--===MARI BERBAGI===--

KIDUNG KURUKSETRA


KIDUNG KURUKSETRA

Arjuna tetanya:
1. //Duh Janardana, manawi menggah Paduka / ngelmu langkung utama tinimbang pakarti / Kenging punapa Paduka dawuh mring kula / nglampahi tumindak deksia punika, duh Kesawa//
2. //Sabda Paduka samar mungguhing pamikir kawula / Pramila, wedharna mring kula kanthi trawaca / Namung sawiji margi ingkang saged kula lampahi / amrih ginayuh kamulyan sejati//
Pianggepe Arjuna manawa perang, paten-pinaten iku kejem,  galak lan kasar. Nadyan mungguhing satriya mateni satru iku sawijining  kawaji­ban,  nanging Arjuna  nora gelem  tumindak mangkono,  amarga nora tega mateni sanak-kadange dhewe.
Kang wus kawedhar dening Kresna kawuri kurang trawaca munguhing Arjuna kapara wudhar pamikire. Saya bingung rasane Arjuna nampa piwulange Sri Bhagawan.  Ing kono kaya-kaya Sri Kresna gandharake manawa  tumindak kanggo njangka nugraha iku luwih asor drajade tinimbang makarti  tanpa nduweni pepinginan pribadi, lan ngelmuluhur tanpa makarti  iku  luwih luhur katimbang makarti tanpa ngelmu.
Manawa ngelmuluhur luwih becik kanggo nggayuh kamulyan langgeng tinimbang makarya, mula apa gunane tumindak ?,  Luwih-luwih tumindak  gawe pepati  ing paprangan.  Mangkono pitakone Arjuna, lan heweke  adreng nyadhong pituduh kang temen saka Sang Guru.
Sabdane Sri Bhagawan :
3. //Wus dak andharake nalika samono, he Anagha / Satemene ana loro marganing panjangka / marganing ngelmu tumrap para wasis / marganing karti tumrap para misaya//
Sejatining Bebener iku tan ana loro, nanging Bebener iku bisa ginayuh kanthi  marga kang loro.  Kang Kapisan, kanthi cara nggegulang  ngelmu lan kridhaning batin tumrap para winasis.  Kang Kapindho, kanthi  cara bekti  ing karya tanpa ngarep-arep pituwas  tumrap para kang  makarya. Lelorone  bakal antuk  pikoleh kang padha  tumrap  panjangka  kamulyan langgeng.  Leloro marga iku nora bisa madeg dhewe-dhewe,  kapara  kudu padha lung-tinampan.
4. //Janma tan bisa nggayuh kamardikan / karana kendel datan makarti / uga tan bisa nggayuh kasampurnan / karana nyingkiri karya//
Ana panganggep manawa jroning nggayuh kamardikan kudu nilar sakabehing tumindak  dimen  luwar saka kunjaraning pituwas. Samono  uga  kanggo nggayuh kasampurnan, manungsa kudu nyingkiri sakabehing pakarti, amrih pituwas  datan ana, saingga ana tetembungan “Nora perlu  makarti,  yen wus jatahe bakal teka dhewe”.
Dudu  mangkono kang dadi karsane Kresna !   Kamardikan ing  kene  dudu mardika tanpa  karya, nanging mardika saking pangiketing  karya  iku dhewe.  Lan, Kasampurnan kang den karepake  yaiku ora  kudu sumingkir saka pakarti,  nanging sumingkir  saka nepsu lan  pepinginan  pikantuk pituwas karya.
5. //Tan ana kang datan makarti / sanadyan hamung sakedheping netra / Karana kanthi tanpa daya manungsa / tinitah makarti dening Jangkaning Jagad //
Salawase urip ing donya, manungsa datan bisa uwal saka tumindak. Mikir iku ya tumindak, mlaku lan makarti iku uga tumindak.  Cekak aose, urip iku sawijining tumindak.  Manungsa tan bisa endha,  dheweke nora  bisa oncat saka prakara iki, saka sipat lan khukum prakriti (jagad).
6. //Kang lungguh, meper pancadriyane / nanging ciptane tansah nrawang kanikmatan / yektine bingung, nyelaki dhiri / lan den arani Sang Sankuni /
7. //Nanging manungsa kang bisa ngendhaleni / pancadriya lan ciptane, he Arjuna / Lan makarti tanpa pamrih pribadi / yaiku Manungsa Tama//
8. //Makartia kaya kang wus ginaris / amarga obah iku luwih becik tinimbang mandheg / Yen sira datan makarti / nyukupi urip bae tangeh kalakon//
Bisa bae  manungsa ngeremake netrane  amrih  nora nyawang saliring kaendahan, uga nutup tutuke supaya ora mangan kang sarwa  eco,  nanging manawa  maksih ngumbar pikirane  lan  pepingane nora  den kendhaleni, dheweke bakal cabar anggone ngenebken sejatine “Laku”.  Samono uga, bisa bae manungsa meper pikiran lan pepinginane, yen maksih ngumbar panca­driya, mula dheweke iku nora wruh apa sejatine Laku iku.
Meper pancadriya iku minangka pambukaning pamekak pikir lan pepinginan, utawa kanthi tembung liya, meper barang lair iku pambukaning meper barang kang batin.
Pamepering pancadriya dening pamikir iku banget piguna kanggo reresik jiwa saka  nepsu  lan pepinginan.  Meper pancadriya ora teges kudu ninggal saliring tumindak. Ing kene piguna kanggo nggayuh  manthering pakarti pancadriya marang tumindak lan pakarti kang jejeg.
Kanthi mangkono, pamikir bisa manther ing pakaryan lan bekti kang luwih sampurna datanpa mbutuhi dhiri priyangga. Pakarti kang mangkono iku nuwuhake kamardikan jiwa saka kunjaraning kadonyan.
Saben manungsa darbe jejibahan dhewe-dhewe.  Para Wasis kudu ngamalake kawruhe  jroning makarti,  Satriya  kudu nggenepi  darmaning  satriya, samono uga Sodhagar dadi babalung tumrap bebrayan gung,  sarta Taruna kudu mangerteni yen minangka babalung tumrap nagara kang den gegadhang mengkone bisa mandhegani lumakuning tata praja samangsane purna  para wredha.
Kresna medharake sejatine Laku marang Arjuna iki pamrihe dimen  Arjuna mangerteni  mungguh  Laku kang kudu den lakoni minangka  jejering  sa­triya, amarga sawatara iki Arjuna maksih bingung,  sedhih, rumangsa dosa. Bisane mangkono karana Arjuna durung bisa milahake, pundi Lakun­ing Satriya, lan pundi Lakuning Brahmana.
9. //Kajaba kanggo panjangka bekti / donya iki kinunjara dening Kodrat Pakarti / Mula, makartia kanggo ngabekti / tanpa pamrih pribadi, he Kunthiputra//
Sakabehing isen-isening jagad iku kinunjara dening kodrat pakarti. Nanging, manawa pakarti katindakake tan kasampiran  panjangka pribadi, yaiku hamung kanggo bekti lan ngabdi, mula kunjara tan kuwawa nguwasa­ni manungsa.
10. //Nalika samono Pengeran nitahake manungsa / kinanthen kodrat lan paring dhawuh / “Kanthi iki sira bakal nurunake brayat / lan iki sapi minangka panguripanira”//
11. //Mula, memujia mring Jawata / mugyantuk berkahing Dewa / Kanthi tepa salira kang mangkono / sira wus ngregem Kawicaksanan Jati//
Manungsa lan sagung titah kudu manembah marang Pengeran, amarga  seja­tine Pengeran  nitahake manungsa iku hamung  supaya  manembah  marang Panjenengane.  Yektine, manembah marang Pengeran iku  kanggo  manungsa iku dhewe,  lan  dudu butuhe Pengeran.  Pengeran  datan  luwih  agung manawa kabeh titah tansah manembah, lan nora dadi luwih  asor  lamun kabeh  titah  lirwa ing sembah, amarga Pengeran iku  Maha  Agung  saka Karsane. Tan ana daya kang bisa mrabawani Panjenengane.
Ora kena ora, manungsa kudu manembah, amarga Urip, Panjangka, Pakarti, Pituwas, Begja  lan Cilakaning manungsa iku paparinging Pengeran. Manungsa hamung nduweni siji prakara yaiku pamilih, milih tumindak utawa  mandheg,  milih  menggok utawa jejeg, milih  abang  utawa  ijo.  Pikolehe manungsa wujud begja utawa cilaka iku paparinging  Pengeran, lan karana pamilih iku mau.  Manawa bener pamilihe, kabegjan pikolehe, lan manawa luput ing pamilih ambabar kacintrakan. Manungsa hamung ngu­paya,  Gusti kang wenang maringi. Manungsa Tama hamung nyandhang dwi rasa, Sukur ing kabegjan lan Narima ing panandhang. Luwih utama manawa janma  bisa tansah Sukur ing lelorone.  Manembah iku yektine  mujudake rasa Sukur tumrap apa kang wus den tampa.
Dadi, pakarti iku mesthi, sembah iku kedah.  Makarya nemu nugraha, yen lirwa ing sembah uripe sajatah, temen ing sembah uripe turah.  Janjine Pengeran,  sapa manembah bakal ngrasakake urip kang luwih  becik  ing donya lan wurine.  Kanthi tembung liya, Pengeran bakal peparing marang manungsa, Pengeran bakal peparing kathah marang manungsa kang  manem­bah. Dene wujude sembah iku ana patang prakara :
1. Sembah Raga,
Sembah raga iku pakartine wong amagang laku, sesucine asarana saking warih, katindakake ing wektu kang ajeg, wantu wataking lalakon. Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dhingin ajeg lan  taberi, pikolehe nyenyeger badan mrih kaot.
2. Sembah Cipta,
Sesuci  tanpa banyu,  amung nyunyuda  hardaning kalbu,  pambukane tata titi  ngati-ati, atetep telaten atul, tuladhan marang waspaos.  Gagare ngungar  kayun,  ngayun-ayun, bangsa nganggit yen ginigit  nora dadi, marma den awas lan emut, mring pamurunging lalakon.
3. Sembah Jiwa,
Sayekti luwih perlu, ingaranan pupuntoning laku,  kalakuan kang tumrap bangsaning batin,  sucine  lan awas emut, mring alaming lama amot. Kaleme mawa limut kalamatan jroning alam kanyut,  sanyarane iku kanya­tan, sajatine yen tan emut, sayekti tan bisa amor.
4. Sembah Rasa,
Sembah rasa karasa wosing dumadi, dadine wus tanpa tuduh, mung kalawan kasih batos.  Meloke ujar iku yen wis ilang sumelanging kalbu,  amung kandel  kumandel marang ing takdir, iku den awas den emut, den  memet yen arsa momot.
12. //Amarga kanthi pamujanira / Jawata arsa paring berkah mring kabagyanira / Lan sapa kang nora narima marang nugrahaning Dewa / sejatine patrape pandung//
13. //Kang becik dhahar sawise upacara ngabekti / bakal kalis saliring dedosa / yen nyamaptakake dhedhaharan hamung nyukupi dhiri pribadi / mangkono iku tegese nguntal dedosa//
14. //Karana pangan, titah urip / karana udan, tetedhan tuwuh / karana bekti, tumurun udan / lan bekti iku dumadi saka karya//
15. //Kawruhana, dumadine karya iku saka Pengeran / Pengeran ya Kang Maha Tunggal / Mula Pengeran kang nyakup sakabehe / tansah mapan sumandhing mring bekti//
16. //Kang datan melu ngubengake rodhaning urip / tansah urip jroning dedosa / ngumbar hardaning nepsu, he Parta / iku urip muspra yekti//
Rodhaning urip kadya cakramanggilingan, lir gumanti antarane begja lan cilaka, bungah  lan  susah, tan ana pedhote.  Rodhaning  urip  lumaku karana  Jagad  Alit lan Jagad Ageng lumaku  bebarengan.  Kang sinebut Jagad  Alit  yaiku manungsa, dene Jagad Ageng yaiku Bumi,  Langit  lan saisine  utawa  Alam.  Manungsa lan Alam, lelorone  nduweni  gandheng-ceneng kang tan kena kapilahake. Manawa Budining Manungsa rusak  datan mrabawani Alam, nanging rusaking Alam nemahi uriping manungsa  abosah-baseh.
Pancen,  agawe rusaking alam iku dudu tindak angkara, nanging iku  pakartine janma cubluk. Lire, ngrusak alam iku ya ngrusak dhirine dhewe. Mula, datan ana prayogane manungsa makarti kang bisa agawe rusak mring alam.  Yektine, nora ana manungsa kang tumindak luput, kang ana  yaiku manungsa kang tumindak bener nanging durung pener.
17. //Nanging kang tansah ngabdi ing Jiwa / lan narima peparing-Nya / bagya urip kalayan Jiwa / tan maneh kaiket ing karya//
18. //Dheweke makarti tan mamrih pituwas / tan rumangsa kelangan yen nora makarti / datan gumantung mring sing-singa / murih pikantuk pituwas apa bae//
19. //Mula tindakna sabarang karti / minangka kawajiban tanpa bebathen / amarga karya tanpa bebathen / mapanake manungsa ing kamulyan yekti//
20. //Kanthi pakarti mangkono / Janaka lan Para Satriya ngancik kasampurnan / Murih kamulyan lan kaluhuran ing donya / sira uga kudu nindakake kawajibanira//
Manungsa kang sabar lan narima jroning bekti sarta rila ing pangorbanan bakal luwar saka pangiketing karya, manunggal lawan Pengeran wusana nggayuh kamulyaning urip.  Pakarti kang yekti luhur, iku manawa katindakake tanpa nggegadhang nugraha pribadi.  Uga, pakarti kang kinanthen pangorbanan minangka  tandha bekti, iku  luhur kalangkung  tinimbang karya  kang  maksih  kasampiran mareming pribadi.   Amarga kabeh  iku ngentasake  manungsa saka samudra pasucen sarta kasampurnan cipta  lan jiwane.
Pakartine  manungsa  luhur tansah nindakake kawajibaning  urip  hamung mamrih kabagyan lan kamulyaning bebrayan agung kanthi laku milujengake jagad  saka ubaling angkaramurka.  Prabu Janaka, raja Mithilanagri  ya sudarmane Dewi Sinta, pantes sinudarsana. Rasa ‘’Ingsun” lan “Kagungan ing-Sun” wus aluwaran.  Saka iku, rikala kraton lan saisine kerem  ing samudraning  dahana,   kang kawedal ing lesan “Datan  ana  kagungan-ku kang kobong !”
21. //Samubarang pakartine Manungsa Tama / para janma tut ing wuri / Samubarang tuladhane / dadi panutan titah ngakathah//
Manungsa  lumrah tansah tut wuri lakuning janma pinunjul  wiwit  jaman biyen mula. Janma  pinunjul mangkono linair  supaya  nggawa  pepajar tumrap  pamikir lan titah ngakathah jroning urip ing donya. Ana  kang linair dadi Bhagawan, Pendheta, uga dadi Nabi kang kabeh iku  minangka panutan tumrap manungsa kang urip ing jagad.
22. //Tan ana pakarti kang kudu Ingsun tindakake / tan ana pituwas kudu Sun jangka / ing Triloka, he Parta / nanging Ingsun tansah makarti//
23. //Amarga, Parta, manawa Ingsun / ora tansah makarti, tan ana pituwas / Janma ing sadhengah papan sadhengah prakara / bakal tut wuri lampah Ingsun//
24. //Manawa Ingsun kendel ing karya / lebur tanpa dadi jagad iki / lan Ingsun minangka Marganing Karusakan / nyirnakake sadaya titah//
Ing kene Kresna minangka Utusaning Pengeran ngandharake manawa Dheweke nora darbe panggayuh babar pisan, kajaba hamung mamrih bisa  mujudake lan nuduhake pakartine manungsa tumuju marang kasampurnan lan kamulyan langgeng sarta nggulawenthah jagad lan njaga amrih kalis ing kasirnan.
25. //Kaya si cubluk makarya amarga nugraha / mangkono samesthine kang wasis makarya / nanging datanpa pamrih pribadi, he Bharata / kajaba muhung raharjaning manungsa//
26. //Haywa manungsa kang wicaksana / mbebingung si cubluk makarya angangsa / kajaba hamung andulu kang pada makarya / sinambi weh tuladha makarya bekti//
Kresna arsa aweh pepeling manawa para janma kang wicaksana aja  nganti mbebingung  lan  gawe kendho kapitayane manungsa kang  cupet  kawruhe. Amarga, sanadyan para manungsa iku datan wasis nanging nora bisa selak saka  rasa tanggungjawab marang pakarti,  pangabekti  lan  katresnane dhewe-dhewe. Bisa bae amarga cubluk,  satemah makarti  kang  nalisir saka angger-angger. Marang kang mangkono iku perlu piwulang lan panun­tun  amrih jejeg laku lan pakartine.  Kawruhana, tumrap manungsa  kang mangkono  iku, kapitayan marang Pengeran luwih kandel  katimbang  pra­cayane  marang sapadha-padha. Lan, amrih manungsa bisa nyandhang  budi kang luhur, nora bisa ginayuh ing sakedheping netra nanging kedah  den upaya kanthi sathithik mbaka sathithik satemah kalakon jangkane.
27. //Sadhengah karya karana Guna / nanging kang peteng pikire / karana kasaput ing rasa kumingsun / panganggepe : “Ingsun iki sang pakarti”//
28. //Nanging tumrap kang wruh, he Mahabahu / bedane Jiwa lan sipat guna / eling manawa Guna hamung mrabawani mring Guna / lan kalis ing pangiketing pituwas karya//
29. //Kang kentir ing apus-kramane guna / kinunjara ing pepinginan kang dadi pikolehe / Tumrap kang wruh, haywa sira njlomprongake / kang cupet ing kawruh//
Guna  (sipat/watak)  iku watesing kamardikan kang tuwuh  amarga  anane lair  lan swasana kanan-kering kang bisa mageri. Kawruhing manungsa bisa mahanani megar utawa mingkuping kamardikan kang winatesan guna iku mau. Kawruh mangkono bisa rinegem amarga pakarti sasuwene urip, kayadene dumadine jagad iki amarga ana mobah-mosiking wuwujudan sarta owah-gingsiring kahanan kang  kabeh  mau sangkane saka Kang Maha Tunggal.
Manungsa kang nora mangerteni sejatining Guna, sagung pakartine kasam­piran panjangka  lan pikolehe digawe dhewe, nora luwih.  Tumrap  kang Wruh,  bakal bisa luwar saka kunjaraning Guna kang tegese luwar  saka pangiketing harda kang nguber nugraha.
30. //Tumujua mareng Sun saliring karyanira / kanthi nering cipta mring Jiwa / kalis ing nepsu pepinginan lan kumingsun / singkirna rasa miris, lan sigra sira amagut yuda//
Kresna minangka Utusan, medharake Pangandikaning Pengeran weh piwulang marang  Arjuna,  kinen sumarah ing sagung pakarti jiwane  marang  Jiwa kang mapan jro ragane.  Kanthi pasrah kang mangkono,  Arjuna  bakal myumurupi manawa pribadine iku hamung sarana lan sejatine Sang Pakarti iku Jiwa, satemah jirih nora kasandhang maneh.
31. //Kang tansah tut wuri piwulang-Ingsun / kanthi sawutuhe kapitayan / sarta kalis saliring wewujudan / uga kalis ing kunjara karya//
32. //Kang mungkur ing piwulang-Ingsun / ora mung nyimpangi / uga ora ngrumangsani lan sirna kapitayan / Kang mangkono, dheweke wuta ing kabecikan//
33. //Ing kalane kang wicaksana tumindak / mituhu sipat-sipat kawicaksanan / uga titah samudaya mituhu kridhanya / prakara kang pundi bisa rampung kanthi kaprawasa//
Kresna  ngrumangsani manawa akeh manungsa kang nalisir saka  piwulang-Nya. Mangkono iku amarga saka sipat lan patrape manungsa dhewe, nadyan kang wasis apadene si cubluk.  Manungsa mangkono iku maksih  kinunjara dening  sipat guna, mula akeh kang micara : “Aku nora bisa  nindakake, amarga  nora trep marang sipatku”,  yekti kinunjara  dening  kadonyan saingga nora bisa dipeksa.
Sejatine,  piwulang iku mau maksih bisa katindakake.  Cipta lan  karsa kudu den ner-ake murih kagayuh pamepering nepsu nganti mangsakala kang ing  kono  Rereget nora kasandhang dening Jiwa, nanging kapara  Sesuci kang dadi Pakartining Jiwa.
34. //Tresna lan serik marang sawijining pepinginan / mapan ing pepinginan iku dhewe / Haywa sira asor dening lelorone / amarga leloro iku hamung pepalang yekti//
Krungu  iku  pakartine  talingan, weruh iku darbeke  netra.  Bisa  bae manungsa seneng utawa sengit marang kang kapireng lan kadulu,  nanging kudu mangerteni manawa seneng utawa sengit iku mau amarga saka pangra­sa  jiwa.  Manawa manungsa kinunjara dening tresna  lan  sengit,  iku tegese manungsa kinunjara dening pangrasane. Ing kahanan mangkono iku, urip  wus tanpa kiblat lan sirna ciptane, tan prabeda kaya  satokewan.  Pangrasa jiwa iku kang kedah den asorake.
35. //Prayoga nindakake kawajibane dhewe / sanadyan tan sampurna rampunge / katimbang kawajiban liyan sanadyan kanthi becik / katimbang kawajiban liyan kang ngutawatiri//
Kresna  arsa nyemoni Arjuna manawa aluwung njejaluk  katimbang  perang mrajaya kadang. Njejaluk ing kene tegese, nilar kadonyan  lan  teteki ngudi jatining bebener, dene nedha lan nginume kanthi ngranti pawehing liyan.
Kang mangkono iku nora dadi karsane Kresna, amarga Arjuna iku jejering Satriya, tegese  dheweke duwe jejibahan kang kudu den  ayahi  jroning pabaratan,  kayadene wong tani darmane  nggarap  tegal-sawahe,  dwija darmane  kanthi  weh piwulang ing pasinaon, lsp. Manawa  ana  manungsa kang  nilar kawajibane lan ngayahi pakaryaning liyan,  bebrayan  gung bakal kisruh,  lan ing ngarsaning Pengeran ajining pikoleh saka darmaning  manungsa iku hamung aneng greget bektine kang den papanake  ing karya  iku dhewe.  Greget kang kapapanake ing karya iku  nyuceni jiwa nyaketake mring kamulyan langgeng.
Arjuna tetanya :
36. //Duh Warsneya, punapa ta / ingkang anjurung manungsa tumindak dosa / pakarti kang datan jumbuh ing sanubari / kados-kados kanthi paksa//
Miturut pamawasing Arjuna, manungsa asring rumangsa kapeksa  nindakake sawijining  pakarti  kang kosokbalen kalawan  kekarepane  dhewe.  Akeh manungsa kang  makarti ala nanging nora bisa selak manawa  jro  atine rumangsa  manawa tumindake iku luput, ewadene pakarti ala iku  mau  ya kudu den lakoni.
Sabda Sri Bhagawan :
37. //Iku nesu, iku nepsu / tuwuh saka sipat guna / lelorone agawe sirna, hamung dosa yekti / kawruhana, lelorone iku satru sejati//
38. //Kadya geni kasaput ing kukuse / kadya pangilon kasaput ing lebu / kadya bayi jro guwa garba ibu / mangkono Jiwa kasaput ing nepsu//
Ngendikaning  para wasis, manawa nesu iku tuwuh saka nepsu,  uga  bisa kasebut  loroning  atunggal. Nesu iku dumadi amarga nepsu kang nora keturutan.
Ana  gegambaran  Jiwa kang kasaput ing sipat guna ( nepsu lan  nesu  ) miturut tatarane. Jiwa kang kasaput sipat guna nora pati kandel kagam­barake  Geni kasaput kukuse, manawa ana angin bakal sirna kukuse  lan katon  genine.  Manawa sipat guna saya kandel, den ibaratake  Pangilon kasaput  lebu, tegese mbutuhake upaya kanggo nyingkirake  lebu  amrih pangilon  bisa katon maneh. Dene, tumrap sipat guna kang kaliwat  kan­del, pindhane Bayi jroning guwa garba, amrih bayi lair kanthi wilujeng kudu  ana upaya uga kudu sabar ngenteni titimangsa.  Kawruhana,  sipat guna iku dadi sandhanganing manungsa, mula tan ana manungsa kang luwar saka  sipat  guna.  Iku tegese, upaya nyingkirake sipat guna  ya  kudu dilakoni.
39. //Katutup korining kawruh, Kunthiputra / tumrap kang wasis wicaksana / dening hawa nepsu kang yekti hangangsa / kang minangka satru satuhu//
Hawa-nepsu  iku  satru sejati tumrap manungsa.  Tumrap  manungsa  kang cekak kawruhe,  hawa-nepsu nora nggegirisi kaya  kang  rinasa  dening manungsa  kang wasis. Wong bodho den reridhu dening nepsune  hamung sawatara,  amarga dheweke nora pinter ngudhari ruwete.  Nanging, wong wasis bakal langkung kasiksa dening ubaling nepsu. Amarga, saya den upaya nuruti hardaning nepsu, kepara ngambra-ambra  nepsu  ambrongot, ibarat geni digrujug lenga. Pancen, Nepsu iku satru sejati !
40. //Pancadriya, wardaya lan cipta / iku minangka titihane / kanthi kawruh wus kasaput nepsu / tuwuh jroning raga jiwa kang bingung//
Manawa nepsu wus nguwasani pancadriya, sabanjure bakal nguwasani  ati, pepuntone ngasorake pamikir, satemah sirna sakabehe.
41. //Saka iku, he Bharata kang prayoga / kapisan kendhalenana pancadriyanira / lan sirnakna nepsu kang adus dedosa / panglebur sadhengah kawruh lan kabecikan//
42. //Kang ngandharake pancadriya iku agung /  kang luwih agung yaiku ati / kang ngluwihi nurani yaiku kawaskithan / kang agung kalangkung iku Jiwa//
43. //Dadi, nyumurupi yen Jiwa kalangkung agung / kanthi meper jiwanira kanthi Jiwa / sirnakna satru kang awujud nepsu / kang nora gampang den asorake, he Mahabahu//
Ngendhaleni pancadriya, nurani lan cipta iku wajib. Nanging upaya kang mangkono iku  datan bisa sapisan kajangkah. Rasa  rumangsa  kudu  den wiwiti kanthi kawruh meper pancadriya, mekak pepinginan lan pungkasane ngendhaleni cipta.
Laku meper pancadriya iku dudu barang gampang, nanging yen wus kasil, iku dadi margane bisa ngendhaleni nurani lan ciptane amrih bisa  nyu­murupi  manawa dhirine iku kalebu peranganing  Jiwa kang langgeng. Pepuntoning  laku, manawa nepsu wus bisa den kendhaleni bakal  ginayuh katentreman jiwa.
Wus kacarita ing ngarep manawa Arjuna tansah  rangu-rangu  jumangkah prang karana jiwa kasatriyane lan dosa kang bakal sinangga.  Mangkono iku  minangka gegambaran sejatine polahing jiwa manungsa kang  ngancik sangareping kori tumuju tataran batin kang luwih dhuwur.
Arjuna mbeguguk ngutha waton nora gelem maju perang, hananging Sri Kresna tansah nglelipur uga ora mbenerake manawa dheweke  sedhih  lan mangu-mangu manahe.
Ing kene Kresna njlentrehake manawa kang wus Wruh ora bakal sedhih ing pati, urip apadene…, sabab manungsa mesthi mati. Ing paprangan  kang mati hamung wadhage nanging satemene jiwa iku datan sirna.  Kang Wruh, sejatine  nora mateni sapa bae. Wajibe satriya iku njejegake  Bebener, ngundhuh kamenangan ing donya iki lan kabagyan ing mbesuke, lan perang ing madyaning yuda iku ora agawe dosa. Kelangan Kasatriyane luwih asor tinimbang pati.
Sejatine  pati iku salin raga, lan jiwa kang cumondhok ing raga  bakal oncat mring raga liya, pindhane lukar busana hangrasuk busana liya. Nerna ciptamu tumuju mring Kasucen Jati, makarti  tanpa nggegadhang nugraha, sumarah mring Kang Maha Suci.
1. //Dumateng Arjuna, kang kerem ing raos welas asih / kanthi soca akekembeng waspa / lan rinujit manahnya / Madhusudana micara makaten//
Sabdane Sri Baghawan :
2. //Saka ngendi tekane sedhih lan nglokro / ing kahanan kaya mangkene iki / patrap dudu kaya satriya / tan luhur lan nglelingsemi, oh Arjuna//
Arjuna maksih duwe rasa welas marang kadang-brayate yaiku Kaurawa kang bakal den adhepi.  Rasa welas kang mangkono iku  nora  trep  kalayan sipating satriya, sipate Wangsa Arya.  Kamangka Wangsa Arya iku tansah nyandhang sipat wani, teguh, agung lan luhur pakartine.  Nadyan wujude kadang, yektine Kaurawa iku satru kang hambeg budi candhala lan  kudu sirna.
3. //Aja den umbar kasangsayanira / kang mangkono iku dudu watak Arjuna / sisihna rasa nglokro lan miris iku /  gya bangkit oh satriya prawira//
Arjuna ambantah :
4. //Nanging kedah kados pundi kula, Madhusudana / saged mrawasa Bisma saha Drona / kanthi warastra ing payudan / mangka piyambakipun patut kula pepundhi, Arisudana//
5. //Ing jagad punika, kalangkung sae gesang nistha / katimbang mejahi para gurudibya / nadyan keblinger nanging tetep guru kula / mrajaya piyambakipun sami kalayan gesang adus getih//
6. //Kawula mangu-mangu, pundi kalangkung sae / numpes piyambakipun punapa kula katalikung / para putra Drestarastra kang kita kedah perjaya / lan mboten pantes urip, sampun angadhang //
7. //Semple manah kula, puthek pamikir kula / babagan jejibahan, kula nyuwun pitedah paduka / kawedharna mring kula kanthi gamblang pundi kalangkung sae / kula siswa paduka, ing paduka kula dhedhepe, kawedharana kula//
8. //Karana, kula datan mangertos kang saged amberat / duhkita kang hanyirep pancadriya punik / Nadyan saumpami kawula regem kawiryan lan panguwaos / datan pepindha sarta wasesaning kahyangan//
Arjuna  nora bisa nglakoni urip mulya manawa kudu adus getih,  jalaran urip  kang mangkono iku sejatine kanisthan, kasangsaran,  angkara  lan nerak jejeging adil. Arjuna ora mung nglokro, was-sumelang lan mangu-mangu  nanging  uga  nyadhong pituduhe Sang  Gurusuci.  Amarga  hamung Kresna kang bisa paring pepadhang, lan uga bebener murih bisane  ndulu endi bener lan endi luput.
Ature Sanjaya :
9. //Sasampunipun pratela dhumateng Kresna / Gudhakesa angucap mring Gowindha / “Kula tan badhe magut yuda” / nuli kendel salaksa kata//
10. //Jro swasana karanta-ranta / ing madyaning barisan kekalih, duh Bharata /, sinartan eseming lathi Hrisikesa / pitutur makaten//
Kresna  uga asring katelah Aciuta (kang nora kengguh), Arisudana (tansah unggul ing yuda), Gowinda (pamomong, cahyaning cipta ), Hrisikesa (kang murba pancadriya), Janardana (tameng munggweng janma ), Kesawa (arikma ngandhan-andhan), Madawa (Garwane Laksmi Dewi), Madusudana (kang mbesmi Yaksa Madu), Mahabahu (asanjata sekti), Warsneya (trah Wangsa Wrisni), Wasudewa (putra Wasudewa), Wisnu (titisane Bathara Wisnu), Yadawa (trahing Wangsa Yadu). Kajaba iku Kresna uga nduweni jejuluk: Hari, Harimurti, Kesinisudana, Mahayogi, Narayana, Purusotama, Sri Bhagawan, Yogeswara.
Kresna jejuluk Sri Bhagawan, piyambake kang medharake Wewadining Jiwa, amarga Jiwa minangka bab kang siningit lan suci, ora sadhengah titah bisa wruh. Ing kene Kresna mengku karep  supaya Arjuna  bangkit kasa­triyane, nuduhake marganing urip lan gya murwani karya minangka jejer­ing satriya.
Sabdane Sri Bhagawan :
11. //Sira sedhih tumrap wangsa culika / nanging sira micara budi pakerti / Sang Luhur Budi kalis ing duhkita / ya tumrap sasama lan kang sumare//[1]
Janma  Luhur  Budi ora bakal sedhih nyumurupi kahanan  apa  bae,  awit panandhang lan  patine manungsa kudu kalakon. Iku  ora  ateges  sirna sipat asih marang sasama, nanging kapara kudu mangkono.
12. //Tan ana wektu, kang ing kono / ingsun sira lan para raja iki ora ana / lan tan bakal ana saat ing kono / ananing ana tan bakal purna sanadyan sawise urip iki//
Ukara kang muni “ingsun, sira lan para raja” ing kene dudu sipat badan wadhag, nanging Jiwa (uga asring sinebut Jagad Alit) kang mapan  jron­ing  raga, minangka peranganing Jiwaning Jagad Gedhe.
Sejatine  Jiwa  iku titahing Pengeran kang linair ing  alam  langgeng, mula  Jiwa kalebu “perangan sejatine ana”, “Sejatine Ana” ora liya  ya muhung Pengeran. Mula ing kene Jiwa katelah “perangan”, lan kang “ana” iku ora bakal sirna.  Dene raga iku cinipta ing jagad maya, ya  kalebu ing  perangan  sejatine “ora ana”, mula dheweke kudu  nyandhang  sipat owah  gingsir lan pepuntone  bakal sirna  yen wus tekan mangsa  kala, kalane pepisahan lan Jiwa.
13. //Sawise mapan ing raga iki / wiwit kuncung nganti gelung / tan wurung jiwa mring raga liya malumpat / Sang Luhur Budi datanpa kengguh//
14. //Sesambungan lan badan wadhag, oh Arjuna / nuwuhake adhem lan panas, suka lan sangsaya / lan kabeh iku teka-lunga, datan langgeng / mula sangganen, Kunthiputra//
Yektine rasa seneng lan sedih iku tuwuh lan subur amarga di openi lan den kulinakake dening raga.  Nora tembung trep manawa  manungsa  kudu seneng kalamun lagi katurutan lan sedhih manawa lagi cabar kakarepane. Manungsa bisa darbe rasa anteng jatmika lan padha sampurnanya ngadhepi leloro prakara,  amarga hamung rasa Kumingsun kang kaprabawan dening pakulinan  iku. Kumingsun iki tansah makarti sasuwene  jiwa  kinunjara dening raga, lan gumantung marang kawruh lan pakartine jiwa iku dhewe.  Kalamun Jiwa wus mardika, satemah wening ing cipta, lan bakal ngadhepi sakabehe (seneng lan sedhih, adhem lan panas)  kanthi prasaja lan sampurna, amarga dheweke wruh manawa sabarang kang teka iku bakal lunga.
15. //Manungsa kang ora kengguh / oh Arjuna, kang tansah jroning duhkita / lan suka, kang Jejeg kapitayane / wus trep langgeng gesangnya//
Urip  langgeng iku nora padha kalayan kabeh titah ing jagad iki.  Urip kang mangkono  luwih  luhur katimbang urip lan  pati, ora  nyandhang seneng  lan sedhih, adhem lan panas, tan kaprabawan  sadaya prastawa. Gesang langgeng iku wujude sampurnaning cipta tumuju manunggaling jiwa lan Jagad Ageng kang abadi.
16. //Kang ora ana, ora bakal ana / kang wus ana, bakal ana salawase / Lelorone hamung bisa den mangerteni / dening manungsa kang wruh Sejatine Bebener//
17. //Kawruhana, kang anglimputi samudayane iki / tangeh rinusak, tan ana kang bisa nyirnakake / Sejatine, tan kajamah kasirnan//
18. //Badan wadhag – kang madhahi / kang langgeng, tan rinusak / lan tan winates – bakal musna / mula tumandanga, he Bharata//
Kang sinebut “Sejatine” utawa “Kang Sejati” ing kene tegese Jiwa, mula sinebut Sejatine  amarga  tan bisa den nalar  kanthi kawruh  kaprah, nanging nembe bisa dimangerteni kanthi Kawruh Sejati, ya Ngelmu  Hakikat.  Dene,  Raga iku dudu wujud sejati nanging hamung wewayangan, lan nora  bisa  gepok  senggol kalayan sipat  kalanggengan  apamaneh  kudu manunggal. Raga mangkono cinipta saka anasir papat, lan Jiwa saka Nur.  Nanging  tumrap manungsa kang wruh marang jejibahan, ora jeneng  aneh manawa Raganya nyandhang sipat langgeng.
Raga kataman rusak lan sirna, jiwa kalis sipat mangkono.  Mula,  padha makartia mumpung jagad maksih padhang lan raga durung  sirna,  amarga Jiwa bisa makarti uga migunakake titihan raga. Titi mangsa sirna raga, wus puput wektune makarti. Urip pindha mampir ngombe suwene.
19. //Kang ngira Jiwa iku bisa gawe pepati / lan kang duwe panyangka yen Sejatine bisa dipateni / lelorone iku cubluk sayekti, amarga / Kang Sejati iku kalis saka sipat merjaya lan pinerjaya//
20. //Kang Sejati iku ora linairake lan mati / yen wus ana ora bakal ora ana / Sejatine ora linairake, langgeng salawase / Kang Sejati ora sirna sanadyan raganya mati//
21. //Kang Wruh, – Kang Sejati datan sirna / langgeng, tanpa lair, tanpa owah /  Kepriye bisane, he Parta / mateni lan ngupaya pati-Ne//
22. //Kayadene sira lukar busana / lan ganti barang kang anyar / mangkono Jiwa ninggal raga lama / lan ing raga anyar humanjing//
23. //Kalis landheping gegaman / tan kebrongot ing dahana / tan garing ing samirana / tan teles ing warih//
24. //Kang Sejati kalis dayaning gegaman / dahana, samirana lan warih / Sejatine langgeng, tan owah / tan gingsir, panggah salawase//
25. //Jiwa winursita tan kajamah / lepas jagading pikir, ora owah / Yen wruh Sejatine mangkono / mesthine sedhih datan sinandhang//
Jiwa  kalangkung luhur tinimbang sabarang anasir, langgeng lan  tangeh dinalar. Jiwa datan murba lan kapurba dening pakarti, uga nora  kapra­bawan  dening  owah gingsiring pikir, urip lan raga.  Kabeh wuwujudan bisa owah, teka lan lunga, nanging Jiwa tetep panggah salawase.
26. //Manawa dadi pangiramu mungguh / Jiwa tansah lair lan mati / ananging, oh Satriya asanjata dibya / samesthine haywa sira nalangsa//
27. //Tumrap kang lair, pati iku wus pesthi / tumrap kang mati, lair iku kudu / mangkono iku sayektine ora bisa den selaki / mula sira datan pantes nandhang roga//
Nadyan  pati  tan bisa diendhani, nanging ora  ateges  kudu  mbenerake dumadine rajapati, nganyut tuwuh lan paprangan. Janma tan bisa ngarep-arep  petine  manungsa kanthi wawaton manawa kabeh titah  kudu  mati. Tumrap Jiwa sampurna, nora bakal nggege mangsa jangkaning jagad.
28. //Titah iku ing purwane datan katon / mung katongton ing madya kala / lan samar ing wusanane / genea mesthi sedhih, he Bharata//
Purwane lan wusanane, titah iku nora wujud, dene anane ing kala  madya ya jroning jagad iki,  ora liya hamung wawayangan.  Mula, aja manungsa cilike  mrabawani gedhene ngendhaleni Jiwa. Kang mangkono aja  nganti dumadi.
29. //Ana titah wus andulu sipat Agung-Nya / ana kang micara Kawibawan-Nya / lan uga hangrungu Wisesa-Nya / hananging nora sawiji kang wus krungu mangerteni//
Nora  kathah  kang wruh, mireng lang micara babagan Jiwa,  karana  ora akeh kang rila laku jejeg ing kapitayan lan makarya tanpa pamrih. Akeh kang  kepengin mgregem sejatining bebener, nanging dheweke  nyandhang rangu  lan  miyur. Manawa kalis ing rarangu,  keh-akehe  samya  mupus amarga awrating panyandhang jro lumaku ngudi sejatining bebener iku.
30. //Kang mapan ing sadhengah titah / nora bakal bisa kaperjaya / Saka iku, oh Bharata, aja ngumbar wiyoga / ing patine titah singa-singa//
31. //Eling mring kawajibanira / sira aja nganti miris / Tumraping satriya tanana kang luwih mulya / kajaba ngrungkebi jejeging adil//
32. //Mongkoging para satriya, oh Parta / piniji labuh nagara / tanpa den upaya ugi / kori kaswargan wus tinarbuka//
33. //Kalamun sira datan hanglakoni / ngrungkebi jejeging adil mau / ninggalke kawajiban lan kasatriyanmu / mula, dosa gedhe tumrap jeneng sira//
Tetembungan  ”perang”  lan  ”satriya”  mengku karep  lair  lan  batin. Perang njejegake bebener tata lair mbelani nusa, bangsa lan agama, uga minangka perang antarane ala lan becik. Sapa kang selak kanthi wawaton kiyanat, miyur lan jirih iku dosa.
Satriya  mangkono nora hamung amarga manungsa linair satriya,  nanging luwih katujokake  marang “darmaning satriya” kang  den  wujudake  ing sipat lan pakarti.
34. //Kridhamu bakal dadi pocapane kawula / lan tumrape janma kang linuhung / kelangan kawiryan iku / luwih nistha tinimbang pralaya//
35. //Para satriya gung bakal nganggep / sira ngucireng yuda / lan uga kang biyene hamujakrama / samengko ngesorake kanthi pangina//
36. //Akeh  pangundhamana  marang sira / dening para satru / ngala-ala lan ngina katiasanmu / Apa ana kang luwih nyedhihake katimbang iku//
37. //Umpama tiwas, sira bakal manjing swargaloka / utawa yen jaya, sira bakal ngisep maduning donya / Mula agya bangkit, Kunthiputra / gelengna tekad, hamagut yuda//
38. //Kanthi pianggep suka lan duhkita / bathi lan rugi, jaya lan asor, tan prabeda / nuli maju acampuh prang / sira tan tumindak dosa//
39. //Mangkono piwulang Sankhya mring sira / nuli piarsakna piwulang Yoga / Manawa sira sawega hanampa, he Parta / sira bakal kalis saking pangiketing karma//
Sejatine Satriya jroning paprangan hamung sasangu tekad lan kapitayan, datan nggegadhang jaya, seneng, donya, panguwasa lan swarga.   Manawa wus mangkono Satriya,  seneng lan sedhih, jaya lan asor tan prabeda. Satriya  bisa makarti ing kahanan singa-singa, kalis  ing  pangiketing kawajiban lan pangiketing panjangka.
40. //Jro prakara iki tan ana muspraning upaya / tan ana sambekala datan purna / nadyan sethithik dharma iki / satemah kalis ing rasa giris//
41. //Santosaning cipta, Kurunandana / tumuju marang pangajab sajuga / Hananging kang maksih kapirangu / megar ambyar tanpa wusana//
42. //Tembung ngayawara lan samudana /  kaucap para Sankuni / ngrasakake kang sinerat ing Kitab / lan pratela : ” ora ana liya kajaba iki !, he Arjuna//
43. //Nepsu pribadi lan kaswargan dadi pangajabnya / bakal lair utama minangka kanugrahan / Lan kang weh pitutur yekti / nedya ngupadi kamulyan jati//
44. //Kang ciptane maksih kengguh / marang pepinginan kamulyan lan panguwasa / kinunjara piwulang kang mangkono / ora manther, tan patut laku samadi//
45. //Kitab Suci wus ngandharake piwulang Triguna, Arjuna /  Luwarna pribadimu saking Triguna, uga saka loroning sipat / Nerna budimu marang kasucen yekti / luwarana dhirimu saka wisayane kadonyan, manunggal lan Jiwa//
Sakabehe  isen-isen jagad iku darbe watak telung prakara kang  sinebut Triguna. Triguna saka tembung Tri tegese telu, Guna tegese sipat utawa watak.  Sapisan, watak lantip, padhang, resik,  bungah,  lan anteng. Kapindho, trengginas, carub wor, nepsu, sedhih, sarta leget. Dene kang Katelu,  cubluk,  peteng, reged, kebluk, lan mati.  Dadi,  raga  utawa wadhag nduweni siji antarane tetelu sipat iku.
Kresna mamrih supaya Arjuna luwar saka Triguna utawa cethane uwal saka pangiketing sipat, sandhangan lan watake raga, uga kalis saka kunjarane Loroning sipat, yaiku ala-becik, seneng-sedih, adhem-panas, lsp.
46. //Wimbane sendhang ing tlatah banjir / karoban warih sadhengah papan / mangkono iku Kitab Suci / tumrap brahmana kang wicaksana//
47. //Kawajibanmu samengko hamung tumindak / makarya datan kinanthen pamrih / Aja sapisan nugraha kang kaesthi / uga aja mung kendel dadi parane karti//
Ukara “makarya datan kinanthen pamrih” iku nora ateges “makarya  tanpa ngarep-arep  pituwas”, sabanjure kalis ing sadhengah  panjangka,  kaya gegambaran iki : Wong olah tetanen kang sregep nggarap sawahe,  nalika wus wancine panen, karana ora ngarep-arep kasil, banjur pari  kaobong. Ora… dudu mangkono, karepe !  Werdine mangkene : Pepucuking panjang­ka  manungsa  iku makarya lan tumindak murih luwar  jiwane  tumujweng kamardikan langgeng, manunggal lan Sejatine Jiwa. Mandheg lan  nora  nggape marang kawajiban sarta  tanpa  makarya  lan tumindak,  uga  dudu mangkono.  Amarga makarya kanthi  pamrih  nugraha utawa nora ngape marang kawajiban mangkono, lelorone  ateges ngumbar jiwane satemah jiwa tansah kinunjara.
48. //Nerna ciptamu marang kasucen yekti / Makartia datanpa pamrih, Dananjaya / teguhna mring guna lan uga tiwas / karana, teguhing jiwa yaiku marga//
Teguhing  Jiwa  tegese menebing jiwa, kang wus bisa  ngasorake  nepsu, kanepson, gegayuhan, sarta patrap adigang-adigung-adiguna.
49. //Asor kawiryanira lamun ngemungken karya / tanpa teguhing budi, he Dananjaya / Sumaraha marang Kang Maha Pirsa / muspra kang ngarep-arep pituwasing karya//
50. //Kang wus manunggal kanthi budi suci / prasaja mring ala lan becik / mula, tindakna yoga /  amarga mung Yoga kang waskitha ing karya//
Janma kang wus meneb jiwane, datan kasampiran pamrih pribadi ing sakabehing pakarti, saka iku dheweke luwar saka sipat asor lan ang­kara.  Ciptane prasaja, satimbang, wening, nora rinegedan dening sipat, sandhangan lan watake raga.
51. //Janma kang jiwane manunggal lan Kang Maha Pirsa / tan nggegadhang pituwasing pambudi / Ngluwari dhiri saking pangiketing kalairan / tumeka papan ing kono kalis ing kasangsayan//
52. //Manawa ciptamu wus bisa luwar / saking wewayanganing kadonyan / sira bakal teguh marang / kang wus lan bakal kapiarsa mengko//
53. //Manawa warta mamrih tumpangsuhing ciptamu / jejeg tan miyur maneh / tansah samadya ing samadi / iku ateges sira wus ngancik yoga//
Manungsa  kang kalis ing pangiketing kalairan, dheweke wus mapan ing tataran Kamardikan, ing kono bakal kalis ing sadhengah kasangsayan.
Warta,  ya  prakara kang wus-nedheng-bakal kapireng, ing  kene  tegese Kitab suci.  Manungsa kang wus Meneb, tan mbutuhake maneh kitab  suci, karana dheweke wus mapan ing tataran luwih luhur, lan kang kaserat ing Kitab suci wus manunggal ing cipta, wicara lan pakartine.
Arjuna tetanya :
54. //Punapa pratandhaning manungsa wicaksana / lan teguh kapitayan ing samadi, duh Kesawa / Kados pundi pambudinipun, micara / tata lenggah, miwah lampahipun//
Sabdane Sri Bhagawan :
55. //He Parta, yen manungsa nyirnakake / saliring nepsu kang tuwuh jro atine / lan suka hamung kanthi bekti mring Jiwa / mula dheweke den arani manungsa kang teguh kapitayane//
Manungsa kang ngumbar hardaning nepsu, mburu apa kang kudu den mangsa, sejatine dudu nepsune kang rinegem, kepara jiwane kang kajaring dening nepsu,  kaya ula kang binungkus kulite dhewe. Mula, manungsa kang  wus luwar saka kunjaraning nepsu, gegembarane kaya Ula nglungsungi.
56. //Janma kang datan sedhih jroning sungkawa / jroning suka tan bungah kalangkung / kalis ing nepsu, nesu lan ajrih / mangkono iku kasebut wong suci teguh kapitayan//
57. //Kang ora nduweni pepinginan apa bae / suka lan sedhih tan ginape / Nadyan kamulyan lan kasangsayan sinandhang / den arani nduweni teguhing Jiwa//
58. //Pindhane Penyu nggeret sikile lumebu ing awakke / dheweke meper lelima pancadriya / saka sadhengah pepinginan / mangkono Jiwa yen wus teguh//
Nepsu, nesu lan wedi iku godha tumraping jiwa, seneng lan sedhih iku kalebu peranganing nepsu. Janma kang wus luar saka tetelu godha iku pepuntone  bakal kalis ing prabawaning seneng lan sedhih.  Ing  titi mangsane  bakal  ngrasa  yen seneng lan sedhih iku  tan  prabeda,  iku tegese  wus bisa ngendhaleni dhiri, nguwasani godha kang sawau  tansah hanglimputi.
Manawa  kamulyan nedheng rinasa, becike aja den  gung-gungake,  samono uga  yen nandhang sangsaya haywa ngomel tan karuhan.  Pindhane  sekar kang mekrok lan alum, adhepana kanthi prasaja, aja mung yen mekrok lan wangi  tansah den pupuji, yen aking tebih kabuang.  Mangkono  manungsa kang wus meneb, satimbang ing kahanan suka lan duhkita tan prabeda.
59. //Kang bisa ngendhaleni hawanepsune / pepinginane sirna, nanging rasa kapang maksih sinandhang / lan kapangnya iku uga bakal sirna / lamun Kang Maha Pirsa hangejawantah//
60. //Sanadyan dheweke Sang Luhur Budi / wus kanthi sawutuhing pambudi, Kunthiputra / Nanging pancadriya kang ura / bakal mrawasa mbergandang jiwane//
Hawanepsu pancen bisa kapeper, pepinginan bisa  kasirnakake.  Nanging manungsa kang wus meper hawanepsune, keh-akehe maksih nyandhang pepinginan ing atine.  Saka iku, nora hamung pancadriya, uga jiwa kudu kapeper dimen bisane manunggal. Yen jiwa wus manunggal kalayan  seja­tining jiwa, iku margane Pengeran Hangejawantah.
61. //Sawise bisa ngendhaleni sakabehe / dheweke kudu lungguh kanthi nering cipta marang Ingsun / Karana, kang bisa ngendhaleni pancadriya / den wastani nduweni teguh kapitayan//
Tetembungan “Ingsun” tegese Pengeran Kang Maha Pirsa, kang den lisanake dening Kresna. Sabdane Kresna, sadhengah upaya iku muspra  kalamun nora kinanthen nering cipta lan datanpa lalandhesan bekti mring Gusti. Lakuning Jiwa, datan hamung nering cipta lan meper hawanepsu, uga kudu kanthi adrenging karsa lan laku bekti kang datan kendhat.
62. //Yen ciptane tansah tumuju marang kadonyan / mula, pepinginan wus tuwuh / Lan pepinginan iki nuwuhake nepsu / lan nepsu agawe nesu//
63. //Saka bramantya nuwuhake petenging pikir / petenging pikir nuwuhake lali / lali agawe rusak marang ciptanira / cipta tan tumata iku purwane kasirnan//
Nepsu  iku daya kang ngedab-edabi. Manungsa bisa ngregem kamulyan  lan kawiryan sundhul  wiyati amarga dayaning nepsu. Nepsu uga  kang  bisa njlomprongake manungsa  marang jurang kasangsaran. Nepsu  kang  cabar panjangkane dadi nesu kang makantar-kantar, temah gela wusanane.
Nepsu  gawe  nesu,  nesu gawe petenging pikir,  petenging  pikir  gawe rusaking pikir, pupuntone rusaking pikir agawe sirna.  Sirna, ing kene mengku  karep  sirnaning  budi luhur lan tuwuhing  budi candhala.  Ya mangkono iku  kang sinebut Mati sajroning urip,  utawa Pati sadurunge mati.
Mangkono  mulabuka dumadine budi candhala iku saka pikir, kanthi  lon-lonan rumesep jroning jiwa, nora amung mrabawani, kapara nguwasani.
64. //Nanging janma kang teguh kapitayan / sanadyan urip ing madyaning kadonyan / tansah ngendhaleni nepsu, kalis ing seneng lan serik / ngregem katentreman jro jiwane//
65. //Jroning jiwa kang wening / saliring kasangsayan wus sirna / Ciptane janma wening jiwa mangkono / teguh sumare jroning katentreman//
66. //Kang ngumbar hawa-nepsu, ora duwe kasantosan / jiwane getas, tan bisa ngancik nering cipta /  Datanpa nering cipta, tangeh katentreman ginayuh / tanpa katentreman, ing ngendi ana kamulyan//
67. //Manawa cipta wus kerem ing pancadriya / kerem uga kawruh kabecikane / kadya bayubajra hanrajang / baita kerem ing samudra//
68. //Mula, janma kang bisa ngendhaleni / pancadriya saking saliring nepsu / pepinginane iku, he Mahabahu / hamung jiwanya ngancik kasampurnan//
Pancadriya iku tangeh kapegat kalayan nepsu lan pepinginane  manungsa. Bisane hamung den kendhaleni lan dikuwasani dening jiwa kang  prakosa. Tetembungan “Mahabahu”  tegese  satriya asanjata  sekti, ya Arjuna. Werdine : Arjuna iku nyandhang sanjata jiwa kang prakosa.
69. //Apa kang peteng tumrap kabeh titah / iku padhang mungguhing kang Wruh ing jiwa / awan tumrape titah / iku bengi mungguhing kan Wruh ing jiwa//
70. //Wimbane kali mili mring samudra / nadyan tansah kisenan banyu nanging nora obah / Mangkono manungsa teguh jiwa ngancik katentreman / nanging dudu manungsa kang ngumbar hawa-nepsu//
Tumrap  lumrahe manungsa, sejatine bebener iku katon  peteng,  nanging mungguhing Manungsa Wicaksana bebener iku padhang njingglang sinawang. Dheweke  bisa weruh wuwujudan kang maksih samar tumrap manungsa  liya, bisane mangkono amarga migunakake Pramana Jati.
Tumrap  ngakathah, siang iku minangka saat kanggo ngupaya  kamulyaning urip. Kamulyan  mungguhing kang Wicaksana hamung  bisa  ginayuh  ing sonyaning ratri. Jiwane tansah wungon rikala jiwa manungsa padha turu. Ing  wayah  awan, kalane manungsa nggugah pancadriya,  sang  Wicaksana kapara nutupi babahan hawa sanga.
Gegambarane Manungsa Wicaksana iku kadya samudra kang nora  kaprabawan dening  ilining banyu saka maewu-ewu tuk. Mangkono manungsa  kang  wus ngregem  Katentreman  Jiwa datan  kaprabawan  dening polah-tingkahing nepsu kadonyan kang lir-gumanti mrepegi sasuwening urip.
71. //Manungsa kang amberat saliring nepsu / lan jumangkah kalis pepinginan / sirna rasa “Ingsun” lan “Kumingsun” / andungkap katentreman jroning jiwa//
72. //Mangkono drajade kasucen yekti, he Parta / Dheweke kang wus ngancik drajad iki / nadyan tumekeng lalis, tan sumelang maneh / lan ngancik kaswargan manunggal lan Pangeran//
Manungsa  kang wus amberat hawanepsune, nora darbe  pepinginan  marang samubarang  kanggo agunging  dhiri, lan ora duwe  rasa  duwe.  Kanthi mangkono katentreman kang rinaos, kalis ing suka lan sedhihing  urip. Sabdane  leluhur  : “Kasarasan iku kabagyan kang  linuwih,  Marem  jro kaprasajan iku bandha kang matumpa-tumpa, Kapitayan iku rowang sejati,  Swarga iku kamulyan sejati”.
Manungsa  kang tumeka ing swarga iku mapan ing alaming  Pengeran  Kang Maha Agung, ing kono manggon salawase sumandhing lan Penjenengane.
Swasana samaptaning yuda kang gumuruh ing madyaning Kuruksetra  ginambar wontening Perangan Kapisan inggih punika Kurawa lan Pandhawa kekalihipun kadang tunggal wredha ananging samya memungsuhan. Kekalihipun  anggadhahi senopati kang prakosa  asikep gegaman  lan  piandel ingkang ngedab-edabi. Risang Arjuna  haniti  priksa wadyabala kalayan Risang  Kresna  kang pinatah minangka kusiring rata lan lakuning urip. Dumadakan Sang Arjuna rumaos kejot wontenipun wewayangan tumpesing wangsa Barata, wangsa lan pepundhene dhewe. Raganya rinasa ngalumpruk, manahnya geter lan giris,  ing  pangangen-angen tuwuh gegambaran leburing wewangunan, tatanan lair  lan  batin kang karana dumadining perang iki. Arjuna  tan kepingin tandhing yuda mateni sanak kadange dhewe amarga dadi mungsuhe. Ora karana wedi nanging rumangsa sedhih lan dosa. Arjuna kudu milih ing panggonan kang angel,  antarane panalangsa  lan panandhang.
Pangadikane Dhestrarastra :
1. //Ing palagan Tegal Kuruksetra / samapta yuda anak-anakku lan Anak Pandhu / apa kang bakal den lakoni / he.. Sanjaya/ critakna maringsun//
Kuruksetra  yaiku jagading manungsa, ya kayadene  wadhaging  manungsa, yaiku uriping manungsa, ing kono sipat ala lan  becik tansah rebut papan lan nguasani sakabehe. Pancen urip iku perang, perang antarane kabecikan  lan kawicaksanan lawan kanisthan lan  angkara. Gegambarane Kurawa dipapanake ing papan kang ala lan  salah,  ewadene  Pandhawa didunungake ing panggonan kang becik lan bener. Mula saka iku Kurukse­tra uga diarani Dharmaksetra, yaiku panggonan ing kono bab kang bener lan kawicaksanan utawa Dharma kang langgeng iku kudu ditohi minangka laku lair lan batin.
Ature Sanjaya :
2. //Kawula ngawuningani wadyabala Pandhawa / siaga madeg yuda ing madayaning rananggana / dene, Duryudana mrepegi Guru Drona / nuli humatur//:
Duryudana :
3. //Kawuningana Bapa Guru / ketingal tanggon wadya Putra-putra Pandhu / pun pandhegani Putra Maharaja Drupada /  siswa Guru Drona kang wicaksana//
4. //Ing riku Warastratama ugi / sami kalian Bima lan Arjuna / Yuyudana, Wiratha lan Drupada /, sadaya sami prakosa//
5. //Ugi Drestaketu Cekitana / lan Raja Nagri Kashi kang prakosa / Purujit sarta Kunthiboja / saha Saibia Banthenging manungsa//.
6. //Lan ugi Yudamaniu kang pideksa / Uttamauja kang gagah prakosa / putra-putra Subadradewi lan Draupadi /  sadaya satria gung.
Maharaja Dhestrarastra kang wuta uga digambarake kayadene wong wuta ing bebener, ora bisa mbedakake ala lan becik, bener saha luput. Lumrahe  kang kasenggol digunakake, ora mengerteni sapa sejatine kang becik lan luwih becik, rumangsane kang caket iku bener sakabehe. Kanthi kahanan mangkono iku dheweke ora bisa ndulu babar pisan, mula ora bisa mrentah kayadene ratu. Ing kono kraton diprentah  dening Duryudana sasuwene Anak-anak Pandhu ana ing pasetran, kanggo nggenepi prajanjen kang wus den putusake.  Hananging Duryudana ora gelem menehake  kraton kang kudune dadi darbeke Putra Pandhu, ya  Pandhawa, kang miturut  prajanjen  kawuri. Pokale Duryudana  iku  dadya mulabukaning Perang Agung Trah Bharata, ya Bharatayuda.
7. //Salajengipun kawuningana duh Bapa Guru /  Pandhita ingkang tuhu wicaksana /  para Manggalaning yuda ing barisan kita /  kagem paduka kawula sebataken para-para//:
8. //Sepindah paduka Bapa Guru, lajeng Bisma / Karna tuwin Kripa, sadaya tansah jaya / sarta Aswattama lan Wikarna / ugi Somadattaputra//
9. //Wonten malih satriya-satriya prawira / toh jiwa toh nyawa lelabet mring kula / hanyangking sanjata manekawarna / sadaya sudira ing rananggana//
Sejatine Maharata iku Kusir, dudu kusir kang ana, nanging Kusir pinunjul kang ngendhaleni lakuning kreta, ora liya yaiku  pribadining manungsa. Jagading urip iku kayadene kreta kang sineret jaran papat cacahe. Jaran papat iku nggambarake nepsu kang bareng uriping  manungsa. Mungguh babare mangkene:
Sapisan, Jaran awujud Cahya Ireng iku nggambarake Sipat Angangsa, nuwuhake luwe lan salit saha ngantuk.  Dununge ana ing weteng, dalane ing tutuk.
Kapindho, Jaran awujud Cahya Abang iku nggambarake Sipat  Brangasan, nuwuhake kamurkan, iri lan nesu. Dununge ana ing Empedhu, dalane ing talingan.
Katelu, Jaran  awujud Cahya Kuning iku nggambarake  Sipat  Birahi, nuwuhake kangen, pepenginan, rasa bungah. Dununge ana ing   Limpa, dalane ing paningal.
Kapat, Jaran awujud Cahya Putih iku nggambarake Swasana Katentreman, nuwuhake watak  loba ing kabecikan, kautaman lan  kaluhuran. Den  wujudake : pasa, tapa nganti lali marang  kekuatane. Dununge ana ing Balung, dalane ing Grana.
10. //Mboten kintenan kathahing wadyabala kita /, pun pandhegani dening Bisma / Andulu kathahing wadya kawuningan / Barisanipun Bisma//
11. //Jejeg angadeg jroning barisan / sira, samaptaa ing bragada / mbela Bisma iki /  padha lan drajat ira//
Ature Sanjaya :
12. //Murih nuwuhken tekad / Satria Kuru, Eyang Bisma / sru niup Sangkala Cangkange / gumuruh kadya Singa nggereng//
13. //Sangkala, Tambur lan Pung-pung / Bendhe sarta suling sungu / ngumandhang sesarenga / umyung gawe giris//
14.  //Wus madeg sanginggiling rata / abyor sineret Turangga Seta kalih / Kresna lan Arjuna ugi / samya niup Sangkala jaya//
Kreta, den umpamakake kaya dene titihan budi pakertine manungsa.  Dene Turangga den umpamakake kaya dene pancadriya, Tali sumampir gigiring turangga minangka pangekang pancadriya iku  dhewe. Kusir, sejatine panuntun jiwa.  Jiwa kang tansah mbedhal, rebut cukup – rebut keblat – rebut ner – rebut bener, nggugu karepe dhewe, tega mrawasa tatanan, mburu hardaning nepsu hangangas-angas. Rodhaning rata iku Cakramanggilingan,  mubeng tan ana pedhote, ora ngerti ngendi purwa ngendi  wusa­nane. Beja cilaka iku wus ginaris, bareng ruji-rujining rodha. Bungah lan  susah ora kena den merekake, yen wus pesthine bakal  teka  dhewe, yen durung pesthine dioyaka ora bakal kecekel. Ora usah nggege mangsa, menawa wus wancine… sapa kang bisa selak ?    Pecut dadi  panjurung ing  laku, uga dadi tandha lan ngelingake manawa  lakuning  urip  ora lumaku ing dalaning bebener.
15. //Sangkala Pancajania pun kumandhangken Kresna / Sangkala Dewadatta dening Arjuna / saha Bimasena kang galak kadya Asu-ajag / niup sangkala, aran Paundra//
16. //Yudhistira raja, putra Kunthidewi / niup sangkala, nama Anantawijaya / Nakula lan Sahadewa, sangkalanya / Sughosha lan Manipushpakau//
17. //Kashiraja, Warastratama manggala / Sikhandhi ugi maharathah / Dresthajumna lan Wiratha / saha Satiaki kang tan katandhingan//
18. //Drupada saha putra-putra Draupadi / lan Subadra putra, asanjata mahasakti / duh, ratu gusti kula pangareping nagri / sangking sadaya keblat samya haniup sangkala//
19. //Swara ngumandhang gumranggang / ngebeki akasa lan bawana / nggeterken manah / putra-putra Drestarastra//
Gumuruh swaraning bendhe-beri, gong, kendhang, tambur, suling sungu saha sangkala, mratandhani prang den wiwiti. Ing barisan Kaurawa, hamung Bisma kang haniup sangkala, dene ing laskar Pandhawa, lelimane haniup sangkala lan uga Kresna. Dene Sangkala iku minangka  pambrongot jiwaning prajurit lan minangka tengara siaganing prang.
Sangkala Sankham, kagungane Bisma, ginawe saka cangkang.  Sangkala Pancajania, tegese pamekak pancadriya, kagungane Kresna, digawe saka bebalung yaksa samudra. Sangkala Dewadatta, tegese nugrahaning dewa, kagungane Arjuna, wujude cangkang. Sangkala Paundra, tegese roh Bha­tara Siwa, kagungane Wrekudara. Sangkala Anantawijaya, tegese kajayan kang langgeng, kagungane Yudhistira. Sangkala Sugosa,  tegese swara ngrangin, kagungane Nakula. Sangkala Manipuspaka, tegese  sekar mu­tiara, kagungane Sahadewa.
Sangkala minangka pratandha purwaning yuda, lan uga nggambarake tengara wiwitaning urip manungsa. Purwaning urip, nalika lahir sinar­tan tangis. Ing madyaning gesang, tansah lir gumanti guyu lan  tangis. Wusananing urip, praptaning ajal kapaes kanthi eseming lathi tumrap manungsa kang buntas kewajibane urip.
Jabang bayi linair ing bumi kanthi anggawa tangis, amarga nyumurupi manawa dheweke katemben nilarake alam langgeng lan kudu  miwiti  urip ing alam maya. Kamangka, ing alam langgeng kahanane sarwa ajeg,  kalis ing sipat owah gingsir lan kasirnan. Ing kono, ora ana sayah, ora  ana luwe, ora ana rusak, ora ana sedhih, ora ana lara, ora ana pati.  Dene ing alam maya ya ing donya iki, kang langgeng hamung siji yaiku “sipat owah gingsir” iku dhewe.
Isining donya hamung sarwa semu, kang pinter bisa lali, kang digdaya bisa lena, kang dhuwur bisa kajlungup, lan kang urip kudu mati.  Akeh-akehe  manungsa padha lali marang kanyatan iki, satemah para manungsa tansah :
# padha rebut bandha kang yektine bisa sirna,
# padha rebut drajad kang wusanane kudu seleh,
# padha rebut menang kang pepuntone kudu mati.
Yen keturutan kang dadi karepe bakal gumuyu, yen cabar panjangkane bakal nangis.
Mula eling-denelinga wasitane para sepuh :
# Tumindaka sakrepmu, sejatine sira bakal ngundhuh wohing Pakarti,
# Trenanana kang siro karepake, sejatine kudu pepisahan,
# Uripa sakarepmu, sejatine sira bakal mati.
Manungsa  kang lali ing kene, tegese lali marang sangkan lan  paraning dumadi. Dheweke saka jagad liya, parane marang jagad liya, ing  donya iki hamung makarya lan tumindak saperlu ngudi sanguning urip ing alam kalanggengan.
Tumrap manungsa kang eling, yektine urip ing alam maya iki hamung ngenteni kumandhange sangkala kang kapindho, yaiku tengara akhiring alam  maya lan uga pratandha wiwitaning alam langgeng. Manungsa kang mangkono, kanthi eseming lathi mungkasi ing donya kang hamung sagebyarring thathit bebasane.  Dene, manungsa kang lali bakal kejot lan nembe emut manawa kudu tanggungjawab marang abeh amal kang den lakoni.
20. //Arjuna andulu putra-putra Drestarastra / kang siaga gegaman jro barisan / kanthi panji alambang Hanuman /  nuli menthang gandhewanira//
Arjuna minangka senapatining prang asikep panji kanthi lambang Hanuman sang Wanara Seta. Hanuman dadi pralambange Lelabuhan, Sucining  manah, lan Kasudiran kang kudu sinandhang para satriya.
Mangkono swasana ing palagan, Yudhistira tumingal mring wadyabala Kaurawa kang tuhu birawa kapandhegan Bisma, satemah tuwuh rasa miris. Arjuna tanggap ing sasmita, sumengka mungkasi sandheyaning Yudhistira kanthi caos atur : “Kang njangka Kajayan datan kathah saged ngasoraken kanthi kasantosan lan agunging panguwaos kalamun katandhingaken ka­layan dayaning Bebener, Raos pasedherekan, Welas asih lan Luhur  budi. Kajayan badhe rinegem lamun Kresna sumandhing, karana Kresna  minangka lambang Jejeging Adil lan Marganing Bebener”.
Sawise matur kang mangkono, Arjuna age samapta gati sawega diri tumu­jweng palagan. Eling-eling Satriya iki, pantes sinudarsana satriya samya. Wus trep yen Arjuna nyandhang sipat Wirotama, Surengrana, Sudibya, Santika sarta Bawa Laksana.
Arjuna  uga asring sinebut Bharata (trahing Bharata), Dananjaya  (jaya ing bandha-donya), Gudhakesa (rikma ngandhan-andhan),  Kunthiputra (putra Kunthidewi), Kurunandana (trahing wangsa Kuru), Mahabahu (asanjata sakti), Pandhawa (siji antarane lelima Pandhawa),  Parantapa (kang ngasorake para satru), Parta (putra Pritadewi), lan uga Anagha (kang ora nyandhang  luput), lan uga Bharatasaba, Bharatasattama, Bharatasresta, Janaka, Kuruprawira, Kurusattama, Kurusresta.
21. //Lan, duh Gusti Hamangku Bumi / mring Kresna, Arjuna humatur / Aturipun Arjuna / Lampahna rata tumekeng madya / madyaning barisan leloro, Kresna!//
22. //Amrih sun bisa nyumurupi / kang samya siaga, kadereng campuh / kang kudu sun adhepi samengko / jroning payudan iki//
23. //Lan bisa nyumurupi dhewe / kang samya carub wor, bebaris ing kena / lila mati mbelani hardaning nepsu / putra Drestarastra kang asor budi//
Putra Drestarastra, ya Duryudana, pambayune Wangsa Kaurawa kagambarake manungsa kang nduweni watak kaku, angkuh, licik, loba lan samubarang budi candhala. Nanging dheweke uga duwe watak  sura, julig, brewu. Kabeh tumindake hamung nuruti nepsu angkara, ora mikirake raharjaning praja kepara nyengsarakake kawulane, kang dipikir mung seneng, weteng, deleng.
Kaku : ora kober ngrungu atur pemute wong liya.
Angkuh : rumangsa ora ana kang ngungkuli kuwasane kajaba awake dhewe.
Licik : ngakali wong liya mamrih menange dhewe.
Loba : kepengin ngrengkuh samubarang kang kadulu.
Sura : wani, ora duwe wedi.
Julig : wasis yen tumindak ala.
Brewu : mbebuwang bandha tanpa guna mung golek mareme dhewe.
Katelah Duryudana mengku teges Culika ing paprangan. Kurupati iku Ratune wangsa Kuru, dene Suyudana  Sinuyudan karana asring weweh dana, sanadyan mung kanggo kasukan.
Duryudana minangka pangareping Kekuatan Angkara perang lawan para putra Pandhu. Lelorone minangka putra siswa Mahaguru Drona. Pandhawa minangka pralambang Kekuatan Luhur yaiku sipat wani, resiking ati, rasa narima, kang kabeh iku dadi watake Pandhawa.
Sejatine manungsa, nduweni Jiwa ing jro sanubari kang kagambarake laku jantrane Kresna, tansah nuntun marang dalaning bebener. Uga  nyandhang Budi Luhur kang kagambarake pakartine Pandhawa. Sipat Angkara uga  ora bisa  sirna saka pribadine manungsa, kayadene patrape Duryudana  sago­trah.
Wimbane Kaurawa lan Pandhawa iku minangka brayat dhewe, Sipat Angkara lan Budi Luhur iku lelorone tansah sasandhingan jro pribadine  manung­sa.  Kaurawa iku satru mungguhing Pandhawa, tegese sipat ala iku kudu den asorake.
Ature Sanjaya :
24. //Duh, Paduka Ratu Gusti kula / mireng pamundhuting Arjuna ingkang makaten / Kresna hamapanaken adiratanya / ing madyaning barisan kekalih//
25. //Ing sangajenging Bisma lan Drona / lan pra manggalatama / Sabdaning Kresna : “Sawangen Arjuna /  trah Kuru carub wor ing kana”//
26. //Ing riku Arjuna andulu madeg / para bapa, eyang lan guru / paman, kadang lan kadang tunggal wredha / putra, wayah lan bala samya//
27. //Lan Kunthiputra ugi andulu / para marasepuh, kanca-rowang / sadaya sanak-kadang jejeg humadeg / jroning barisan kekalih//
28. //Kanthi agenging raos panalangsa / raos duhkita kawiyos ing lesan / Aturipun Arjuna / Ndulu sanak-kadang, duh Kresna / bebaris siaga magut yuda//
29. //Krasa pepes otot-bebayuku / krasa kaku lathiku / gumeter saranduning badanku / lan mrinding githokku//
30. //Gandhewa lolos saka astaku / lan kulitku krasa panas sumelet / ingsun tan kuwawa ngadeg maneh / lan manahku peteng lelimengan//
31. //Ingsun andulu pratandha ala / duh Kresna, tan ana becike / aku merjaya sanak-kadang / jroning paprangan samengko//
Arjuna sigra tumingal marang siji-sijine sanak-kadang, uga para guru humadeg ngaglah siaga tetandhingan. Rasa  rangu-rangu  wiwit  tuwuh jroning ati. Ranguning tyas sangsaya gedhe, amarga sanak-kadange kabeh mapan  ing  lelorone bebarisan kang bakal  tetandhingan,  Kaurawa  iku kadang tungal wredha lan Pandhawa iku tunggal Bapa.
Tan  kuwawa Arjuna meper rasane dhewe, kasangsayan wus nguwasani jiwa lan ragane. Rangu-rangu, was sumelang, sedhih lan sonya campur  bawur dadi siji, satemah marbawani Sang Apekik kendel kadya reca.  Sejatine, jro kahanan kang kaya mangkono iku dadi margane bisa wruh Karsane Kang Mahakuwasa.
32. //Ingsun ora kepengin menang / uga ora kraton ora kamulyan, Kresna / apa paedahe kraton lan kamulyan / lan urip iki sisan, duh Gowindha?//
Arjuna datan nyumurupi prakara kang luwih prayoga katimbang tumindak mrajaya sanak-kadange dhewe. Dheweke arsa ngluwari dhiri saka kamulyan lan endahing kadonyan.
Panganggepe Arjuna, mrajaya titah iku dosa sanadyan mrajaya marang titah kang hambeg budi candhala. Sanandyan tetembungan “mrajaya”  iku katulis kanthi Anjana Kencana ya kudu dosa. Nanging aluwaran ing  yuda iku dudu patrap satriya. Kanan ya Luput, Kering ya Kliru.
Luwih prayoga nora menangi Bharata Yuda, mangkono pamawase Arjuna. Amarga, rebut menang ing antarane Kaurawa lan Pandhawa  kanggo  mburu kamulyan lan kadonyan kanthi sesinglon mBelani Raharjaning Praja  lan Kamulyaning  Kawula. Nanging nyatane … Yen menang, kang bisa  ngrasa kamulyan hamung para satriya. Jaya utawa asor, padha bae tumrap kawula hamung kasangsaran kang  sinandhang. Mangkono mungguh panganggepe Arjuna  marang kejeme perang, sanadyan pamawas mangkono iku nora kudu bener sawutuhe.
33. //Padha kanggo sapa den samya rebutke / kraton, kamulyan lan sesukan / ana ing kene samapta ing prang / ngorbanake jiwa lan bandhane//
34. //Guru, bapa, pra atmaja / lan eyang, paman uga / lan pripean, putu, maratuwa / lan sanak-kadang liyane//
Janma kang wruh marang kawajibane urip kudu nindakake Pancadarma :
1. Bekti mring Pengeran Kang Maha Agung,
* Amarga panjenengane maha peparing, sabarang titah asale saka Pengeran, bali marang Pengeran.
* Catur Sembah minangka wujud bektine :  Sembah Raga, Sembah Cipta, Sembah Jiwa lan Sembah Rasa.
2. Bekti marang Bapa-biyung,
* Amarga Bapa-biyung minangka lantaran uripe manungsa ing donya, uga kang nggulawenthah, sarta Guru Kapisan.
* Wujud bektine : Mikul dhuwur – Mendhem jero.
Mikul Dhuwur, tegese nindakake kang dadi pituduh lan wasiat, sarta njaga asmane wong tuwa.
Mendhem jero, tegese anak kudu bisa nyimpen wewadi.
3. Bekti marang Maratuwa,
* Amarga Dheweke minangka lantarane manungsa bisa ngrasa swarganing donya.
* Wujud bektine : tan prabeda bekti marang Bapa-biyung.
4. Bekti marang Guru,
* Amarga Guru kang maringi pituduh, satemah kang ora wruh dadi wruh, ora bisa dadi bisa, bodho dadi pinter.
* Bekti bisa den wujudake, kanthi nuladhani kang dadi pakartine, nindakake amanate, nyingkiri wewalere, ngamalke ngelmune.
5. Bekti marang Sedulur Tuwa,
* Amarga panjenengane dadi sulihing Bapa-biyung, papane sambat lan sebut yen Bapa-biyung wus nora sembada.
* Bektine : nyambung tali paseduluran, bantu-binantu ing sadhengah bot-kerepotan.
35. //Aku ora nedya numpes dheweke / sanadyan dheweke mateni aku, duh Kresna / nadyan kanggo teteluning jagad / apa maneh mung mbutuhi mayapada iki//
36. //Sawise numpes putra Drestarastra / kamulyan endi kang bisa rinasa? / Janardana, hamung dosa / yen mrajaya si duraka iki//
37. //Tan patut mungguh kita / mrajaya kadang, putra Drestarastra / wus trep, kepriye kita bakal mulya / sawise numpes brayate dhewe, duh Madawa?//
38. //Sanadyan mungguhing dheweke / kang jiwane ginubel sipat loba / tan wruh dosa mrajaya kulawarga / tan ngerti kiyanat numpes rowang//
39. //Genea kita ora eling / dosa kang mangkono iku,  duh Kresna / Eling marang kalimputan / numpes kadang-kulawarga pribadi//
Tetep puguh pangrasane Arjuna. Sanadyan Kaurawa wuta ing bebener amarga jiwane kasaput ing nepsu loba, nanging mrajaya Kaurawa iku dosa. Karana, Kaurawa kang reged jiwane diprajaya dening Pandhawa kang resik jiwane, ya ing kene papane Dosa.
40. //Manawa kulawarga wus ajur / lan wus lebur paugeran luhur / jejibahan lan wewalering kulawarga / den kuwasani durangkara ngambra-ambra//
Titah urip iku ana kang nguripake, mungkasi uriping titah iku wasesaning Pengeran. Sabarang kang urip iku wus kinanthen rejeki,  pakarti, panyandhang, laku lan pituwasing kardi. Pakartine titah, wujud pakarti luhur lan ala iku kanggo nggenepi Jangkaning Jagad.
Manungsa  Tama iku ora gelem ngrusak sanadyan mung wujude  omah  rayap amarga  saka  pangati-atine. Nanging janma kang asor  budi  tega  gawe rusaking  tatanan  lair lan batin tanpa kinanthen  rasa  dosa, kepara rumangsa jaya kalamun bisa gawe piala.
Cilik  mateni  semut, gedhene mrajaya manungsa iku  ora  ana  utamane, kajaba hamung dosa pikolehe. Prastawa paten-pinaten iku kudu ana lamun kanthi dhedhasar nggenepi Jangka iku mau. Cethane mangkene :  Mrajaya titah kanggo mamrih jejeging Bebener iku pakarti luhur, nanging mateni wong manawa hamung nuruti hardaning nepsu iku angkaramurka.
Arjuna ora gelem numpes Kaurawa manawa hamung pengin oleh kamulyan kang wujude negara lan panguwasa. Ing kene Arjuna datan trep mapanake pakarti mateni utawa numpes Kaurawa, Bener nanging durung Pener. Arjuna mapanake pakarti iki ing wujude “mateni kadang dhewe”, kang kudune den papanake wujude “mbengkas angkaramurka”. Ya ing kono, pacoban kang awrat iku dumadi manawa nyirnakake brayate  dhewe. Kayadene manungsa kang jaya manawa merangi satru, nanging tanpadaya lamun  kudu perang lawan nepsune dhewe.
Arjuna minangka jejering satriya, kudu bisa nyirnakake rasa asih mring satru, amarga pakarti “numpes Kaurawa” iku dadi kawajibane Sang Satriya muhung njangkepi darmaning satriya, mbengkas angkaramurka lan mbelani jejeging adil.
Akehe manungsa nuladhani pakartine Arjuna kanthi mapanake ing panggonnan kang luput.  Anteng  jatmika yen nyumurupi ngambra-ambrane  durangkara  lan  leburing paugeran luhur, nanging bakal cancut-gumregut manawa  kanggo mbutuhi dhiri priyangga. Tega mrajaya kadang yen lagi rebut warisan, njlomprongake rowang yen lagi golek aran, ora isin laku culika  yen  mbelani  kamulyan semu, lali suba-sita yen lagi  nguber mareming  nepsu.  Remeh temen patrapmu he manungsa  …,   Sejatine, sabegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lan waspada.  Yitna yuwana lena kena, tansah kinanthi ing saben pakarti.
Tan ana kamulyan kang dumadi kanthi bebanten kulawarga dhewe, ora ana Mulya ancik-ancik sangsaraning liyan, kepara nistha. Ora ana Butrawali kang manis rasane sanadyan digangsa legen sawindu.
Para  sepuh  wus paring pemut mangkene : Nistha papa,  Dora  sangsara, Dhusta lara, Nihaya pati.  Tegese, manawa Tumindak asor, kalunta-lunta pikolehe. Tumindak ngapusi, nemahi sengsara.  Gawe kacintrakan, hamung lara pikolehe. Sapa kang tumindak aniaya, pikolehe cilaka.
41. //Yen durangkara wus kuwasa / duh Kresna, wanita ilang wirange / lan manawa wus mangkono wanita / duh Warsneya, sudra-brahmana tan prabeda//
Durangkara wus ngambra-ambra, nemahi sirna wirange wanita. Wanita jarwane Wani Ditata. Manawa Wanita wus ilang wirange, tegese Wanita wus nyimpang saka kodrat kawanitane. Kang wajibe kudu mranata bale wisma lan momong para putra wus tinilar. Samengko ing jaman edan, wujuding wanita tan luwih aji timbang barang, barang kang kanggo rinasa  nikmate, disawang kaendahane, kasade marang kang mbutuhake. Amarga kang biyene Wadi, saiki ora den aling-alingi, kapara den pamer­ake ing papan kang ora samesthine. Swarganing manungsa aneng ngandhap­ ing suku wanita, wus ora trep maneh. Martabat Ibu kang minangka Guru Kapisan mungguhing manungsa wus sirna. Wasitane para Winasis, Jejeg lan enggoking bebrayan agung iku gumantung ana wanita. Manawa  Wanita wus ora jejeg maneh, banjur kepriye bebrayan agung bisa jejeg ?
Ya mangkono iku kahanane Jaman Edan. Swasana jro Kala Bendu, Pituduh ora digugu, Tuladha wus ora ditiru, Kang  ura  dianggep maju, Candu padha diluru, Pra mudha lirwa sinau, Kang bener dianggep kliru, Kang salah bisa gumuyu, Kabeh marga dadi lunyu, Kang lena bakal kesluru.
Mobah-mosiking kahanan ora bisa den simpangi, mengko yen tumeka titi wanci, akhiring Kala Bendhu puniki, Kala Suba kang gumanti. Suradira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti.
Sudra-Brahmana iku trap-trapaning catur kasta, kang jangkepe ana Brahmana, Ksatriya, Waisia lan Sudra. Kasta ing kene kanggo milah-milaha jejibahane wong roning bebrayan gung.  Pamilahe jejibahan ing bebrayan  agung uga bisa kaperang mangkene :  Ulama Teguh Kang Kapitayan;  Pamong Praja Kang Adil;  Sodagar Kang Jujur;  Wong Mudha Kang Tekun ing Karya. Manawa patang perangan iku bisa lumaku kanthi  bebarengan, kanthi idin Kang Maha Kuwasa bakal bisa kajangka Tata Kaprajan lan Gesang Bebrayan kang Tata Tentrem Kerta Raharja, Gemah Ripah  Loh Jinawi.
42. //Runtuhing budi iki anggawa / brayat lan para jagale maring naraka / suksmaning leluhur tiba lara / kabeh donga, banyu lan boga tan ana maneh//
43. //Dosa lan leburing trah iki / andadekake rubuhing bebrayan gung / adat keluarga lan khukum kasta / ajur-mumur tinindhes durangkara//
44. //Kita kabeh wus mangerteni / duh Janardana, papan tumrap manungsa / kang budaya lan paugerane rinusak / yaiku ing naraka yekti//
45. //Oh, sepira gedhe dosane / hangrencana mateni kadang-brayate dhewe / hamung karana rasa pengin nguwasani / melik kedaton lan kamulyan//
46. //Mungguh ingsun luwih prayoga manawa / Kaurawa kanthi asikep gegaman / katamakna marengsun ing payudan / ingsun datanpa sanjata, pasrah// [1]
Ature Sanjaya :
47. //Sa sampunipun pratela makaten / Arjuna ngalumpruk ing sa nginggiling rata / gandhewa saha jemparing kadhawahaken / kanthi raos duhkita boten kantenan//

Tidak ada komentar:

Posting Komentar