--===MARI BERBAGI===--

SERAT KIDUNGAN KAWEDAR


KIDUNG KAWEDAR
SAKING AKSARA JAWI KASALIN,
KABABAR AKSARA LATIN
KIDUNGAN PUNIKA SERAT KINA PRALAMBANG
NGELMI ISLAM INGKANG SEJATI, TUWIN
MINONGKO WEWARAH TUWIN PAMUJINING
KAWULO DHATENG GUSTI, IKETANIPUN
KANJENG SUNAN KALIJAGA
WALIYULLAH NUSA JAWI
KASAMBETAN IKETANIPUN
KYAI RONGGO SUTRASNO
PUJONGGO AGENG
KERATON DALEM SURAKARTA HADININGRAT
KAWEDARAKEN DENING :
R. WIRYA PANITRA KUSUMA DININGRAT,
SURAKARTA
Sekar Dhandhanggula Tinggalanipun para leluhur Yasa dalem kanjeng sunan Kalijaga mugi saget dados tambahing seserepan.
Kaping 01 :
Ana kidung rumekso ing wengi,
Teguh ayu luputa ing lara,
Luputa bilahi kabeh,
Jim setan datan purun,
Paneluhan tan ana wani,
Miwah penggawe ala,
Gunane wong luput,
Geni tinemahan tirto,
Maling adoh datan ana ngarah ing mami,
Guna duduk pan sirno.
Kawedaraken suraosipun makaten :
Wonten puji ingkang kanggenipun manawi ing wanci dalu. Inggih punika : mugi-mugi pinaringan teguh, rahayu, linepatna ing sesakit,  uwin linepatno sakathahing bilahi. Puji makaten punika, katindakna ing saben wanci dalu.
Anggadhahi daya : Jim setan, paneluhan sedaya mboten wonten ingkang angrencana :
Tiyang ingkang sumedya mendamel piawon tuwin ingkang anggunani sacara dhesti utawi japa mantra, sedaya mboten saget tumomo. Tiyang ingkang sengit dados tresno, bangsanipun pandung sami nebih mboten wonten ingkang sumedyo ngarah dateng kita, tuwin tuju duduk sami cabar.
Menggah ingkang katembangaken ana kidung rumeksa ing wengi punika miturut wewatoning ngelmi namung kangge sanepa. Dene sejatosipun inggih punika SANG SABDA KUN (sang guru jati)  panjenenganipun wau inggih ingkang rumeksa ing dalu. Tegesipun : SANG GURU JATI wau manawi wanci dalu andum sandang tedha tuwin ingkang mundhi papesthen sadaya lelampahaning manungsa, sarta ingkang anggadhahi daya panguaos ingkang semanten agengipun. Pramila cundhukipun kalian tiyang ingkang sampun anggadhahi ngelmi.
Menawi ing wanci dalu punika namung perlu anjejeraken cumadhong dhawuh kados pundhi ingkang badhe kita lampahi saben dintenipun. Kenging damel ancer-ancer tekad. Dados ing wancinipun siang punika kantun tumindak ngupaya boga punapa ingkang sampun dados tanggel jawabipun, kanti awas tuwin enget wau.
Manawi pangestinipun wau saget gambuh kalian GURU JATI, kita inggih kadunungan daya panguaos kados inggih ingkang kapretalaken ing nginggil.
Kaping 02 :
Sakehing lara pan samya bali,
Sakehing ama pan samya miruna,
Welas asih pandulune,
Sakehing braja luput,
Kadi kapuk tiba ing wesi,
Sakehing wisa tawa,
Sata galak tutut,
Kayu aeng lemah sangar songing landhak,
Guwaning wong lemah miring,
Myang pakiponing merak.
Kawedaraken suraosipun makaten :
Tuwin saking dayanipun kidung wau, sakathahing penyakit ingkang badhe dhateng lajeng sami wangsul. Sak kathahing ama ingkang andadosaken karibetan ing lelampahan sami sumingkir tebih. Sedaya wau namung anggadhahi raos welas lan asih. Saupami wonten ingkang badhe sumedya anamani dedamel, inggih sampun ndilalah mesti lepatipun, saupami kengingo inggih mboten kraos punapa-punapa.
Pepindhanipun kados dene kapuk dumawah wonten tosan. Saupami kenging wisa saget tawar. Saupami kepethuk sato kewan ingkang galak inggih nboten purun mangsa, kewang wau dados tutut.
Punapa dene manawi ngambah ing wit-witan ingkang angker, tuwin siti ingkang sangar inggih lajeng dados cabar.
Samanten agengipun daya panguosipun kidung sak lampah-lampah kita tansah jinangkung ingkang wilujeng ing kawilujengan sarta kaleresan. Wondene inkang katembungaken songing landhak, guwaning wong lemah miring myang pakiponing merak, punika namung pralambang, miturut wewaton ngelmi.
Tegesipun : anedhahaken wiwitanipun dumadosanipun manungsa, lantaran saking kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung).
Katranganipun : Bapa anggenipun anitisaken wiji dhateng biyung korud dening kama wonten salebeting mani, madi, wadi tuwin maningkem. Ingriku punika anggenipun sang Hyang Maha Suci amardeng titah. Nanging wiji wau taksih dumunung ing nukat Gaib awujud cahya wening.
Kaping 03 :
Pagupakaning warak sakalir,
Yen winaca ing segara asat,
Temahan rahayu kabeh,
Apan sari rahayu,
Ingideran kang widodari,
Rineksa malaekat,
Sakathahing rasul,
Pan dadi sariro tunggal,
Ati Adam utegku bagenda Esis,
Pangucapku ya Musa.

Kawedaraken suraosipun makaten :
Pagupakaning warak sakalir,
Inkang makaten punika namung pralambang, katranganipun :
Wijining manungsa wau sagetipun dados wujut asalipun saking daya warni-warni kadosto.
- Titipanipun bapa biyung.
- Tuwin anasir ALLAH wolung prakawis inggih punika : ingkang sekawan prakawis dados prakawis anasiring badan kang alus. 1. Surya, 2 Candra, 3 Kartika, 4 Swasana. Dene ingkang sekawan Prakawis dados anasiring badan kuwadhagan, 1 Geni, 2 Angin, 3 Banyu, 4 Bumi.
Yen winaca ing segara asat,
Ingkang makaten punika namung paribasan, katranganipun : Sedaya anasir wau namung kapendhet sarinipun, saking daya panguaosipun SANG SABDO KUN, utawi namung kasabdaaken kemawon sampun saget dados.
Temahan rahayu kabeh,
Katranganipun : Satunggal-satunggaling anasir wau, dumadosipun dados praboting manungsa kalayan sampurna.
Apan sari rahayu,
Katranganipun : Lajeng saget wujud janggerenganing sariro.
Ingideran kang widodari,
Katranganipun : Sasampuning wujud Janggerenging sariro, lajeng kapanjingan 5 prakawis inggih punika, 1. NUR, 2 RAHSA, 3 ROH, 4 NAPSU, 5 BUDI.
Rineksa malaekat,
Tegesipun : manungsa punika ugi rineksa ing malaekat.
Katranganipun : Malaekat ingkang rumeksa salebeting badan punika miturut wewaton ngelmi cacahipun wonte 4, dene lenggahipun wonten.
1. Jabarail lenggahiun wonte ing kulit.
2. Mikail lenggahiun wonte ing balung.
3. Isrofil lenggahipun wonten ing otot.
4. Ngijroil lenggahipun wonten ing daging.
Sakathahing rasul,
Tegesipun : Tuwin rineksa sakathahing utusanipun Gusti Allah.
Dene ingkang ingaken utusan punika, katranganipun RASUL, menggah raos ingkang dumunung ing manungsa, punika peranganipun wonten 3 golongan.
1. RAOS SEJATI, dumunung satelenging manah kawastanan : Rahsaning Sukma. Inggih punika ingkang dados pangretosan tumpraping GAIB.
2. RAOS KADIM, Dumunung ing MANAH, dados raos pangraos, inggih punika ingkang saget ambedaaken LERES tuwin LEPAT.
3. RAOS NJAWI,  Dumunung wonten PANCA DRIYO. Inggih punika pucuking driji saget anedhaakena barang kasar tuwin alus. TUTUK saget ngraosaken legi gurih GRONO saget angraosaken wangi tuwin bacin, NETRO saget angraosaken padhang tuwin peteng, KARNO saget angraosaken suwanten sora tuwin lirih.
Pan dadi sariro tunggal,
Tegesipun : sadoyo wau dumunung dados satunggal wonten ing badaning manungsa. Wondene ingkang katembungaken : ATI ADAM UTEGKU BAGENDHO ESIS punika kateranganipun anerangaken gelaran mumukaning prabot kita.
Ati Adam utegku bagenda Esis,
Kadosta : ATI ADAM Tegesipun : Ati punika asilipun saking titipanipun biyung. Saget dados ratuning badan , manawi kurang satiti saget dumawah sangsara lelampahanipun.
Dene ati punika peranganipun wonten 3 prakawis, inggih punika:
1. ATI SANUBARI. Pakartinipun kangge angrimati kawruh pancadriya utawi kangge angraos-raosaken.
2. ATI SIRI. Pakartinipun anuwuhaken karep ingkang dereng kawedal krentek utai niat.
3. ATI MAKNAWI. Pakartinipun anuwuhaken raosing pangertosan dhateng GAIB (karsa ingkang wiwitan).Ingkang makaten wau dipun sanepaaken NABI ADAM inggih dados manungsa ingkang wiwitan.
Wondene UTEGKU BAGENDHO ESIS tegesipun : uteg punika asalipun saking titipanipun biyung kenging kangge mikir-mikir utawi imbang-imbang sedaya lelampahan ingkang badhe kita lampahi sageta katetepan iman eling. Dados makaten punika dipun sanepaaken BAGENDHO ESIS inggih katetepaken iman eling, saget dados panutanipun para nabi.
Pangucapku ya Musa,
Tegesipun : Pangandika asalipun saking jantung, ewodene manawi saget sampurna, inggih dumugi ing insan kamil (dumununging pagesangan ingkang leres) ingkang makaten punika dipun sanepaaken NABI MUSA, inggih tansah mundhi dhawuh pangandikaning ALLAH, lajeng saget dados panutanipun tiyang golongan bani Israel saking tanah mesir dateng tanah kenangan. Namung saking dayaning pangandikanipun kemawon, lajeng saget dipun pitados ing tetiyang kathah.
Kaping 04 :
Napasku nabi Ngisa linuwih,
Nabi Yakub pamiarso ningwang,
Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dhawud swaraku,
Jeng Soleman kasekten mami,
Nabi Ibrahim nyawa,
Idris ing rambutku,
Bagendho Li kulit ingwang,
Getih daging Abubakar Ngumar Singgih,
Balung bagendho Ngusman.
Kawedharaken suraosipun makaten:
Napasku nabi Ngisa linuwih,
Tegesipun : napas menika dados tetangsuling badan , asalipun saking anasir angina mahanani 4 perkawis inggih punika : 1. NAPAS 2. ANPAS 3. TAN NAPAS 4. NUPUS.
Menawi kita saget anggumelengaken lampahing napas ingkang saking lebet utawi njawi, saestunipun saget anuwuhaken kanyataning karsa ingkang linagkung. Ingkang makaten wau kaupameaken kados dene NABI NGISA inggih dados tetangsuling agami.
Nabi Yakub pamiarso ningwang,
Tegesipun : Nabi Yakup punika satunggaling nabi ingkang tetep pangabektinipun dating Gusti Alla sarta tansah remen niling-nilingaken sasmita dhawuhing pangeran. Amila dipun sanepaaken pamiarsa kita, ing sasaget-saget kita ugi kepareng aniling-nilingaken dhateng piwulang ingkang sae utawi samitaning pangeran.
Yusuf ing rupaku mangke,
Tegesipun : Nabi Yusup punika lelampahanipun wiwit alit nandang papa sangsara jalaran kenging panganiaya, namung sangsaranipun wau namung dados sarananing kaleresan. Inggih punika lajeng saget jumeneng adipati wonten negari Mesir.
Pramila dipun sanepaaken rupi kita, amargi rupi punika, dados warananing warna. Dene warna punika dados warananing GAIB.
Dados rupi kita kita punika sadaya dados warananing gaib ingkang linangkung utawi titipaning Allah.
Nabi Dhawud swaraku,
Tegesipun : Nabi Dhawud punika wiwit alit namung dados juru pangen mendha. Katarik saking kamursidanipun tuwin swaranipun sae, lajeng saget jumeneng Nabi utawi ugi jumeneng nata. Pramila dipun sanepaaken swara kita, amargi swara kita punika inggih dados kanyataning gaib.
Jeng Soleman kasekten mami,
Tegesipun : Kanjeng Nabi Soleman punika inggih jumeneng nabi inggih jumeneng nata. Kagungan kasekten ingkang linangkung inggih punika : Dipun luluti para nata ing sakiwa tengenipun, sarta para wadya balanipun sadaya sami setya tuhu sumungkem ing gusti. Namung katarik saking pangaribawanipun sarta kawicaksananipun pramila dipun sanepaaken kasekten kita. Amargi kita menika sejatosipun inggih gadhah kasekten kadosdene kanjeng Nabi Soleman wau. Inggih punika bilih kita saget gambuh kalian GAIB.
Nabi Ibrahim nyawa,
Tegesipun : Nabi Ibrahim punika satunggaling nabi ingkang santosa kapitadosanipun dumateng gusti Allah . salampah-lampahipun namung mituhu dhateng dhawuh pangandikaning Allah . Pramila dipun sanepaaken nyawa kita. Amargi nyawa wahananing SUKSMA dene SUKSMA punika dados kanyataningsun, dados inggih kedah gegandengan loroning atunggal supados saget gesang ingkang kaleresan.
Idris ing rambutku,
Katranganipun : namung anedahaken bilih rambut punika asalipun saking titipanipun Bapa.
Bagendho Li kulit ingwang,
Katranganipun : namung anedahaken bilih kulit punika asalipun saking titipanipun Bapa.
Getih daging Abubakar Ngumar Singgih,
Katranganipun : namung anedahaken bilih getih tuwin daging punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.
Balung bagendho Ngusman,
Katranganipun : namung anedahaken bilih balung punika asalipun saking titipanipun Bapa.
Kaping 05 :
Sungsumingsun Patimah linuwih,
Kang minangka rahayuning angga,
Ayub minangka ususe,
Nabi nuh ing jejantung,
Nabi yunus ing otot mami,
Netraku ya Mukammad,
Panduluku rasul,
Pinayungan Adam sarak,
Sampun pepak sakathahing para nabi,
Dadyo sariro tunggal.
Kawedarakensuraosipun makaten :
Sungsumingsun Patimah linuwih,
Katranganipun : namung anedahaken bilih sungsum punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.
Kang minangka rahayuning angga,
Tegesipun : sungsum punika ingkang andadosaken kesegeraning badan.
Ayub minangka ususe,
Katranganipun : namung anedahaken bilih usus punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.
Nabi nuh ing jejantung,
Tegesipun : Nabi Nuh punika dados plawanganing Allah nalika andhawuhaken jagad badhe dipun kelem. Pramila dipun sanepaaken jantung amargi jantung punika ugi dados plawanganing dhawuhipun sang Guru Jati utawi anedhahaken bilih asalipun saking titipanipun biyung.
Nabi yunus ing otot mami,
Katranganipun : namung anedahaken bilih otot punika asalipun saking titipanipun BAPA.
Netraku ya Mukammad,
Tegesipun : Namung anedhahaken bilih salebeting netro ingkang pethak punika wonten gaibipun awujud CAHYA. Kawastanan : NUR MUKAMMAD, inggih punika ingkang minangka awasing paningal.
Panduluku rasul,
Tegesipun : naming anedhahaken bilih raos punika lenggahipun wonten ing netra ingkang cemeng. Katitik saking emating raos lajeng kiyer-kiyer. Katranganipun : Rasul punika utusan. Menggahing ngelmi ingkang ingaken utusan punika raos.
Pinayungan Adam sarak,
Tegesipun : Jabang bayi punika bilih badhe lair anampeni prajanjian dening Allah.utawi kinucungan ing wewaler. Katranganipun : Benjing tumindakipun wonten ing alam donya manawi purun angestoaken dhawuhipun Gusti Allah inggih badhe manggih wilujeng sak lami-laminipun. Nangin manawi namung miturut pambujuking sadherek sekawan gangsal pancer inggih badhe nandhang papa sangsara sak lami-laminipun.
Sampun pepak sakathahing para nabi,
Dadyo sariro tunggal.

Tegesipun : Sedaya ingkang dipun gelaraken ing nginggil wau, sampun jangkep praboting manungsa, ngalempak dados satunggal, awujud jenggerenging Jabang bayi.
Kaping 06 :
Wiji-sawiji mulane dadi,
Apan pencar saisine jagad,
Kasamadan dening date,
Kang maca kang angrungu,
Kang anurut miwah nyimpeni,
Dadi ayuning badan,
Kinarya sesembur,
Yen winacakna neng toya,
Kinarya dus rara tuwa angles rabi,
Wong edan nuli waras.
Kawedaraken suraosipun makaten :
Wiji-sawiji mulane dadi,
Tegesipun : Manungsa punika asalipun saking wiji satunggal, inggih punika gesang ingkang jumeneng pribadi.
Apan pencar saisine jagad,
Tegesipun : Lajeng saget pencar (tumangkar) dados pinten-pinten ewu angebaki jagad. Punika asalipun naming peranganing satunggal.
Kasamadan dening date,
Tegesipun : Gesanging titah punika sedaya kasamadan dening dating pangeran.
Kang maca kang angrungu,
Kang anurut miwah nyimpeni,
Dadi ayuning badan,

Tegesipun : tiyang ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat tuwin ingkang ngrimati serat kidungan punika, sedaya sami angsal sawab wilujeng sak lampah-lampahipun.
Katranganipun : sedaya wau bakunipun kita kedah pitados ingkang saestu, bebasanipun sapatemon-tinemenan, amargi ing atasipun gusti Allah manawi sumedya mitulungi dhateng kawulanipun punika sanadyan mawi sarana wujud punapa kemawon, saestunipun inggih anggadhahi daya utawi sebab.
Nanging manawi tiyang ingkang pitados kados makaten punika, namanipun tiyang ingkang ngelminipun saweg setengah.Dene menawi tumprap tiyang ingkang sampun pana dateng gaib, kapitadosanipun punika boten kandeg namung wonten ing warono, nanging perlu macung piyambak, sageta sapatemon.
Kinarya sesembur,
Yen winacakna neng toya,
Kinarya dus rara tuwa angles rabi,
Wong edan nuli waras.

Tegesipun : serat kidungan wau, manawi kawategaken ing toya, lajeng kasemburaken idunipun, toya wau anggadhahi sawab manawi kaangge siram ing prawan ingkang sampun kasep, lajeng tumunten saget angsal jodho. Manawi kangge siram tiyang ingkang sakit ewah, nggih tumunten saras.
Katranganipun : tumprapipun tiyang ngelmi ingkang katembungaken kidung puika sanepanipun SANG GURU JATI.
Amila daya wau inggih kapendhetaken saking panguaosing sang guru jati. Dados langkung perlu punika sageda gambuh kaliyan sang GURU JATI supados saged ngampil panguaosipun.
Kaping 07 :
Lamun ana wong kadhendho kaki,
Wong kabonda lan kabotan utang,
Yogya wacanen den age,
Ing wanci tengah dalu ping selawe,
Wacanen ririh,
Luar ingkang kabanda,
Kang kadendha wurung,
Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma,
Kang utang puniku singgih,
Kang agring dadi waras.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Lamun ana wong kadhendho kaki,
Tegesipun : paring pangertosan dhateng tiyang anem, mbok menawi wonten tiyang ingkang kadhendho ing nagari. Kateranganipun : tiyang ingkang ukum dhendha .
Wong kabonda lan kabotan utang,
Tegesipun : sarta tiyang ingkang kabonda prakawis pulisi, tuwin tiyang ingkang kekathahen sambutan nanging ngrekaos panyauripun.
Yogya wacanen den age,
Tegesipun : tiyang ingkang kataman wau tumuntena maos serat kidungan wau .
Katranganipun : ingkang kawaos naming pujian ingkang angka 1, nanging manawi tiyang ngelmi langkung perlu Sang Guru Jati.
Ing wanci tengah dalu ping selawe,
Wacanen ririh,
Tegesipun : anggenipun maos wau ing wanci tengah dalu kalayan ririh-ririh kemawon, rambah kaping selawe. Katranganipun : manawi lampahipun tiyang mangesti Sang Guru Jati menika mboten perlu mawi sarana ucap-ucapan, nanging sampun kacekap wonten ing niyate mawon. Sarana angulataken lebet wedaling napas ingkang ngantos angler utawi kasupen.
Luar ingkang kabanda,
Tegesipun : Manawi katrimah ing pamujinipun tiyang ingkang kabanda wau saget luar. Katranganipun : saget dipun luar wau inggih saking saran reko daya , nanging reka daya punika wau sampun kaparingan berkah ing Allah. Dados inggih saget antrenyuhaken penggalihanipun nagari.
Kang kadendha wurung,
Tegesipun : sata upami tiyang ingkang kadhendha inggih saget wurung.
Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma,
Kang utang puniku singgih,

Tegesipun : Tuwin upami tiyang ingkang kekathahen sambutan wau, inggih lajeng dipun sauri dening Allah. Katranganipun : Gutsti Allah anggening nyauri sambutaning tiyang punika saestunipun inggih mawi warono ing tiyang sanes ingkang gadhah arta katrenyuhaken manahipun lajeng amelasi lajeng paring arta dhateng ingkang nyambut wau, lajeng kenging kangge nyauri.
Kang agring dadi waras.
Katranganipun : upami tiyang ingkang ketaman sakit, inggih lajeng dados saras. Katranganipun : sagetipun saras wau saestunipun inggih mawi sarono jampi nanging jampinipun sampun angsal berkah.
Kaping 08 :
Sapa reke bisa anglakoni,
Amutiha lawan anawa a,
Patangpuluh dina wae,
Lan tangi wektu subuh,
Lan den sabar sukuri ing widhi,
Insya Allah tinekan sakarsanireku,
Tumrap sanak rayatira,
Awit saking sawab pangiketing ngelmi,
Duk aneng kali jaga.
Kawedharaken suraosipun makaten : milanipun sinten ingkang saget anglampahi dhateng wigatosing ngelmi, keparenga methak kawan dasa dinten, menawi kirang sedinten sedalu lajeng ngeblenga. Salebeting nglampahi wau, manawi wungu sare kaangkaho wanci jam 4.30 enjing.
Ing saben dintenipun kadamel ajeg. Punapa malih sak tindak-tanduk kita, katingalo ingkang narimo kanti sabar penggalih, naming sumarah ing sak keparengipun.
Sarana tumindak ingkang makaten punika, manawi temen-temen inggih saget tinarimah dening Allah, saget kadumugen punapa ing pangestinipun sarta kenging kagem mitulungi dhateng karibetaning sanak sederek, putra wayah tuwin sane-sanesipun. Ingkang makaten wau katarik saking sawabing ngelmi ingkang sampun dipun lampahi sarta sampun dipun anggit kanjeng Sunan nalika wonten dhusun KALIJAGA. Menggah ngelmi ingkang saget wiyar tebanipun kenging kaagem mitulungi ing karibetan warni-warni wau. Dene golonganing ngelmi ingkang kados makaten punika, sagetipun manjing anggadhahi daya kedah anglampahi SISIRIH.
Kaping 09 :
Lamun arsa tulus nandur pari,
Puasa a sawengi sadina,
Iderana galengane,
Wacanen kidung iki,
Kabeh ama pan samya wedi,
Yen sira lunga aprang,
Wateken ing sekul,
Antuk a tigang pulukan,
Mungsuhira sirep datan nedya wani,
Rahayu ing payudan.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Lamun arsa tulus nandur pari,
Tegesipun : wondene manawi badhe nenanem pantun sagetipun lestari wilujeng mboten katrajang ama.
Puasa a sawengi sadina,
Tegesipun : Nglampahana siam sadinten sadalu boten dhahar punapa-punapa.
Iderana galengane,
Tegesipun : ing saderengipun pantun katanem sasampunipun sadinten mboten dhahar, dalunipun lajeng ngiderana galengan sabin.
Katranganipun : raosing penggalih ingkang meleng panyuwunipun.
Wacanen kidung iki,
Tegesipun : kanthi amujia, dene pamujinipun , mirsanana sekar nomer : 1.
Kabeh ama pan samya wedi,
Tegesipun : kadadosan sak kathahing ama lajeng mboten purun angrisak taneman pantun.
Yen sira lunga aprang,
Tegesipun : saupami kita badhe mengsah perang.
Wateken ing sekul,
Antuka tigang pulukan,
Tegesipun : puji wau kawatekna ing sekul kadamela tigang pulukan lajeng kadhahar .
Mungsuhira sirep datan nedya wani,
Tegesipun : anggadhahi sawab mengsah kita wau lajeng rumaos giris sami sirep mboten wanton / mboten wonten ingkang sumedya anglawan.
Rahayu ing payudan.
Tegesipun : boten saestu peperangan ing wasana wilujeng sedaya.
Kaping 10 :
Ana kidung rekeki aryati,
Sapa weruh reke araningwang,
Duk ingsun ana ing ngare,
Miwah duk aneng gunung,
Kisamurta lan ki Samarti,
Ngalih aran ping tiga,
Arta daya tengsun,
Araningsun duk jejaka,
Ki artati mengko araningsun,
Ngalih sapa wruh araningwang.
Kawedaraken suraosipun makaten :
Ana kidung rekeki aryati,
Tegesipun : wonten kidung punika sejatosipun inggih Ki ARTATI.
Katranganipun : ingkang dipun wastani kidung punika sang sabda, inggih karsa ingkang linangkung utawi dhawuh pangandikaning Pangeran.
Sapa weruh reke araningwang,
Duk ingsun ana ing ngare,

Tegesipun : sinten ingkang mangertos nama kita, (kidung) nalika kita taksih jumeneng ing ngare.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ngare punika miturut wewaton ing ngelmi wonten ing BETAL MUKARAM.
Miwah duk aneng gunung,
Tegesipun : tuwin nalika taksih jumeneng wonten ing redi.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken redi menika miturut wewatoning ngelmi BETAL MAKMUR.
Kisamurta lan ki Samarti,
Tegesipun : inggih punika sampun awujud kempalipun ki Samarta, kaliyan ki Samarti.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ki Samarta punika ingsun. Dene ki Samarti punika TRI MURTI. Kadadosan saking sarining tirta Kamandanu, sarining Surya, tuwin sarining Candra. Kempal dados satunggal mahanani CAHYA kawastanan ROH ILAPI, inggih punika wujuding ANASIR SEJATI. Warananipun ingsun.
Ngalih aran ping tiga,
Tegesipun : Saben pindah panggenan santun nama, ngantos rambah kaping tiga.
Katranganipun: inggih punika jumenenganipun wonten TRILOKA. Tegesipun : panggenan tetiga ingkan manunggal, kadosta : wonten ing BETAL MAKMUR anggadhahi praban piyambak, wonten ing BETAL MUKARAM santun paraban,tuwin wonten ing BETAL MUKADAS ugi santun paraban malih.
BETAL MAKMUR jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsun, dat kang nglimputi ing kahanan jati.
BETAL MUKARAM jumeneng ana ing dhadha ning adam. Kang ana sajroning dhadha iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem , yaiku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati.
BETAL MUKADAS jumeneng ana ing kemaluaning adam. Kang ana sajroning kemaluan iku pringsilan, kang ana ing antaraning pringsilan iku nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajatining sipatIngsun.
Arta daya tengsun,
Tegesipun : wonten ing Bental Mukaram parabanipun ARTA ingkang dipun sanepaaken arta punika pangretosaning kawicaksanan.
Daya tengsun tegesipun jumenengipun wonten ing BETAL MUKADAS dipun parabi daya ingkang dipun sanepaaken daya punika ingsun ingkang kuwasa utawi WISESA. Dene kanyatanipun anggadhahi daya kuwasa damel gesanging manungsa.
Araningsun duk jejaka,
Tegesipun : paraban kita (kidung) nalika taksih jaka.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken Jaka punika , nalika wiji taksih dumunung ing bapa, dereng katetesaken ing biyung.

Ki artati mengko araningsunngalih,
Tegesipun : inggih punika KI ARTATI (karsa ingkang linangkung) nanging sareng sampun katitisaken, lajeng santun asma/paraban.
Sapa wruh araningwang,
Tegesipun : sinten ingkang mangertos sejatosing nami kita (kidung) wau.
Katranganipun : inking dipun parapi Arta Daya, Artati, punika wujudipun namung satunggal mboten sanes : inggih namung ingsun.
Pepindhanipun kados dene sesebutan sang NATA, inggih punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing sitinggil”SANG PRABU” punika ratu ingkang saweg jumeneng ing pandhapi “SRI NARENDRA” punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing kedhaton. Sesebutan tiga wau inggih ingkang dipun sebut inggih namung satunggal utawi anggadhahi teges ANERANGAKEN KUWAJIBANIPUN.
Kaping 11 :
Sapa weruh kembang tepus kaki,
Sasat weruh rek ke artadaya,
Tunggal pancer ing uripe,
Sapa wruh ing panuju,
Sasat sugih pagere wesi,
Rineksa wong sak jagad,
Kang angidung iku,
Lamun dipun apalna,
Kidung iku den tutug sedasa wengi,
Adoh panggawe ala.
Kawedharakensuraosipun makaten :
Sapa weruh kembang tepus kaki,
Tegesipun: sinten ingkang saget mangertos dhateng tepa sariro.
Katranganipun : tumindak ingkang kanti ukuran raosing kamanungsan.
Sasat weruh rek ke artadaya,
Tegesipun : prasasat saget sapatemon kaliyan sang guru jati piyambak.
Katranganipun : tumindak ingkang mawi tepo sariro punika asalipun saking daya pakartining sang guru Jati (ingsun).

Tunggal pancer ing uripe,
Tegesipun: manungsa sak jagad punika panceripun namung satunggal, inggih punika ingsun kang nglimputi kahanan jati.
Katranganipun : raosing manungsa punika sageta rik-tinarik satunggal kaliyan satunggalipun dados sami.
Sapa wruh ing panuju,
Tegesipun : sinten ingkang saget nuju kareping sanes.
Katranganipun : upami tiyang ungkang nami A katamuan tiyang nama B pun B wau anggenipun mara tamu namung lugu katarik saking sayahipun tuwin kalaib (kaluwen), amargi mentas saking kekesahan, ewodene mboten purun nembung punapa-punapa. Ingkang gadhah griya pun A mangertas dhateng pasemoning tamunipun, lajeng gita-gita anggenipun anyugata wedang, panganan tuwin sekul.
Pun B inggih lajeng ngrahapi lajeng katingal binger, rumaos nikmat sanget anggenipun dhahar, dados pasugatan wau katrimah sanget. B lajeng pamitan wangsul. Menggah pakartinipu A anggenipun anyugata mboten sarana ditembungi, sarta mboten amengku pamrih. Punika ingkang dipun wastani nuju kareping sanes, tuwin tumindak sanes-sanesipun ingkang sairib makaten wau.
Sasat sugih pagere wesi,
Ingkang makaten punika namung paribasan.

Dene katranganipun : tiyang ingkang sampun lebet luangipun, inggih punika tiyang ingkang tumindakipun kerep anyaeni dhateng ing sanes ingkang mboten amengku pamrih (tumindak kautaman) sak lampah-lampahipun mesti tansah jinangkung ing kaleresan. Dados penggalihipun tansah teteg kemawon.
Rineksa wong sak jagad,
Kang angidung iku,

Tegesipun : tiyang ingkang pangangen-angenipun wiji sae, sarta karsa tumindak kautaman punika uwohing pandamel sae wau, ing sakenggen-enggen tansah dipun tresnani ing sanes.
Lamun dipun apalna,
Tegesipun : manawi dipun apalaken.
Katranganipun : ingkang dipun apalaken punika pujian ingkang kawrat ing sekar angka 1.
Kidung iku den tutug sedasa wengi,
Tegesipun ing saben dalu angapalaken pujian wau.
Adoh panggawe ala.
Tegesipun : tebih saking /dhateng pandamel awon.
Katranganipun : saklampah-lampahipun saget sumingkir saking pandamel awon.
Kaping 12 :
Lawan rineksa dening hyang widi,
Sasedyane tineka dening hyang,
Kinedhep mring janwo akeh,
Kang maca kang angrungu,
Kang anurat miwah nyimpeni,
Yen ora bisa maca,
Simpenana iki,
Temah ayu kang sariro,
Yen linakon dinulur sasedyoneki,
Lan rineksa dene hyang.
Kawedaraken suraosipun makaten : Punapa malih sak lamapah-lampahipuntansanh jinangkung dening pangeran. Sarta saget dumugen punapa sedyanipun, tuwin linulutan ing sasami. Tumprap ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat tuwin ingkang ngrimati serat kidungan wau.
Anggadhahi sawab, saget amilujengaken badanipun, wondene menawi mboten saget maos, inggih karimata kemawon inggih sampun anggadhahi sawab wilujeng. Langkung-langkung bilih kersa anglampahi TARAK BROTO. Sawabipun saget sempulur anggening ngupajiwa, sarta tansah jinangkung dening pangeran.
Kaping 13 :
Kang sinedya tinekan hyang Widi,
Kang kinarsan dumadakan kena,
Tursinihan pangerane,
Najan tan weruh iku,
Lamun nedya muja semedi,
Sasaji ing sagara,
Dadya ngumbareku,
Dumadi sariro tunggal,
Tunggal jati swara awor ing artati,
Aran sekar jempina.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Kang sinedya tinekan hyang Widi,
Tegesipun : puapa ingkang dipun gayuh saget kadumugen.
Katranganipun : Ingkang dipun wastani penggayuh punika betahan ingkang kanggenipun ing kala mangsa.
Kang kinarsan dumadakan kena,
Tegesipun : inggih sampun dilalah kersanipun ing saben dinten kerep kalegan.
Tursinihan pangerane,
Tegesipun : Punapa malih ugi jinangkung ing pangeranipun.
Katranganipun : ingkang dipun wastani penggayuh punika kabetahan ingkang kanggenipun ing kala mangsa. Tumindak ingkang tansah kaleresan punika tegesipun saking berkahing pangeran.
Najan tan weruh iku,
Katranganipun : tiyang punika sanajan dereng mangertos gelaring ngelmi ( asal wijining manungsa).
Lamun nedya muja semedi,
Tegesipun : lamun niyat nindaaken muja semedi.
Katranganipun : seserepanipun wau namung mligi seserepan tumindak muja semedi.
Sasaji ing sagara,
Ingkang mekaten punika naming pasemon, dene katranganipun, jumenengipun hyang Pramana wonten ing betal makmur. Saget amikani alam Panca Maya.
Dadya ngumbareku,
Katranganipun : ingkang dipun wastani ngumbara punika lenggahing hyang pramana wonten ing Bental Mukaram. Ing wusana lajeng jumeneng ing Betal Makmur. Kadosanipun oncat saking palenggahan.
Dumadi sariro tunggal,
Katranganipun : melenging pramana kajumbuhaken kaliyan weninging karsa, gumeleng dados satunggal. Saget mahanani kabikaing raos lajeng katingalipun sang GURU JATI .
Tunggal jati swara awor ing artati,
Katranganipun : Sang Guru Jati wau inggih punika sang sabda sarta inggih karsa ingkang linangkung.
Aran sekar jempina.
Katranganipun : anedhahaken bilih sang guru jati punika kenging kawastanan sesekaring jampi ingkang mesti saget anyarasaken.
Kaping 14 :
Semahira ingaran senjari,
Melu urip lawan melu pejah,
Tan pisah ing saparane,
Pari purna satuhu,
Anirmala waluya jati,
Kena ing kene kana,
Ing wasananipun,
Ajejuluk adi suksma,
Cahya ening jumeneng ing artati,
Anom tan kena tuwa.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Semahira ingaran senjari,
Tegesipun : ingkang minangka kancuhanipun dipun wastani rahsa.. inggih punika rahsaning suksma.
Melu urip lawan melu pejah,
Tegesipun : rahsa punika inggih kangge nalika gesang utawi ugi kangge benjing nalika pejah.
Katranganipun : nalika gesang rahsa punika dados angertosan ingkang gaib-gaib. Wondene benjing manawi pejah, rahsa punika dados katetepanipun kayektosan. Dumunung ing rasa jati.
Tan pisah ing saparane,
Tegesipun : dados dhateng ing pundi kemawon rahsa wau ugi tumut boten pisah.
Pari purna satuhu,
Tegesipun : gesang ingkang tanpa sangsaya.
Katranganipun : tiyang ingkang tumindakipun kanthi landhesan raosing kamanungsan, punapa ngakunipun saget wilujeng.
Anirmala waluya jati,
Tegesipun : ing wusana saget suci utawi saras lair batosipun.
Kena ing kene kana,
Tegesipun : kapitadosan ingkang makaten wau kenging kangge gesang donya tuwin ing akir.
Ing wasananipun,
Ajejuluk adi suksma,

Tegesipun : dene kedadosanipun boten sanes inggih namung jumenengipun pribadi (sejatining ingsun).
Cahya ening jumeneng ing artati,
Tegesipun : ing alam ngriki ugi wonten cahyo wening kang katingal.
Anom tan kena tuwa.
Tegesipun : boten anem tuwin boten saget sepuh, namung langgeng kawontenanipun.
Kaping 15 :
Panunggale kawula lan gusti,
Nila ening arane duk gesang,
Duk mati nila arane,
Lan suksma ngumbareku,
Ing asmara mung raga yekti,
During darbe paparab,
Duk rarene iku,
Awayah bisa dedolanan,
Aran sang hyang jati Iya sang artati,
Yeku sang arta daya.
Kawedaraken suraosipun makaten :
Panunggale kawula lan gusti,
Tegesipun : inggih mekaten menika ingkang dipun wastani ngempale kawula-gusti.
Nila ening arane duk gesang,
Tegesipun : wekdal gesang wonten ing ndonya, tumprap kabikaing raos kaweningan punika mesthi saking pitulunganing cahya.
Duk mati nila arane,
Tegesipun : nanging manawi wonten ing jamane pejah mboten perlu dipun pitulungi dening cahya.
Lan suksma ngumbareku,
Katranganipun : ingkang katembungaken suksma ngumbara punika konosipun ingsun, inggih punika wujudipun satunggal saget angebaki jagad, ing pundi dunung kita ing griku wonten.
Ing asmara mung raga yekti,
Tegesipun : sejatosipun tumprap kaalusan, inggih punika ingkang mengkoni raga.
Katranganipun : ingsun punika ingkang dados guruning raga, tuwin pangeraning raga.
During darbe paparab,
Duk rarene iku,

Tegesipun, ingsun wau nalika wijining manungsa dereng katitisaken, ugi dereng anggadhahi paraban, amargi taksih nunggil kaliyan GUSTI ALLAH, dados ingkang wonten namung gesang pribadi.
Awayah bisa dedolanan,
Tegesipun : manawi sampun dumugi ing titi mangsanipun , ingsung wau katinggal dados lantaraning wiji. Bapa saweg anggadhahi karsa nitisaken wiji dhateng biyung.
Aran sang hyang jati Iya sang artati,
Yeku sang arta daya.

Tegesipun : saksampunipun wiji wau dumados ing guwa garbaning biyung ingsun wau kenging dipun wastani SANG YHANG JATI, sang ARTATI, arta tuwin daya, inggih punika wuninga karsa; daya.
Kaping 16 :
Dadya wisa mangkya amartani,
Lamun marta atemahan wisa,
Marma arta daya rane,
Duk lagya aneng gunung,
Ngalih aran asmara jati,
Wayah tumeking tuwa emut ibunipun,
Nyi Pancari lunga ngetan,
Ki Artati nurut gigiring Merapi,
Anulya mring sundara.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Dadya wisa mangkya amartani,
Lamun marta atemahan wisa,
Mara arta daya rane,

Tegesipun : milanipun asma karya utawi daya , punika tumprapipun gesang ing akir dados wisa.
Katranganipun : tujuawing tiyang pejah punika menawi mangerandhateng wujudipun ingsun, naminipun kesasar (dados wisa).
Mangkya amartani,
Tegesipun : tumprapipun gesang ing donya manawi mangeran dhateng daya punika gesangipun dados utami (dados marta). Kosok wangsulipun ingkang utami dados kesasar. Ingkang makaten punika sageto nata tumindakipun, sampun ngantos salah penampi utawi kerem.
Duk lagya aneng gunung,
Ngalih aran asmara jati,
Wayah tumeking tuwa emut ibunipun,

Tegesipun : Nalika wijining jabang bayi saweg dumados ing Betal Makmur asmanipun santun sang Hyang Jati, amargi bapa dereng anitisaken dhateng biyung.
Nyi Pancari lunga ngetan,
Katranganipun : rahsanipun lajeng jumeneng wonten ing BETAL MAKADAS inggih punika campuhing kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung) wijinipun lajeng dumunung ing maningkem.
Ki Artati nurut gigiring Merapi,
Ingkang dipun sanepaaken gigiring merapi punika ula-ula.
Katranganipun : redi Merapi punika redi latu miturut hakekating ngelmi latu punika erah.Dene lampahing erah ingkang punika medal ing ula-ula.
Pramila saksampunipun wiji tumitis ing biyung wonten saklebeting mani, madi, maningkem, rahsa ingsun lajeng lumampah minggah nurut ula-ula.
Anulya mring sundara.
Ingkang dipun sanepaaken sundara punika guwa garbaning biyung (wadah bebayi) dunungipun wonten ing tengah-tengah antawisipun Betal Mukadas kaliyan Betal Makmur. Mila wiji wau lajeng wadhag bayi.
Kaping 17 :
Ana pandhita akarya wangsit,
Mindha kumbang ngajab ing tawang,
Susuh angina ngendi nggone,
Lawan galihing kangkung,
Wekasane langit jaladri,
Isine wuluh wung wang,
Lan gigire panglu,
Tapaking kuntul anglayang,
Manuk miber uluke ngungkuli langit,
Kusuma jrah ing tawang.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana pandhita akarya wangsit,
Mindha kumbang ngajab ing tawang,

Ingkang makaten punika SU ALAN tegesipun cipta utawi budi.
Susuh angina ngendi nggone,
Pitakenan punika katranganipun jantung.
Lawan galihing kangkung,
Katranganipun Suksma.
Wekasane langit jaladri,
Katranganipun : soroting cahya sumrambah ing njawi tuwin ing lebeting sipat kita, dene wekasane jaladri katranganipun segara jinem (panca maya).
Isine wuluh wung wang,
Katranganipun Angen-angen.
Lan gigire panglu,
Katranganipun : dat ing pundi-pundi wonten.
Tapaking kuntul anglayang,
Katranganipun angen-angen.
Manuk miber uluke ngungkuli langit,
Katranganipun angen-angen.
Kusuma jrah ing tawang.
Katranganipun angen-angen.
Kaping 18 :
Ngambil banyu apikulan warih,
Kodhok ngemuli lenge,
Miwah kang banyu den kum,
Myang dahana murub kabesmi,
Bumi pinetak ingkang,
Wawono katiyub,
Tanggal pisan kapurnaman,
Yen anenun sentek pisan anigasi,
Kuda ngrap ing pandengan.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Ngambil banyu apikulan warih,
Katranganipun : raos inggih punika tiyang ingkang marsudi dhateng kaleresan kedah sampun pawitan sageta wening penggalihe.
Kodhok ngemuli lenge,
Katranganipun nyawa; inggih punika gesange raga saestunipun saking nyawa.
Miwah kang banyu den kum,
Katranganipun : katentreman inggih punika tiyang ingkang anggayuh dhateng katentreman kedah angempali guru-guru ingkang sampun sampurna ngelminipun.
Myang dahana murub kabesmi,
Katranganipun : kanepson inggih punika tiyang ingkang saget duka lajeng dipun aduli supados saya sanget.
Bumi pinetak ingkang,
Katranganipun : jisim kapendhem ing siti inggih punika dumadose anasir bumi mahanani raga.
Wawono katiyub,
Katranganipun : lebet wedaling napas punika katarik dening swasana.
Tanggal pisan kapurnaman,
Katranganipun : roh ilapi inggih punika kaweninganing manah punika manawi angsal pitulunganing roh ilapi. Lajeng sami sanalika, saget gadhah pangertosan ingkang linangkung.
Yen anenun sentek pisan anigasi,
Katranganipun : wenganing raos inggih punika suraosing raos ingkang wening punika saget ameca ingkang mesthi cocog tumrap badhe kedadosanipun.
Kuda ngrap ing pandengan,
Katranganipun : angen-angen.
Kaping 19 :
Ana kayu apurwa sawiji,
Wit buwana epang keblat papat,
Agodhong mego rumembe,
Aprada paku kuwung,
Kembang lintang salaga langit,
Semi andaru kilat,
Woh surya lan tengsu,
Asirat bun lawan udan,
Apapucak angkasa bungkah pratiwi,
Oyote bayu bajra.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana kayu apurwa sawiji,
Katranganipun : kayu sajaratul yakin.
Wit buwana epang keblat papat,
Katranganipun : jumenegipun suksma kaliyan raga, kanthi prabotipun sekawan inggih punika : kandha, warna, ambu, rasa.
Agodhong mego rumembe,
Katranganipun : dumununging napsu wonten ing badan sakojur.
Aprada paku kuwung,
Katranganipun : hyang Pramono.
Kembang lintang salaga langit,
Katranganipun : cahya ingkang alit-alit.
Semi andaru kilat,
Katranganipun : panunggilanipun cahya.
Woh surya lan tengsu,
Katranganipun : cahya ingkang ageng (roh ilapi tuwin lintang johar).
Asirat bun lawan udan,
Katranganipun : toya gesang, saget anggesangi raosing panca driya.
Apapucak angkasa bungkah pratiwi,
Katranganipun : kempaling jiwa tuwin raga saestunipun daya dinaya.
Oyote bayu bajra.
Katranganipun : napas punika dados tetangsuling raga.
Kaping 20 :
Wiwitane duk anemu candi,
Gegedhongan miwah mawarangkan,
Sih ing hyang kabesmi kabeh,
Tan ana jalma kang wruh,
Yen weruh apurwane dadi,
Candi sagara wetan,
Ing ngobar karuhun,
Kayangane sang tunggal,
Sapareke kang jumeneng mung artati,
Katon tengahing tawang.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Wiwitane duk anemu candi,
Ingkang dipun sanepaaken candhi punika sipat.
Katranganipun : anedhahaken purwaning dumadosipun manungsa punika wiwitanipun saweg awujud cahya wening kawastanan NUKAD GAIB; Tegesipun : wiji ingkang taksih samar.
Gegedhongan miwah mawarangkan,
Tegesipun : kadadosaning sipat punika asalipun saking golong-golongan, inggih punika : sipating kaalusan saking anasir sejati, dene sipating kuwadhagan saking anasir.
Sih ing hyang kabesmi kabeh,
Katranganipun : sedaya anasir wau sareng kataman soroting cahya nukad gaib, lajeng sami katarik urun daya mahanani sipat.
Tan ana jalma kang wruh,
Tegesipun : kedadosan ingkang makaten wau mboten wonten manungsa ingkang sumerep.
Yen weruh apurwane dadi,
Katranganipun : namung wonten seserepan dhateng purwaning dumados, punika dudununganipun namung pangertosan.
Candi sagara wetan,
Ingkang dipun upameaken makaten wau katranganipun surya.
Ing ngobar karuhun,
Kayangane sang tunggal,

Katranganipun : wiwitanipun wonten sipat inggih punika : anasir sejati wau kataman soroting cahyo nukad gaib, lajeng mahanani sipating kaalusan awujud cahya, kawastanan roh ilapi.
Sapareke kang jumeneng mung artati,
Tegesipun :sinten ingkang jumeneng ing cahya wau, sejatosipun mboten sanes inggih namung ingsun.
Katon tengahing tawang.
Tegesipun : saget katingal sarana netra kaalusan dumunung satengahing tawang.
Kaping 21 :
Gunung agung segara serandil,
Langit ingkang amengku buwana,
Kawruhana ing ngartine,
Gunung segara umung,
Guntur sirna amangku bumi,
Duk kang langit buwana,
Dadya weruh iki,
Mudya madyaning ngawiyat,
Mangasrama ing gunung agung sabumi,
Sandhi-candhi sagara.
Kawedaraken suraosipun makaten :
Gunung agung segara serandil,
Ingkang makaten punika namung bebasan.
Katranganipun : andahaken pamarsudi dhateng kawruh ingkang linangkung ingkang mboten kenging dipun saranani ngakal tuwin nalar, nanging kedah kagandengan kaliyan wahyu. Punika pancen ngrekaos sarta langkung ngrungil.
Langit ingkang amengku buwana,
Katranganipun : dununging kawruh kawicaksanan punika saget amengkoni sawarnaning kaperluan.
Kawruhana ing ngartine,
Tegesipun : sadaya wau mangertos saking tegesipun.
Gunung segara umung,
Katranganipun : ubaling pancadriya ingkang tansah angambra-ambra.
Guntur sirna amangku bumi,
Katranganipun : nyirep ubaling pancadriya sampun ngantos tuwuh gagasan sakedhik kemawon.
Duk kang langit buwana,
Katranganipun : sadaya wau kakukut dados satunggal, jagad agung ginulung ing jagad alit.
Dadya weruh iki,
Mudya madyaning ngawiyat,

Tegesipun : manawi mangertos dhateng ing nginggil wau nggih ugi ngertos dhateng lampahing mangesthi (muja semedi) wonten ing satelenging cipta. Lajeng saget anuwuhaken kanusing kaalusanipun.
Mangasrama ing gunung agung sabumi,
Katranganipun : Anedhahaken lenggahipun muja semedi punika kedah anjumenengaken wonten ing BENTAL MAKMUR.
Sandhi-candhi sagara.
Katranganipun : lajeng saget amikani kawontenaning alam : pancabaya ingkang isi wewujudanipun prabot kita ingkang dados bebegalan.
Kaping 22 :
Gunung luhure kagiri-giri,
Segara agung datan pasama,
Pan sampun kawruhan reke,
Arta daya puneku,
Datan kena cinakreng budi,
Nanging kang sampun prapta,
Ing kuasanipun,
Angadeg tengahing jagad wetan kulon lor kidul,
Mandhap myang nginggil,
Kapurba wasesa.
Kawedharaken katranganipun :
Gunung luhure kagiri-giri,
Segara agung datan pasama,
Pan sampun kawruhan reke,

Katranganipun : Sarehning sapunika sampun mangertosi tegesipun babasan : redi ingkang inggilipun anggegirisi, sarta seganten ingkang wiyar tanpa watesan.
Arta daya puneku,
Datan kena cinakreng budi,

Tegesipun : ingkang makaten wau anedhahaken panguaosipun sang arta daya (guru jati) boten kenging pinurba ing manungsa.
Katranganipun : Dumadosing lelampahaning manungsa punika sadaya, kapurba dening sang guru jati. Dados paguaosipun sang guru jati wau mboten wonten ingkang nandingi agengipun .
Nanging kang sampun prapta,
Tegesipun : nanging manawi tumprap tiyang ingkang sampun aged dumugi ing ngayunanipun guru jati wau, (sapatemon).
Ing kuasanipun,
Tegesipun : anggadhahi daya pangertosan ingkang linangkung.
Angadeg tengahing jagad,
Katranganipun : tekatipun mboten ela-elu, sarta mboten gugon tuhon : nanging sampun gadhah katetepaning kawruh ingkang tumuju ing kaleresan.
Wetan kulon lor kidul,
Mandhap myang nginggil,
Kapurba wasesa.

Katranganipun : dados tumindaking tiyang wau, anggening badhe lumampah ngetan, ngaler, ngilen, ngidul , mandhap tuwin manginggil, naming nuruti sakkarsanipun piyambak. Nanging karsanipun wau sampun dados paugeran ingkang leres, inggih punika wewaton dhawuhing sang guru jati.
Kaping 23 :
Bumi gunung segara myang kali,
Sagung ingkang sesining bawana,
Kasor ing arta dayane,
Sagara sat kang gunung,
Guntur sirna guwa samya ning,
Singa wruh arta daya,
Dadya teguh timbul,
Lan dadi paliyas ing prang,
Yen lelungan kang kapapag widi asih,
Sato galak suminggah.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Bumi gunung segara myang kali,
Sagung ingkang sesining bawana,

Tegesipun : menggah daya pigunanipun ; bumi, redi, seganten, lepen tuwin sedaya isen-isening bawana.
Kasor ing arta dayane,
Tegesipun :Sedaya wau pangupaosipun kawon kalian SANG GURU JATI.
Katranganipun : sedaya para titah wau wontenipun saget anggadhahi daya katarik saking kaprabawan daya pangupaosing pun Sang Guru Jati.
Sagara sat kang gunung,
Ingkang makaten punika bebasan.
Katranganipun : Sirnaning panca maya.
Guntur sirna guwa samya ning,
Katranganipun : kedah gegandhengan saget anyirep sekathahing suwanten sarana nutupi babahan hawa sanga punika sedaya ugi saking daya panguasosipun Sang Guru Jati.
Singa wruh arta daya,
Tegesipun : pramila sinten ingkang saged sapatemon sang Guru Jati.
Dadya teguh timbul,
Tegesipun : saget wiyono tanpa japa mantra.
Lan dadi paliyas ing prang,
Tegesipun : tuwin ugi saget dados sarono panulaking supados mboten wonten paprangan .
Yen lelungan kang kapapag widi asih,
Tegesipun : manawi ngleresi kekesahan sinten ingkang kepethuk sami rumaos ering utawi welas.
Sato galak suminggah.
Tegesipun : upami ingkang kepethuk wau sato galak inggih lajeng sumingkir tiyambak. Jim peri perayangan padha wedi.
Kaping 24 :
Mendhak asih sakehing drubiksa,
Rumeksa siyang dalune,
Singa anempuh lumpuh,
Tan tumama ing awak mami,
Kang nedya tan raharja,
Kabeh pan lebur,
Sakehing nedya ala,
Larut sirna kang nedya becik basuki,
Kang sinedya waluya.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Upami kepethuk jim peri perayangan inggih rumaos ajrih piyambak punapa malih sakathahing dubriksa, sami mendhak piyambak utawi rumaos welas, dados malah reumeksa sak rinten dalunipun, temahipun lumpuh piyambak, mboten saget tumama ing badan kita. Ingkang ngarah amrih pejah kita sadaya sampun dipun lebur dening pangeran. Sak kathahing tiyang ingkang semedya mandamel awon,sedaya ugi kasirnaaken.Namung ingkang sumedya sae saget lestari, amargi ketarik saking adheping penggalih namung dhateng kawilujengan.
Kaping 25 :
Siang dalu rumeksa ing widhi,
Dinulur saking karseng hyang sukma,
Kaidhep ing janma akeh,
ran wikuning wiku,
Wikan liring muja semedi,
Dadi sasedyanira,
Mangunah linuhung,
Peparap hyang Tega Lana,
Kang kasempen yen tuwajuh,
Jroning ngati,
Kalis ing panca baya.
Kawedaraken suraosipun makaten :
Siang dalu rumeksa ing widhi,
Tegesipun : salampah-lampahipun siyang tuwin dalu tansanh jinangkung dening pangeran. Katranganipun : Tansah dhumawah ing kaleresan.
Dinulur saking karseng hyang sukma,
Tegesipun : pagesanganipun saget sempulur saking berkahing pangeran.
Kaidhep ing janma akeh,
Tegesipun : linulutan ing janmo akeh (sesame).
Aran wikuning wiku,
Tegesipun : Ingkang kadunungan daya kados makaten punika kinging kawastanan guruning para guru.
Wikan liring muja semedi,
Tegesipun : Amargi saget mangertos tuwin saget nindakaken trapipun muja semedi. Katranganipun : Sampun saget gambuh tuwin wicksana saestu.
Dadi sasedyanira,
Tegesipun : punapa ingkang sakersanipun saget kadadosan.
Katranganipun : Karsanipun tiyang ingkang sampun anggadhahi ngelmi punika mboten badhe nguja hawa kamurka- murkanipun. Nanging sampun saget anglenggahaken ingkang dados pramesthiyanipun.
Mangunah linuhung,
Tegesipun : tuwin saget andhatengaken mangunah ingkang utami inggih punika anggening tetulung dhateng sesami mboten amengku pamrih ing wusana ingkang dipun tulungi sarehning sampun legan penggalihipun lajeng nyaosi bebingah saking kersaning piyambak.
Peparap hyang Tega Lana,
Tegesipun : Tiyang wau kenging sinebat hyang Tega Lana.
Katranganipun : sepisan, tiyang wau dedasaring penggalih tegan utawi iklas dhateng kadonyanipun. Kaping kalih, penggalihipun jujur tuwin tulus , mila ngantos paraban hyang Tega Lana.
Kang kasempen yen tuwajuh,
Jroning ngati,

Tegesipun : Tiyang ingkang Aggadhahi ngelmi ingkang makaten wau manawi tekadipun saget tumemen ingsalaminipun.
Kalis ing panca baya.
Tegesipun : Saget pinaringan linepataken ing pakewet.
Kaping 26 :
Yen kinarya atunggu wong sakit,
Ejim setan datan wani ngambah,
Rineksa malaekate,
Nabi wali angepung,
Sakeh lara padha sumingkir,
Ingkang sedya mitenah,
Marang awakingsun,
Rinusak dening pangeran,
Eblis la’nak sato mara mara mati,
Tumpes tapis sadaya.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Yen kinarya atunggu wong sakit,
Tegesipun : menawi kangge anenggani tiyang sakit.
Katranganipun : tiyang ingkang gadhah ngelmi wau salebetipun anenggani tiyang sakit kanthi amatrapaken semedi.
Ejim setan datan wani ngambah,
Tegesipun : Anggadhahi daya ejim setan lajeng boten purun ngambah ing griku.
Rineksa malaekate,
Tegesipun : Amargi dipun reksa dening malaekatipun.
Nabi wali angepung,
Tegesipun : Nabi Wali punika minangka sanepaning prabot kita piyambak, dados sedaya prabot kita sami sayuk rumaket rumeksa.
Sakeh lara padha sumingkir,
Tegesipun : Sesakitipun wau lajeng sami sumingkir sadaya.
Katranganipun : Katarik tiyang ingkang saget gambuh dhateng Gaib wau, ing wusana saget gampil angsal jampinipun.
Ingkang sedya mitenah,
Marang awakingsun,

Tegesipun : Ingkang sumedya mitenah dhateng badanipun ingkang sakit wau .
Rinusak dening pangeran,
Tegesipun : Lajeng dipun lebur dening pangeran.
Eblis la’nak sato mara mara mati,
Tumpes tapis sadaya.

Ingkang makaten punika namung paribasan.
Katranganipun : saking agenging dayanipun Gaib saget keneringan sagunging titah wusana saget teguh tuwin rahayu.
Kaping 27 :
Ana kidung angidung ing wengi,
Bebaratan duk ampreh winaca,
Sang hyang Guru pangadeke,
Lumaku sang Hyang Ayu,
Alembehan asmara ening,
Ngadek pangawak teja,
Kang angidung iku,
Yen kinarya angawula,
Myang lelungan gusti gething dadi asih,
Sato setan sumimpang.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana kidung angidung ing wengi,
Tegesipun : Wonten puji ingkang katindaken ing wanci dalu.
Bebaratan duk ampreh winaca,
Tegesipun : Tumindak salat daim.
Katranganipun : Netra merem liyep-liyep adheping penggalih mungel : HU-ALLAH. Kanthi katurutaken lampahing napas ingkang malebet, tuwin medal saking grono ingkang ajeg.
Sang hyang Guru pangadeke,
Lumaku sang Hyang Ayu,

Katranganipun : Gagasaning angen-angen sampun ngantos ngambyang-ambyang.
Alembehan asmara ening,
Katranganipun : Melenging cipta sarana eneng ening.
Ngadek pangawak teja,
Tegesipun : Patraping sariro jumeneng jejeg kados dene teja.
Kang angidung iku,
Tegesipun : ingkang nglampahi muji wau.
Yen kinarya angawula,
Tegesipun : Sasampunipun tumindak makaten wau ing saben dalu manawi kangge ngabdi.
Myang lelungan gusti gething dadi asih,
Sato setan sumimpang,

Tegesipun : menawi kesah utawi ngabdi bendoro gething dados asih utawi manawi kapethuk sato tuwin setan sedaya wau sami sumingkir tiyambak.
Kaping 28 :
Sakathahing upas tawa sami,
Lara raga waluya nirmala,
Tulak tanggul kang manggawe,
Duduk samya kawangsul,
Akawuryan sagunging sikir,
Ngadam makmum sadaya,
Datan paja ngrungu,
Pangucap lawan pangrasa,
Myang tumingal kang sedya,
Tumekeng napi,
Pangreksaning malekat.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Sakathahing upas tawa sami,
Tegesipun sadaya upas upasan ingkang angengenani ing sariro sami tawar.
Lara raga waluya nirmala,
Tegesipun sesakiting sariro tumunten saras kados ing wingi uni malih.
Tulak tanggul kang manggawe,
Tegesipun : amargi sampun dipun tulak utawi sampun mawi pager mila sesakitipun lajeng wangsul dhateng asalipun ingkang mendamel.
Katranganipun : Tiyang ingkang gadhah ngelmi punika kenging kawastanan sariranipun sampun dipun pageri. Mila sinten ingkang sumedya ngawoni lajeng wangsul wonten ing margi.
Duduk samya kawangsul,
Tegesipun : upami dipun tuju duduk dening sanes ugi mboten saget dumugi nanging malah wangsul dateng ingkang ndamel.
Akawuryan sagunging sikir,
Tegesipun : upami wonten tiyang ingkang nanduaken ngelmunipun sikir (sulap) lajeng mboten saget dados (cabar) amargi kawon daya.
Ngadam makmum sadaya,
Datan paja ngrungu,
Pangucap lawan pangrasa,
Myang tumingal kang sedya,
Tumekeng napi,

Tegesipun : sedaya tiyang ingkang ngangge ngelmi ngadam makdum, kadosta donga, puji, raos pangraos, tuwin ingkang ngempalaken ciptanipun, sedaya wau lajeng mboten paja-paja mangertos (ciptanipun mboten dados).
Pangreksaning malekat.
Tegesipun : daya ingkng ageng wau inggih punika wujuding pangreksanipun malaekat (pagering badan).
Kaping 29 :
Jabarail ingkang animbangi,
Milanira katetepan iman,
Pan dadya kendel atine,
Ngijrail punika,
Kang rumeksa ing ati suci,
Israfil dadi damar,
Madhangi jro kalbu,
Mikail kanga sung sandang,
Lawan pangan tinekan ingkang kinapti,
Sabar lawan narimo.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Jabarail ingkang animbangi,
Tegesipun : kejawi kaparingan daya saking panguaosanipun sang guru Jati malaikat Jabarail ugi animbangi paring daya.
Milanira katetepan iman,
Tegesipun : milanira tiyang wau saget kadunungan iman.
Katranganipun : Penggalihipun tansah enget dhateng kaweningan.
Pan dadya kendel atine,
Tegsipun : ing wusana tekadipun lajeng dados santosa.
Ngijrail punika,
Kang rumeksa ing ati suci,

Tegesipun : Sucining penggalihipun wau katarik dipun reksa dening ngijroil.
Israfil dadi damar,
Madhangi jro kalbu,

Tegesipun : Isrofil ingkang dados damaripun amadhangi salebeting penggalih.
Mikail kanga sung sandang,
Lawan pangan tinekan ingkang kinapti,

Tegesipun : tuwin mikail ingkang paring sandhang tedha sarta saget andhatengaken punapa ing karsanipun.
Sabar lawan narimo,
Tegesipun : Nanging dedadosing penggalih kedah narimahan sarta sabar.
Kaping 30 :
Yahu datyeng pamujining wengi,
Bale alas sesakaning mulya,
Kiran saka tengen nggone,
Wana kerun kang tunggu,
Saka kiwa gadane wesi,
Nulak panggawe ala,
Satru lawan mungsuh,
Pangeretenga julriyal,
Ander-ander kulhu balik linuwih,
Ambalik lara raga.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Yahu datyeng pamujining wengi,
Tegesipun : Ya, punika Muhammad, HU,: punika urip,Datyeng Punika Allah. Dados sarananipun manawi dalu kanti amuji : YA, HU, ALLAH.
Katranganipun : salat daim. Nanging manawi tumprap ing Kalijagan, mawi dipun tambahi Ya.
Bale alas sesakaning mulya,
Tegesipun : Anggening muji shalat Daim wau, kanthi angawasaken pucuking grana, sarta anggumelengaken lebet wedaling napas, inggih punika tujuan ingkang mulya.
Kiran saka tengen nggone,
Tegesipun : Malaekat Kirun, manggen ing bolongan grana ingkang sisih tengen.
Wana kerun kang tunggu,
Saka kiwa gadane wesi,

Tegesipun : dene Wana Kirun ingkang rumeksa ing bolongan grana sisih kiwa. Kanthi amundhi gada tosan katranganipu : godo tosan punika ing sejatosipun namung awujud daya.
Nulak panggawe ala,
Tegesipun : Panguaosing wana kirun wau, anulak pandamel ingkang sumedya ngawoni.
Satru lawan mungsuh,
Tegesipun : punapa malih satru tuwin mungsuh.
Pangeretenga julriyal,
Ingkang makaten menika sanepo,

Katranganipun : Lampahing Sholat Daim wau, mawi gandhengan lampahing nupus, inggih punika angin ingkang anjok ing netra.
Ander-ander kulhu balik linuwih,
Katranganipun : Ingkang dipun sanepaaken ander-ander punika Githok. Dados malebeting angin ing grana manawi sampun dumugi ing tenggok lajeng kaputera manginggil anjogipun dhateng ing netra wau. Makaten wau wongsal-wangsul, inggih punika puji ingkang linangkung.
Ambalik lara raga.
Tegesipun : saget amangsulaken sesakiting badan.
Kaping 31 :
Dudur molo teng ayatul kursi,
Lungguh ing surat ngam-ngam,
Pangleburan lara kabeh,
Usuk-usuk ing luhur,
Ingkang aran wesi ngalarik,
Nenggih nabi Muhammad,
Kang wekasan iku,
Atunggu ratri lan siang,
Kenedhepan ingtumuwuh padha asih,
Tundhuk mendhak marang wang.
Kawedharaken suraosipun makten :
Dudur molo teng ayatul kursi,
Ingkang makaten punika sanepan.
Katranganipun : Anedhahaken palenggahan ing ngaras kursi utawi Bental Makmur. Dados perlu kajumenengaken ing griki.
Lungguh ing surat ngam-ngam,
Katranganipun : Ingkang anggadhahi panguaos ageng wau lenggahipun wonten salebeting jantung.
Pangleburan lara kabeh,
Tegesipun : dayanipun saget dados panulaking sadaya sakit.
Usuk-usuk ing luhur,
Katranganipun : Rencana ingkang dumunung ing nginggil ingging menika ubaling panca driya.
Ingkang aran wesi ngalarik,
Katranganipun : menika dipun wastani sak golongan dumunung ing angen-angen.
Nenggih nabi Muhammad,
Katranganipun : miturut hakekating ngelmi : CAHYA.
Kang wekasan iku,
Tegesipun : Cahya wau ingkang saget amungkasi sakathahing rencana.
Atunggu ratri lan siang,
Tegesipun : kauwajibanipun reumeksa ing siang dalu.
Kenedhepan ingtumuwuh padha asih,
Tegesipun : Anggadhahi daya dipun luluti sagunging tumuwuh padha welas asih.
Tundhuk mendhak marang wang.
Tegesipun : sami ruamaos ering utawi ajrih dhateng kita.
Kaping 32 :
Satru mungsuh mundur padha wedi,
Sami dhanganeng betal mukadas,
Tulak balik pangreksane,
Pan nabi patang puluh,
Paring wahyu mring awak mami,
Apan nabi wekasan,
Sabda nabi Dawud,
Apetak Bagendha ambyah,
Kenaweden belis laknat lawan ejim,
Tan ana wani perak.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Satru mungsuh mundur padha wedi,
Tegesipun : inggih punika satru tuwin mengsah sami mundur rumaos ajrih.
Sami dhanganeng betal mukadas,
Tegesipun : Punapa malih manawi kita anjumenengaken wonten ing bental mikadas.
Tulak balik pangreksane,
Tegesipun : Ugi rumeksa anulak dhateng satru tuwin mengsah wau sami wangsul piyambak.
Pan nabi patang puluh,
Katranganipun : Ingkang katembungaken nabi punika sanepanipun prabot kita piyambak inggih punika anasir 4 prakawis.
Paring wahyu mring awak mami,
Katranganipun : sami urun daya mahanani wujuding sariro saprabotipun.
Apan nabi wekasan,
Tegesipun : Nambi Muhammad.
Katranganipun : Cahyo ingkang rumuhun piyambak punika dados kekandhanganing wijinipun manungsa.
Sabda nabi Dawud,
Tegesipun : Sabda ingkang luhur punika dipun sanepaaken Nabi Dawud
Katranganipun : Sabda KUN.
Apetak Bagendha ambyah,
Katranganipun : Anedhahaken agenging panguaosipun sang sabda kun saget angrampungi ing dame inggih punika saget amardeng titah namung sarana sabda kemawon.
Kinaweden belis laknat lawan ejim,
Katranganipun : Pakaryanipun sang sabda wau mesti dadosipun.
Tan ana wani perak.
Tegesipun : Sedaya wau mboten wonten ingkang wani celak.
Katranganipun : Kawon daya prabowo.
Kaping 33 :
Pepayone godhong dhukut langit,
Tali barat kumendhung ing tawang,
Tinundha tan katon mangke,
Arajek gunung sewu,
Jala sutra ing luhur mami,
Kabeh padha rumeksa,
Angadhangi mungsuh,
Anulak panggawe ala,
Lara roga sumingkir kalangkung tebih,
Luput kang wisa guna.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Pepayone godhong dhukut langit,
Tegesipun : Ingkang makaten punika ibarate ngelmi anedhahaken dumadosing anasir sejati. Inggih punika : SURYA, CANDRA, TUWIN, KARTIKA.
Tali barat kumendhung ing tawang,
Katranganipun : Swasana.
Tinundha tan katon mangke,
Tegesipun : Anasir wau namung kapendhet sarinipun kemawon, dados boten katingal wujudipun lugunipun, nangin sampun santun warni wujud cahya.
Arajek gunung sewu,
Tegesipun : Anedhahaken santosaning kedadosan (santosaning piyandel).
Jala sutra ing luhur mami Kabeh padha rumeksa,
Tegesipun : Sadaya wau sami rumeksa ing kawilujengan.
Angadhangi mungsuh,
Tegesipun : ingkang nulak manawi wonten mengsah andhatengi.
Anulak panggawe ala,
Tegesipun : utawi anulak ingkang sumedya mendamel awon.
Lara roga sumingkir kalangkung tebih,
Tegesipun : tumpraping sesakit ingkang tumuju dhateng sariro sami sumingkir tebih.
Luput kang wisa guna.
Tegesipun : Sanajan dipun gunani ing japa mantra tuwin kenging wisa, inggih mboten saget tumama.
Kaping 34 :
Gunung sewu dadya pager mami,
Katon murub kang samya tumingal,
Sakeh lara sirna kabeh,
Luputing tuju teluh,
Taragyana tenung jalengki,
Bubar ambyar suminggah,
Sri sadana lulut,
Punika sih rahmatullah,
Rahmat jati jumeneng wali jasmani,
Iya sang jati mulya.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Santosaning piyandel kala wau kaupamaaken kados dene gadhah pager gunung sewu. Sinten ingkang mirsani dhateng kita katingal murub. Sakathahing sesakit sirna sadaya, sarta linepataken saking ing tuju, teluh, taragyana, tenung, jalengki (bangsaning brekasakan). Sami minger andhelik ing panggenanipun piyambak-piyambak. Namung Sri Sadana (lampahing sandhang tedha) ingkang sih lulut menggah ingkang mekaten punika tegesipun : namung sih rahmatullah inggih rahmat jati. Punika ingkang sejatosipun ingkang jumeneng Pangeraning Raga inggih peparab SANG JATI MULYA.
Kaping 35 :
Ingaranan Rara Subaningsih,
Katumingal samya sih sedaya,
Kedhep sapari polahe,
Ken lara sirna larut,
Tan tumama ing awak mami,
Kang sangar dadi tawar,
Kang gething sih lulut,
Saking dhawuh sipat rahman,
Iya rahmad rahayu rineksa neki,
Sarana kangge methak.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Inggih punika dipun wastani Rara Subangsih (samading Pangeran) sinten ingkang mirsani sami asih sadaya.Satindak-tandukipun dipun remeni ingakathah.
Kathah sakit sami sirna larut, boten saget tumama ing badan kita.
Siti ingkang sangar dados tawar, sinten ingkang gething dados tresna.
Sedaya wau katarik saking daya sabda pangandikaning ingkang sipat Rahman (langgeng).
Inggih sipat Rohmad ingkang rumeksa dhateng karahayon.
Sinten ingkang kepengin kadunungan daya ingkang makaten wau, sarananipun anglampahi methak.
Kaping 36 :
Yen lumampah kang mulat awing wring,
Singa barong kang padha rumeksa,
Gajah meta neng wurine,
Macan gembong ing ngayun,
Naga raja ing kanan kering,
Singa mulat jrih tresna,
Jim setan lawan manusa,
Padha kedhep teluh lawan hantu bumi,
Ajrih lumayu ngindhar.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Manawi angleresi lumampah ingkang mirsa rumaos giris. Bebasanipun singa barong sami rumeksa, gajah ingkang saweg ngamuk ingkang rumeksa ing wingking, sima gembong ing ngajeng. Rajane sawer ingkang wonten ing kiwa tengen.
Dados sinten ingkang mirsa dhateng kita rumaos ajrih kaliyan tresna.
Jim setan, sesamining tiyang sedaya sami kedhep,paneluhan tuwin hantu bumi sami lumajeng sipat kuping.
Kaping 37 :
Yen sumimpen tawa barang kalir,
Upas bruwang racun banjur sirna,
Temak kalis sabarang reh,
Jemparing towok putung,
Pan angleyang tumibeng siti,
Miwah saliring braja,
Tan tumama mring sun,
Cendhak cupet dawa tuna,
Miwah sambaing setan tenung padha bali,
Kedhep wedi maring wang.
Kawedaraken suraosipun makaten :
Tumprap ingkang anggadhahi ngelmi wau, sanadyan mboten kaesthi, ugi sampun anggadhahi daya tawa sakaliring upas, racun trawang sedaya sami sirna wisanipun. Ing wusana saget kalis dhateng samukawis sipat damel.
Upami dipun jemparing, dipun towok, sami putung lajeng sami angleyang dhawah ing siti. Tuwin sakkathahing dedamel boten tumama dhateng badhan kita .
Ingkang dedamelipun celak cupet, ingkang panjang mboten dumugi, tuwin tumprap setan, tenung sami wangsul piyambak. Sami rumaos ajrih asih dhateng kita.
Kaping 38 :
Ana peksi mangku bumi langit,
Manuk iku indah warnanira,
Sagoro erob wastane,
Uripe manuk iku,
Amimbuhi ing jagad iki,
Warnanipun sekawan,
Sikile wawolu,
Kulite iku sarengat,
Getihipun tarekat ingkang sejati,
Ototipun hakekat.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana peksi mangku bumi langit,
Ingkang ngaten menika sualaning ngelmi,

Katranganipun : Ingsun : inggih punika panguaosipun amurba bumi tuwin langit.
Manuk iku indah warnanira,
Katranganipun : Wujuding cahya nukat Gaib (wiji ingkang samar).
Sagoro erob wastane,
Katranganipun : Dumunung ing jagad sunya ruri.
Uripe manuk iku, Amimbuhi ing jagad iki,
Katranganipun : Ingsun wau gesangipun saged murakabi ing jagad sak isinipun sadaya.
Warnanipun sekawan,
Katranganipun Anasir 4 prakawis ingkang minangka embanan.
Sikile wawolu,
Katranganipun : Roh ilapi punika, Anggadhahi sorot 8 prekawis ingih punika : Cahya :1. cemeng,2. abrit, 3. Jene, 4. pethak, 5. ijem. 6. ijem nem, 7. jambon, 8. wungu.
Kulite iku sarengat,
Katranganipun : Anedhahaken praboting ngelmi kedah mawi sarengat (tumindak raga).
Getihipun tarekat ingkang sejati,
Katranganipun : praboting ngelmi kedah mawi tarekat (lampahinh manah).
Ototipun hakekat,
Katranganipun : praboting ngelmi kedah mawi tarekat (lampahinh jiwa).
Kaping 39 :
Dagingipun makripat sejati,
Cucukipun sejatining sadad,
Eledan tokid wastane,
Ana dene kang manuk,
Pupusuhe supiyah nenggih,
Amperune amarah,
Mutmainah jantung,
Luamah wadhuke ika,
Manuk iku anyawa papat winilis,
Nenggih manuk punika.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Dagingipun makripat sejati,
Katranganipun : Praboting ngelmi kedah mawi makripat (lampahing raos).
Cucukipun sejatining sadad,
Katranganipun : Kapitadosanipun panggalih angesthi kempaling kawula-gusti.
Eledan tokid wastane,
Katranganipun : Dedasaring tekatipun mawi tokid.
Ana dene kang manuk,
Pupusuhe supiyah nenggih,

Katranganipun : Wondene praboting manungsa ; hawa nepsu.
1. panggenanipun ing limpa.
Amperune amarah.
Katranganipun :
2. Amarah : pamanggenipun ing rempelo.
Mutmainah jantung.
Katranganipun :
3. Mutmainah : pamanggenipun ing ginjel.
Luamah wadhuke ika.
Katranganipun :
4. Aluamah : Pamanggenipun ing wadhuk.
Manuk iku anyawa papat winilis,
Nenggih manuk punika.

Katranganipun : Manungsa punika anggadhahi roh 4 perkawis inggih punika : 1. Roh Jasmani, 2. Roh Nurani, 3. Roh Nabati, 4. Roh Hewani.
Kaping 40 :
Uninipun Jabarail singgih,
Socanipun punika kumala,
Anetra wulan srengege,
Napas Nurani iku,
Grananipun tursina nenggih,
Angaup soring aras,
Karma kalihipun,
Ing gunung arpat punika,
Uluwiyah ingloh kalam wastaneki,
Ing gunng manik maya.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Uninipun Jabarail singgih,
Katranganipun : Manungsa punika pangandikanipun ingkang rumeksa Jabarail.
Socanipun punika kumala,
Katranganipun : Manikipun manik kumala inggih punika jumenengipun sang guru jati.
Anetra wulan srengege,
Katranganipun : Ingkang jumeneng wonten ing netra punika cahya Nur Muhammad.
Napas Nurani iku,
Katranganipun : Roh nurani punika pamanggenipun ing napas.
Grananipun tursina nenggih,
Tegesipun : Grana punika ibaratipun gunung Tursina.
Angaup soring aras,
Tegesipun : Dumunung sangandhaping pangarasan.
Karma kalihipun,
Ing gunung arpat punika,

Katranganipun : Karna kalih punika ibaratipun redi Arpat.
Uluwiyah ingloh kalam wastaneki,
Ing gunng manik maya.

Katranganipun : Uluwiyah punika papan wiyar ingkang padhang, ingkang jumeneng kawastanan ingsun.
Kaping 41 :
Ana kidung akadang premadi,
Among tuwuh ing kawasanira,
Nganakaken sakciptane,
Kakang kawah punika,
Kang rumeksa ing wak mami,
Anekaaken sedya,
Ing kawasanipun,
Adhi ari-ari,
Kang mayungi ing laku kawasaneki,
Anekaaken pangarah.
Kawedharaken suraosipun makaten:
Wonten puji tumprap dhateng sedherek kita piyambak. Menggah kuawajibanipun amomong dhateng gesang kita. Inggih punika ingkang saget angawontenipun sacipta kita.
Kadosta : Kakang kawah punika ingkang rumeksa ing badan kita. Anggadhahi panguaos saget andhatengaken ing karsanipun. Adhi ari-ari punika kuaosipun angayomi ing salampah-lampah kita, saget andhatengaken ing panggayuh kita.
Kaping 42 :
Punang getih ing raina,
Ngrerewangi Allah kang kuwasa,
Andadeaken kersane,
Puser kawasanipun,
Nguyu-uyu sabawa mami,
Nuruti ing panedha,
Kawasani reku,
Jangkep kadangingsun papat,
Kalimane pancer wus dadi sawiji,
Tunggal sawujuding wang.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Dene tumprap erah, atas kuasanipun Gusti Allah, ing sarinten dalunipun angrerencangi andadosaken punapa ingkang sakersanipun. Tumprap puser kuasanipun nguyun-uyun ing sak solah bawa kita, inggih punika anuruti ing panyuwun kita. Sampun jangkep panguasanipun sedherek kita sekawan. Jangkepipun gangsal dumunung ing pancer sampun dados satunggal kempal kaliyan wujud kita.
Kaping 43 :
Yeku kadangingsun kang umijil,
Saking marga ina sareng samya,
Sadina awor enggone,
Sakawan kadangingsun,
Ingkang ora umijil saking,
Marga ina punika,
Kumpule lan ingsun,
Dadya makdum sarpin sira,
Wewayangan ing dad samya dadya kanthi,
Saparan datan pisah.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Sederek kita ingkang sekawan, inggih punika : ingkang lair sareng sedinten saking ing marga ina (Baga). Wondene ingkang mboten medal ing marga ina piyambakipun dados makdum sarpin. Jumenengipun dados wewayangan kita, sedaya wau saget dados rencang, dhateng pundi purug kita mboten pisah.
Kaping 44 :
Yen angidung poma den memetri,
Memule sega golong lima,
Takir ponthang wewadhahe,
Ulam-ulamanipun,
Ulam Tasik rawa lan kali,
Ping pat iwak bengawan,
Mawa gantal ku,
Rong supit binungkus samya,
Apan dadi nyawungkus arta sadhuwit,
Sawungkuse punika.
Kaping 45 :
Tumpangnya neng ponthangnya,
Dadya limang wungkus semi ponthang lima,
Simung sekar cempakane,
Loro saponthangipun,
Kembang boreh dupa ywa lali,
Memetri ujub ira,
Donganira Mahmud,
Poma dipun lakonana,
Saben dina nuju kelairan neki,
Agung sawabe ika.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Sinten ingkang nindaaken pujian angesti dhateng sedherekipun piyambak wau, manawi ngleresi dinten tingalanipun, mugi damel kawilujengan, memetri utawi amemule sekul golong gangsal jodho dipun wadhahi takir ponthang dados gangsal takir. Dene ulam-ulamipun, ulam loh ingkang wedalan : Tasik, lepen,tuwin bengawan. Sarta mawi sekar gantal kalih supit dipun wungkusi dados gangsal. Ing sawungkusipun dipun sukani arta sabribil, lajeng katumpangaken ing takir pontang wau. Tuwin malih dipun sukani sekar cempaka. Mugi sami dipun lampahono ageng sawabipun.
Kaping 46 :
Balik lamun nora den lakoni,
Kadangira pan padha ngrencana,
Temah ura sak ciptane,
Sasedyanira wurung,
Lawan luput sak ngarah neki,
Akarepira wigar,
Gagar datan antuk,
Saking kurang temenira,
Madhep laku iku den awas den eling,
Tamat ingkang kidungan.
Kawedharaken suraosipun makaten :
Kosok wangsulipun manawi mboten dipun lampahi wilujengan wau, sedherek gangsal lajeng angrencana.
Amargi mboten dipun sumerapi inggih punika saget kedadosan pikiranipun lajeng ura mboten kanten-kantenan. Ing wusana punapa ingkang dipun gayuh lepat, tuwin punapa kersanipun wigar, mboten saget dumugen.
Menggah kedadosan ingkang makaten wau namung saking kirang temenipun dating piwulang. Mila ngagesang wajib madhep manteb dhateng lampah, nanging kedah kanthi lampah awas tuwin enget.
Dugi samanten sampun tamat ingkang kawastanan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar