--===MARI BERBAGI===--

L E L U N G I D A N


L E L U N G I D A N
(Lelandhepan, Lelimbangan)
Kapendhet saking Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda
anggitanipun Rama Sudhi Yatmana,1994.
LELUNGIDAN – 1
Ha—– Aja ngandhakake utawa ngandhani apa bae kang ora dimangerteni.
Na—– Nandur kabecikan bakal panen kabecikan.
Ca—– Cipta, rasa, karsa, daya lan karya kudu sayeg saeka praya.
Ra—– Ruwet rentenging donya iki jalaran urip ora padha nindakake kuwajibaning urip.
Ka—– Kang wani iku kang wenang.
Da—– Duwe sedya becik ora enggal kok tindakake iku padha karo ndhedher wiji laraning ati.
Ta—– Tansah was-was tandha ora saras.
Sa—– Senennging ati ndawakake umur.
Wa—- Wong Lara ngarep-arep waras. Wong Waras apa pangarep-arepmu ?
La—– Lembah manah agawe kuncaraning diri pribadi.
Pa—– Pinuju bungah elinga susah, pinuju susah elinga bungah !
Dha— Dhedhasaring ngauri iku kudu gotong-royong.
Ja—– Jeneng tresna kudu wani nglabuhi lara lan sengsaraning urip.
Ya—- Yen wis janji kudu kokleksanani.
Nya— Nyampurnakake urip klawan sucining ati.
Ma—- Momor, momot, momong, mesthi mikolehi.
Ga—- Gemi iku becik, mung gemining wong cethil utawa kikir iku kang ora becik.
Ba—- Becik nyacada, cacadmu dhewe !
Tha— Thothok-thothoka lawang yen njaluk diwengani !
Nga— Ngunggulake diri pribadi bakal diasorake, sapa andhap asor bakal diunggulake.

LELUNGIDAN – 2
Ha—– Urip lan pati iku siji.
Na—– Nuruta kang bener !
Ca—– Cag-ceg sauger cocok.
Ra—– Rai iku pangiloning ati.
Ka—– Kawruhana : Hakmu apa, kawajibanmu apa ?
Da—– Denbisa ajur-ajer.
Ta—– Tumanggap becik marang liyan iku becik.
Sa—– Sabar subur.
Wa—- Witing tresna jalaran saka kulina.
La—– Luputing liyan, benering dhewe. Padha nglegane : Kok ora adil !
Pa—– Pasinaon iku ora ana cunthele.
Dha— Dhasaring kawruh : ora pracaya. Dhasaring kapracayan : pracaya.
Ja—– Jare njaluk digugu, lha kok goroh !
Ya—- Yen ora kok udi, apa bisa dadi ?
Nya— Nyenyelengi, kanggo jagan kang ora kanyana-nyana.
Ma—- Meneng anggere menang.
Ga—- Guru, digugu lan ditiru.
Ba—- Beda kulit beda anggit.
Tha— Thukna kang mathis !
Nga— Ngaya gelis tuwa.

LELUNGIDAN – 3
Ha—– Ing ngarsa sun tuladha, Ing madya mangun karsa, Tut wuri Handayani.
Na—– Nistha, madya, utama. Sira kudu bisa mbedakake.
Ca—– Calon, durung mesthi kelakon.
Ra—– Rumangsa pinter tandha yen bodho.
Ka—– Kwiranganing liyan tambuhana !
Da—– Dadia ragi sarta uyahing bebrayan.
Ta—– Tulungana sing pancen butuh pitulungan.
Sa—– Saben dina umurmu suda sedina.
Wa—- Wani urip kudu wani mati.
La—– Luwih mbebayani mogol ing panggulawenthah tinimbang mogol ing pasinaon.
Pa—– Prakara iku geni umpamane : yen wis mubal, angel panyirepe.
Dha— Dhasare manungsa iku kinodrat becik. buktine : emoh diarani ala.
Ja—– Jiwa kang saras dedunung ing raga kang waras.
Ya—- Yen nedya sugih, kudu wani mlarat.
Nya— Nyata, gugunen !
Ma—- Mamerake pintermu padha karo mamerake bodhomu.
Ga—- Gemi, setiti, ngati-ati. kudu diudi.
Ba—- Bares, beres.
Tha—-Thukuling katresnandiipuk-ipuk, disirami, didhangir dirabuk, diopeni, cikben wohe ndadi.
Nga— Ngajeni ing liyan ateges uga ngajeni awakmu dhewe.

LELUNGIDAN – 4
Ha—– Aja ndakwa wong sing ora ana !
Na—– Nepsu iku abdi kang setya, bendara kang jail.
Ca—– Carane sinau iya kudu disinau.
Ra—– Rame ing gawe, sepi ing pamrih. Ayo !!
Ka—– Kautaman kang kudu diutamakake.
Da—– Darma bektimu apa ?
Ta—– Tansah ngati-atia !
Sa—– Sapa siya-siya marang wektu ateges disiya-siya dening wektu.
Wa—–Wong gedhe iku ora rumangsa gedhe.
La—– Lumrah ing jaman biyen, Asu gedhe menang kerahe.
Pa—– Pakulinan iku kodrat kang angka loro.
Dha—-Dhasaring tresna : katresnan.
Ja—– Jangkamu jangkahen !
Ya—- Yen kapeksa nacad, nggunakake tembung manis.
Nya— Nyabarake atine dhewe wae ora bisa, mendah nyabarake atine wong liya.
Ma—- Mangan amrih urip, ora urip amrih mangan.
Ga—- Gunakna tepa slira !
Ba—–Begja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lawan waspada.
Tha—-Theng, mantheng. Aja gojag-gajeg !
Nga—-Ngreti manawa ora ngreti. Sinaua !

LELUNGIDAN – 5
Ha—– Aja dumeh !
Na—– Nirua kang becik !
Ca—– Cacade dhewe ora tau katon ?
Ra—– Ririh, rereh, ruruh, raras.
Ka—– Kabeh kang lagi wiwit iku angel.
Da—– Dipikir, ditandangi, didhadhagi.
Ta—– Teka katon raine, lunga katon gegere.
Sa—– Salah seleh.
Wa—- Wong bodho dadi pangane wong pinter.
La—– Lair iku utusaning batin.
Pa—– Prelu andhap asor, ora prelu ngasorake pribadi.
Dha— Dhalang mangsa kuranga lakon.
Ja—– Jun lokak kocak-kacik.
Ya—- Yen ora ngreti kang ala, iya ora ngreti kang becik.
Nya–  Nyata pinter ora kuminter.
Ma—  Melik nggendhong lali.
Ga—- Garang garing.
Ba—- Becik ketitik, ala ketara.
Tha— Theleg-theleg. ati bebeg, pikir butheg. Kudu ditumpleg !
Nga–  Ngudia amrih ditiru, aja mung tiru-tiru bae !


Tidak ada komentar:

Posting Komentar