrih purnane, anggon ngemban dawuh Allah, murih tentreming jagad, rahayu sabuwana gung, rahayu kabeh kang gesang.
*       Sangkan  Paraning  Dumadi,  purwaning sira dumados, kagelar urip ing kene, becik sigra prayitna, hanampani nugraha, kang tedake saben dalu, wahyu pambukeng warana,
*       Warana binukeng titi, wus tumeka ing wancinya, sastra piwulangreh wenteh, wus terwaca panyeratnya, dedalane agesang , wus manunggal budi luhur, aneng rasa jatinira.
*       Mustikaning bebrayan yekti kapirsan saka anggone mbudi daya panunggaling cipta rasa lan karsa saiyeg saeka praya saiyeg saeka kapti hambangun Padaleman Suci aneng sajroning kalbu weninge sagung dumadi lan iya krana mangkono dadi lelantaran tumurune kanugrahan Pangeran marang para jalma manungsa kang yekti katingal saka anggone pada urip rahayu wilujeng tentrem mong kinemong ing samukawis langgeng tumeka aneng zaman kalanggengan.

1 komentar: